Nama
kelompok :
Anita
marisaha (06)
Arindah Suci
W (13)
Dantika O (20)
Dimas N (27)
Eka Puryanti (34)
misteri
wit angker mburi sekolah
babak
1:
Diceritakaken,
ing salah siji dhusun jenenge Dhusun Suka Duka, ana siji
sekolah
kang nduwe jeneng SMK Maju Mundur. Sekolah kasebut iku sisji-
sijine
SMK kang ana ing daerah kasebut.
Ing
salah sawijining isuk, nalika bel pertanda mlebu muni ing
SMK
Maju Mundur , ana 2 murid ingkang paling telat mlebu. 2 murid
kasebut
yaiku Rindah karo Dimas
(suara
pintu kabukak), (Rindah karo Dimas langsung mlebu kelas
tanpa
ngucapke salam)
Dantika
: “Le nduk Mlebu kelas kok gak salam to”
Rindah,
Dimas : “Nopo, pak?”
Rindah
: “Kula nopo Dimas, pak?”
Dantika : “Sopo sing omong kowe Dimas to, nduk?”
Rindah
: “Mboten Dimas menika, pak. Nanging Dimas rencang kula,
pak.”
(nudingi
Dimas ing sebelahe)
Dantika
: “MasyaAllah.. ealah, Mas Dimas.”
Dimas
: (mringis) “Hehehe.. Inggih, pak.”
Dantika :“Wiswis.. Kowebocah 2 lungguho kono!Mbesok
teka telat
meneh,
nggih?”
Rindah,
Dimas : “Inggih, Pak. benjing badhe kula ulangi malih”
(ngesem
sumringah)
Dantika
: “Yowislah,sekarepmu, le.. nduk.” ( ngusap rai frustasi)
(Rindah
Lan Dimas bali datheng bangku piyambake sedaya)
Sak
rampunge Rindah karo Dimas lunggah ing bangkune dewe-dewe ing
pojok
mburi kelas, kegiyatan sinau diwiwiti. Nanging, 2 murid kuwi
malih
ribut dhewe ing bangku. Bu Dantika kangdadi guru sing mulang
lan
wali kelas dekne kabeh, mung ngehela ambekan. 2 murid
mbelinge
kuwi tanah rekasa diatur. Bu Dantika akhire negur bocah 2
iku.
Dantika
: “Le.. le.. lee.. Kok ora nggatekake piwulang, to? Kowe
ngomongna
apa nganti rame dhewe ingmburi ngono?”
Dimas
: “Hehehe.. wados to, Bu!”
Dantika
: (geleng-geleng sirah) “Kok malah wani karo guru.
Ckckck..”
Ceples
: “Inggih, mboten napa-napa nggih, bu? Iiih.. ibu kok
dados
kepo?”
Dantika : “Mboh. Karepanmu, le. Sing jelas kowe kuwi
ngupadi
ngowahi
aten-aten alamu kuwi. aku wanti-wanti meneh, ya. Dudu
mung
kanggo Rindan lan Dimas sing tanah saka kanane wis
bandel.
Kowe-kowe kuwi saiki wis kelas 9. Pirang-pirang wulan
meneh
kowe arep ngadhepi UNAS. luwih becik kowe nggunakne wektumu
kanggo
sinau. Ben luwih afdol, sisan kowe dunga marang Gusti
Allah.
Dadi mengko pas kowe ngerjakne ujian, kowe bisa
lancar
ngerjakne. Uga jero ngerjakne soal ujian, kerjakne
karo
teliti. lakokno karo jujur lan aja kangge hal sing
aneh-aneh.
Teng...Teng...Teng...Teng....
Rindah
lan Dimas : “Bu.. Istirahaaatt!!”
Dantika : “Iyo.. iyo, le nduk. Aku wis krungu. Wis,
ndang
istirahat
kono!”
(Cah-cah
mlayu metu soko kelas)
BABAK
2:
Para
murid ngentek ake wektu ngaso kanggo njajan ing
kantin.
Ora kajaba karo Rindah lan Dimas. 2 bocah iku lagi
lungguh
ing panggon tongkrongane bareng sapirang-pirang
murid.
Gerombolan sing nongkrong ing mriku lagi mangan karo
ngobrol.
Nganti Anita Lan Eka nggabung bareng gerombolan
iku.
Anita
: “Heh, cah. Kowe ngerti gak wit ringin ing mburi sekolahane
awak
dewe?”
Dimas:
“Oh, iyo. Ngerti aku. Emange ana apa to?”
Anita
: “Jare kuwi angker lho. Enek penunggune!”
Rindah
: “Jare sopo kowe ke? Ojo kemeroh!”
Anita
: “Iyo.. yo. Jare Pak Bon ke ben bengi jam 11-12 an ke ana
suara-suara
ghaib!”
Eka
: “Oiyo. Aku ngerti, aku yowis nate krungu tentang iku. Jarene
ke
lho ya, lek awak dewe rono terus njaluk opo wae mesti iso
terkabul.”(senyumgaje)
Anita
: “Iyo. Bener sing diomongke Eka.”(ngempetngguyu)
Eka
: “Nanging lek arep njalukmrono, kudhu nggowo sesajen.”
Dimas
: “Dienggo opo, no?”
Eka
: “Mboh. Dienggo persembahan ketoke.”
Ora
let suwi sakbare obrolan tentang misteri wit ringin iku, bel
pelajaran
muni. Gerombolan iku padha bubar balik menyang
kelase
dewe-dewe.
BABAK
3 :
Ing
kelas nalika guru 9E maringaken pelajaran, Rindah lan
dimas
orang rungokne pelajaran. 2 murid iku malah ribet
ngomongke
rumor wit Angker sing disebut dening Anita lan Eka.
Dimas
: “Eh, Ndah. Jarene si Anita karo Eka tenanan opo ora ya?”
Rindah
: “Mboh. Gak ngerti aku. Soale aku dewe yo durung nate
njajal.”
Dimas
: “Lek tanah pener no, penak ya?”
Rindah
: “Penak piye?”
Dimas
: “Kowe ke takoke. Wis diomongi barang kok!”
Rindah
: ”Diomongi opo? Karo sopo?”
Dimas
: “Jabang bayii! (mbengok) Dek mang lho pas ing kantin!”
Rindah
: “Woiyo! Eling-eling. Lha awake dewe arep njajal piye?”
Dimas
: “Tapike, dosa lho!”
Rindah
: “Wes to. Gak popo. Dosa ke dipikir keri.”
Dimas
: “Tapi ke, awak dewe arep njaluk opo?”
Rindah
: “Yo njaluk ben iso lulus lan entuk danem dhuwur to! Kan kowe
males
sinau to?!”
Dimas
: “Oiyo.. Hehehe(garuksirah) Koyok kowe sregep wae?”
Rindah
: “Sekarep. Dadiora?”
Dimas
: “Lek akuke manute. Njajale kapan? Engko bengi piye?”
Rindah
: “Yowis. Ngono'e..”
BABAK
4 :
Ora
let suwi jam dinding nunjukake angka 2. Bel mulih muni. Murid-
murid
SMP Maju Mundur padhara mearep mulih. Uga Rindah lan Dimas sing
lagi
metu saka kelas. Bedane, bocah iku ora langsung mulih.
Nanging
isik nyiapake pepakan kanggo rencana mengko bengi.
Saiki
wong 2 kuwi ana ing peken.
Dimas
: “Arep tuku opo iki, Ndah?”
Rindah
: “Tuku sajen lah. Mosok tuku mpon-mpon?!”
Dimas
: “Lha iyo. Sajene ke opo?”
Rindah
: “Yo omong bakule to! Kan luwih ngerti.”
Dimas
: “Lha tukune sajen kuwi sing sebelah endi?”
Rindah
: “Wis to.. Menengo. Aku ngerti panggonane. Cilikan ku dhisik
gawene
aku melu mbahku tuku sajen.”
Dimas
: “Yowis nek no. Ayo ndang merono!”
Rindah
nunjukake dalan menyang bakul sesajen langganane
mbahe
dhisik. Kios kasebut uwis ana mbah-mbah kang nunggoni
dodolan.
Rindah dan Dimas marani mbah-mbahiku.
Rindah
: “Mbah, kula kersa tumbas sajen.”
Dantika
: “Yo. Sajen opo?”
Ceples
: “Enteni pun sajen menapa?”
Dantika
: “Ono akeh wernane. Sajen Bucalan, Sajen Tarub, Sajen
Siraman,
Sajen Ngerik, lan sakliyane. Njalukmu sing endi?”
Dimas
:(bisik-bisik) Heh, ndah. Sajene sing endi wi? Jenise kok akeh men?”
Rindah
: “Eh, emboh ya. Aku yo ora ngerti sajen sing endi!”
Dimas
: “Lhaa.. Terus sajen sing endi ndah?!Aku kan ora nate tuku.”
Rindah:
“Lha awakku ke mungeruh panggonane tok.”
Dimas
: “Lhaa.. Pleeessss. Terus iki piyee?”
Rindah
: “Yowis. Sekarep leh milihe. Penting nggawa sajen.”
Dimas:
“Nggih sampun, mbah. Kula tumbas Sajen Uncalan
kemawon.”
Dantika
: “Sajen Bucalan, le. Sajen kok dienggo uncalan?!
Yowis,tuku
piro?”
Dimas
: “setunggal mawon.”
Dantika
: “Yo. Entenono sik. Arep tak jupukne.”
(mlebu
kios njupuk sajen sing dipesen mau)
“Nyo,
le.”
Rindah
: “Pinten, mbah?”
Dantika
: “satus ewue lah.”
Rindah
: “Menapa awis banget, mbah?”
Dantika
“Yowis. Khusus kowe tak diskon malih slawe ewu.”
Rindah
: “Nggih. Niki, mbah.”
Sakwise
entuk sajen, bocah 2 kuwi metu soko pasar arep mulih
menyang
omahe dewe-dewe. Ing perjalanan, Rindah lan Dimas
ngrencanakake
kanggo engko bengi.
Dimas:
“Engko bengi kumpule ing endi?”
Rindah
: “Ngarep sekolah wae. Jam piro?”
Dimas
: “Jam 11 bengi?”
Rindah:
“Yowis. Deal ya?” (ngulurke tangan)
Dimas
: “Oke. Deal!” (njabat tangane Rindah)
BABAK
5 :
Wektu
bengine, Rindah lan Dimas ngumpul ing ngarep SMP Maju Mundur jam
11.
Sakbare nyiapake sesajen lan kaperluan liyane, bocah
2
iku moro menyang mburi sekolah. Tepate ing ngisore wit ringin sing
jarene
angker.
Rindah
: “Mas, endi sajene ?”
Dimas
: “Iki lho.” (nyerahake sajen nyang Rindah. Rindah
langsung
ngekekne sajen kuwi ing ngisore wit angker iku)
Sawise
ndekek sajen kuwi, dumadakan krungu swara ngguyu
kang
banter banget.
Anita
: “Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Rindah&
Dimas : “Swara opo iku?!” (gemeteran)
Anita
: “Ono opo kowe bocah-bocah marani aku? Wa.. Ha.. Ha..
Ha..”
Rindah
: “Aa.. a.. anu, mbah. kula badhe....”
Anita
: “Arep nyapo kowe?”
Dimas
: “Badhe.. manthuk, mbahhh.” (arep mblayu, nanging dicegat
karo
Rindah)
Rindah
: “Anu mbah. Ku..kula gadhah pan.. panjalukan.”
Anita :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha.. Arep njaluk
panjalukan
opo
kowe, cah cilik?!”
Rindah
:“Ni.. niku, mbah. Kula badhe nyuwun lulus UNAS kangge danem
kang
dhuwur.”
Anita
:“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha... Menak iku! Nanging..”
Dimas
:“Na.. nanging menap.. pa, mbah?”
Anita:“Ono
syaratee. Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Rindah
lan Dimas:“Syarate menapa, mbah?”
Anita
:“Kowe kudu nuruti kongkonanku!”
Dimas
:“Kengkenan menapa, mbah?”
Anita
:“Aku njaluk parcel buah!”
Dimas
: “Sakmeniki, mbah?”
Anita
: “Ora, sok Jum'at Kliwon bengi! Yo saiki lah!”
Rindah
: “Yah, samanten meniki toko sampun tutup sedaya, mbah.”
Anita
: “Woiyo. Nekno kowe sit up 2x, lan back up 2x!”
Rindah
lan Dimas: “Nggih, mbah.”
Dimas
: “Sakmeniki?”
Anita
: “Iyo, le.”
Rindah lan Dimas nglakokake perintahe Mbah-Mbah
Penunggu Pohon
iku.
Sawise nglakokne kuwi.
Dimas
: “Sampun durung, mbah?”
Anita
: “Sek kurang! Kok menankmen ngono tok?!”
Rindah
: “Lha terus karepanmu napa, mbah?”
Anita
: “Loh.. Kok ngece?! Eneh lee.. Isik akeh le syarate!”
Rindah
: “Ampun, mbaaahh.. Uwiiiisss..”
Dimas
: “Iyo, mbah. Sakmeniki waae.. Pleeaaasseee...”
Anita
: “Lhaaahh.. kok malah sok-sokan Basa Inggris
kowe?!
Ngenyek ye?!”
Rindah lan Dimas:“Ngapunten, mbah.”
Anita
: “Yowis. Lekngono, aku arep njaluk..”
Rindah
: “Nyuwun ngapunten mbah saderengipun. Niki sampun badhe
enjing.”
Anita
: “Yowislah. Dadi, kowe mau arep njaluk apa,bicah?
Hahahha”
Rindah
: “Niku, mbah. Sekedhap malih kula lanTuman badhe sowani
UNAS.
Amargi punika, Kula badhe nyuwunsu pados ngangsal
danem
ingkang sae uga sangguh mlebet SMA favorit.”
Anita
: “Gara-gara kuwi kowe nekani aku? Wahahaha..Iku menak.”
Rindah
lan Dimas : “Kepriye, mbah?”
Anita
: “Kowe saben jam 7-9 bengi sinau mata pelajaran saka
sekolah.
Aja lali dunga sek. Terus, ing kelas kowe bocah 2 aja
rame
dewe. Garapen PR sing wis diwenehi gurumu. Lan aja lali sholat 5
wektu.”
Dimas
: “Lha, mbah. Menawi punika kula ugi sampun mangertos. Kajawi
punika
ingkang langkung gampil menapa, mbah?”
Anita
: “Tanah kuwi sing paling gampang. Paling
manjurpisan.”
Rindah
: “Nikikaken naminipun konsultasi, mbah. Punapa nyukani
saran?”
Anita
: “Lha karepan mupiye, hah? Kowe nantang aku?!”
Dimas
lan Rindah : “Mbo..mboten, mbah.”
Anita
: “Lek kowe orang lakokne apa sing takomongne mau,
kowebocah
2 bakal tak santet!”
Dimas
: “Ampun, mbah. Inggih-inggih. Kula mangke numindak ake
dhawuhani
pun.”
Anita
: “Yowis. Lek ngono ndang mulih kana! Wahaha..”
Tibakno,
pakoleh saka nekani wit keramat kasebut GATOT alias
Gagal
Total. Rindah lan Dimas malah diwenehi wejangan sing
apik-apik
saka mbah panunggu. Amarga kekaronen
ancaman
mbah kuwi, Rindah lan Dimas nglakokake kongkonan
mbahpanunggu.
Wektu
ngedepi UNAS Rindah lan Dimas bisa nggarap soal kang
gampang.
Hasile, bocah2 iku lulus kangge danem sing apik.
Ora
eman-eman perjuangan bocah 2 kuwi nglakokake dhawuhan
mbahpanunggu.
Akhire, Rindah lan Dimasdadi bocah sing sregep
lan
pinter.
Wektu
lulusan
Anita
: “Slamet ya, ndah, mas. Kowe bocah 2 bisa lulus
kanggo
danem sing dhuwur.”
Rindah
: “Hehehe..Iya. Suwun, Nit.”
Dimas
: “Iyo, Nit. Matur suwun, ya.”
Eka
: “Ora eman, ya?”
Dimas
: “Eman apa?”
Rindah
: “Yo sinaune mas.”
Anita
: “Heh. Duduk kuwi. Ora eman leh aku karo eka nggawe
rencana.”
Dimas
: “Rencana apa?”
Anita:
“Hehehe..sakjane, cerita sing tak ceritakne menyang
kowe
cah 2 iku ora tenanan.”
Dimas
: “Lho? Lha kok iso? Kae lho ana mbah-mbah panunggune tenan!”
Rindah
: “Iyo..Lha aku'e dadi sregep sinau yo gara-gara
kongkonane
mbah panunggu wit iku. Aku wedhi lek disantet.”
Eka
: “Hehe..orayo. Gak mungkin kowe disantet.”
Dimas
: “Jare sapa? Kowe lhora ngerti.”
Dantika
: “Piye leh ora ngerti? Lha wong sing ngongkon kowe lho
aku.”
Rindah
lan Dimas: “Ha? Maksude?”
Anita
: “Dadi asline mbah-mbah panungg uwit keramat mburi
sekolah
kuwi jane eka”
Dimas
: “Iyo,eka?”
Eka
: “Hehe.. Iyo. Aku karo Anita sing ngrencanakne iku.”
Rindah
: “Lha nyapo kowe ngrencanakne njebak aku karoTuman?”
Anita
: “Duduk njebak yo. Aku karo Asha mek pengen nyadarke
kowe
cah 2.”
Dimas
: “Nyadarke piye? Koweke malah ngeden-ngedeni lho.”
Dantika
: “Yo, sorry to. Kan kanggo keapikan. Salahmu dewe kok
dadi
murid mbeling eram.”
Rindah
lan Dimas: “Hehe..sepurane, cah.”
Rindah
: “Berarti iki kabeh meng akal-akalane kowe cah 2?”
Anita:
“Jane yo ora mung aku karo eka tok. Idene iki saka. Nita
sing
nyritakake tentang mitos wit keramat mburi sekolah
kuwi.”
dantika
: “Berarti kuwi mek mitos tok, ya?”
Anita
: “Iyo, ketoke.”
Dimas:
“woalah, cah. Tak kira tenanan. Tapi, matur suwunya. Lek
kowe
gak ngrencanakne iki, paling aku karo Rindah ora bias
dadi
bocah sing sregep. Yo gak, Ndah?”
Rindah
: “Yoi, bro.”
Dantika
: “Sip..sip. Padha-padha kanca kudhu saling
tetulung.”
Anita
: “Ayo, ndang diduduhne hasil ulangane iki menyang wong
tuwane
awak dewe. Ben padha seneng!”
Dantika
Rindah lan Dimas : “Yuk.. Maree..”
Sak
wise iku, bocah 5 kuwi dadi kanca kang rukun. Padha sregep
kabeh.