Kelompok 3 XII Akuntansi 1
1. Ana Puji
Hastuti (03)
2. Apriliana. (10)
3. Ayu Saputri. (17)
4. Dewi Erika Y. (24)
5. Dwi
Nelaningsih. (31)
naskah
Drama Bahasa Jawa
Nggawe
Drama
Babak
1
Ana ing sawijining Desa Kopek ana pemuda kang
wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe
ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili.
Wektu iku
sawise
sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi : Jon, ayo engko dolan ! (
Nggeplek pundake Jono)
Jono : Gaweanmu dolan ae . Koyo
wong pinter wisan.
Sardi : Halah gayamu, gelem opo ora
kowe ?
Jono : Dolan nyandi lho ?
Sardi : Yo emboh... Pokoke dolan ben
koyo cah gaul ngono lho...
Jono : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi
wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi : Hehehe, ora-ora.
Jono : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi : Halah, kuwi dirembug engko
ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono : Oke-oke.... Engko kowe neng
o omahku.
Babak
2
Sawise
iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe
kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon,
Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi
ora
ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman : He, enek sing ngerti Sardi karo
Jono ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki,
maeng opo ndak krungu di omongi...
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Jono ae sing enek wong
tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki
urung latihan blas lho...
Parman : Halah kuwi masalah keri, sing
penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, aku neng
kene karo nggae naskah dramane piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo
critane ?
Deni : Oke bos.....
Babak
3
Banjur
Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire
Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu
sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman : Lha yo piye neh, lek panggah ora
gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni : Nah, setuju aku. Yo wis aku
pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng
sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa
gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Babak
4
Deni
mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab
drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi
ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo
dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe
opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka
tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang
dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono
lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ?
(ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing
nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis
nggae kuwi ae...
Babak
5
Sing
ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah
wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke
awake dhewe piye ?
Deni
lan Parman : Trus gue harus bilang
wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki
tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi
nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok
takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok,
kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? (
mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo
?
Pak
Guru : He he, enek
opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi
kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak
Guru : Weh weh, lha
nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono : Lha ancen ora
diomongi to, Pak.
Pak
Guru : Iyo to le ? Ora
kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi
mboten dugi.
Pak
Guru : Lha kwi kowe
ora teko...
Jono : Ora diomongi,
Pak.
Pak
Guru : Halah wis ora
usah ngeyel, ndang gek kelompok
Babak
6
Sawise
ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke
iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan
pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo
disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki....
wis berhasil lho
Sardi : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo.... Sing
penting iki wis sukses.
Pak
Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong
bareng kan iso apik hasile
Sardi : Kula nyuwun pangapunten, Pak.
Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak
Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane
ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi
lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh
nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa
ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan
muasne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar