Kamis, 30 Maret 2017

XIIAK1 ABSEN 5,12,19,26,33

UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
    Anisa Ayu Wardani                   (05)
    Arinda Reni Eka .R.            (12)
    Dani Nurmalasari                          (19)
    Diah Suci Khoiriyah           (26)
    Eka Nira Susanti                        (33)
Tema  : Pendidikan
Judul :  UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
            Ing sawijining dina,wayah jam kosong siswi-siswi SMKN 1 Magetan kelas XIIAK1 podo grumbul amarga tugas sing diwenehi pak guru wes rampung digarap.
Arinda R : "Cah ujian nasionale sido kanggo penentu kelulusan ye ?"
Kabeh                        : "Mosok?"
Diah Suci      : "Awakmu krungu kabar soko ngendi?"
Arinda R : "Ya Allahh neng grup kilo deloken"
Ana                      : "Edan yeee"
Devi IW            : "Tenan ye? Gek ujian ne kapan?"
Arinda R : "Iki loo jadwale,SMK ujiane tanggal 3 - 6 April 2017"
Gianti                      : "Hla soale piye? Sido uraian opo tetep pilihan ganda?"
Arinda R : "Embuh nek iku,aku urung oleh info kok"
Anisa                  : "Sekolah kok digawe mumet ,ndang rabi e yo"
Dani               : "Rabi..rabi ,rumangsamu rabi ora gawe ragat ???"
Nisa               : "Nyuwun mbokku to"
Diah Suci      : "Yuhh kowe kui lo,sekolah wis diragati larang rabi kok sek nyuwun diragati.Kerjo sek kono loo"
Arinda R : "Hla anakmu mbesok kok pakan opo???? Watu????"
Anisa      : "Yawis nek e dipikir keri"
Dimas           : "Wes..wes.. rabine dipikir keri ,UN mang piye sidone?"
Dani               :" Ben jelas telpon pak menteri wae lo,sopo sing duwe nomere mumpung bar utang pulsa"
Ayu Diah     : "Layoo..kene ndang di saur utange"
Dani               : "Sek to yuu..yuu..."
Ayu Diah     : "Sek nyapo?"
Dani               : "Urung duwe duit iki looo"
Alifi         : "Wes to cah malah mbahas utang, Ujian Nasional e arep model koyo opo wae sing penting awake dewe sinau"
Nira                : "Cah kabeh bar lulusan ko SMK arep podho neng ndi, kerjo opo kuliah?"
Alifi         : "Nek aku arep kuliah Nir"
Diah Suci      : "Aku yo pengen kuliah"
Arinda R : "Aku yo pengen kuliah yo pengen kerjo"
Dani               : "Sigaren to awakmu"
Anisa      : "Nek aku pengen kerjo"
Nira                : "Hla nek sing arep kuliah arep njupuk jurusan opo?"
Diah Suci      : "Aku pengen neng STAN, tapi nek PTN e aku pengen neng UB jurusan akuntansi"
Arinda R : "Nek aku nggolek e cedhak e"
Dani               : "Neng omahku ae cedhak Ren"
Arinda R : "Ngawure.."
Nira                : "Hla sing kerjo arep podho kerjo neng ndi?"
Dani               : "Nek aku arep neng Mojokerto"
Nisa               : "Aku..aku..aku arep neng Malaysia"
Diah Suci      : "Hla Nira arep neng ngendi?"
Nira                : "Aku arep njajal neng Batam sek,nek menowo keberuntunganku eng kono,Aminn"
(Ttteeettt...ttteeettt...ttteettt...Bel wayahe muleh wes muni)
Ana          : "Hehh cah wes wayahe muleh,tugase ndang di kumpulne kabeh yaa..."
Kabeh            : "Iyo an.."
(Kabeh podo muleh sak wise numpuk tugas)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar