NADA
BABAK
1
Ing tengah panggung arupa kamare Nada
(swara pitik jago kluruk), nuduhake wayah isuk. Dheweke nyepakake kanggo budhal
sekolah. Banjur pamit marang Ibune. Nada budhal sekolah numpak sepedha
ontel.
Nada :"Bu kula bidhal
rumiyen" (Nada nyalimi Ibune sing ya arep budhal menyang Pasar).
Ibu :"Iya nduk, ati-ati. Iki
bekale aja lali dimaem" (ngewehake bekel)
Nada :"Nggih Bu."
BABAK
2
Nada
teka sekolah banjur markir sepedhane , saka mburi krungu ana swara sing nyeluk
dheweke.
Rima :”Daaaaa……” (karo nepuk pundake Nada)
Nada :”Astaghfirullahh…(genti nepuk
pundake Rima) tibake awakmu to Ma
ngageti wae”
Rima :”Hehe iya, ayo bareng!”
(teka
kelas Rima lan Nada langsung lungguh ing bangku nomer loro saka ngarep, ora let
suwi krungu swara bel, tandhane pelajaran diwiwiti)
Bu
guru : “Ayo cah, dimempengne leh
sinau arep nyedaki ujian nasional”
Murid : “Nggih, Bu.”
Bu
guru : “Iki podho arep kerja apa
kuliah ?” (bocah-bocah njawab sesarengan)
Murid : “kulo kuliah bu..kulo kerjo bu..”
Bu
guru : “Nada, arep neruske neng
ndi ndhuk ?”
Nada :
“Kulo dereng ngertos bu,niki taseh bingung”
Bu
guru :
“Lha ngopo kok bingung? Mengko istirahat ning ruang BK nemoni Bu guru,ben iso
konsultasi. Sing liyane enek sing sek bingung?”
Murid :”Mboten
bu”
(Sakwise
bel istirahat muni, Nada langsung nemoni Bu Guru ning ruang BK)
Nada
: “ Kulo nuwun, bu kulo
ajeng konsultasi”
Bu
guru : “Iyo nduk mlebu o. (Bu guru
ngokon Nada lungguh,sing ning kono mung ono Bu Guru lan Nada). Opo sing dadi
masalah mu nduk?”
Nada
:“Kulo taseh bingung
bu,pengen kuliah nanging kahanan ekonomi wong tua kulo mboten nyukupi kangge
biaya kuliah.”
Bu
guru : “Ora usah bingung nduk,
beasiswa iku akeh ning perguruan tinggi.”
Nada
: “ Ngapunten bu kulo teseh
dereng ngertos bab beasiswa niku.”
Bu
guru : “ Ngene nduk..dadi beasiswa
iku macem-macem, nek kanggo daftaran mlebu iku awakmu iso njupuk beasiswa
bidikmisi, la nek kanggo sakterus e
awakmu iso golek beasiswa liyo ning kampus
mu
iku.”
Nada
: “ Pripun kaleh
persyaratane niku bu?”
Bu
guru : “ Gak usah khawatir bab
persyaratan ..awakmu iso ngajukne surat rekomendasi ning sekolah, mengko enek
Bapak/Ibu Guru sing ndampingi.”
Nada
:” Nanging pripun kulo
angsal informasi lengkap e niku bu? Kulo nggeh mboten gadah Hape nopo Laptop
sing saget damel browsing.”
Bu
guru : “ Awakmu iso nganggo
komputer sekolah to pas jam istirahat utowo pas jam kosong.”
Nada
: “ Ngenani kampus sing
ajeng kulo daftari niku pripun, Bu?”
Bu
guru : “ Sak iki ne tak takoni,
awakmu pengen e jupuk jurusan opo?”
Nada
: “ Kulo pengen mendet
jurusan biologi bu, amargi kulo seneng kaleh pelajaran niku.”
Bu
guru : “Lha, awakmu iso daftar
ning kampus UGM nduk, iku kampus seng akreditasine apik.”
Nada
: “Mengke kulo wonten mriko
ngekos nggih bu?”
Bu
guru : “Iku urusan keri, awakmu
kudu nyiapne kanggo ujian nasional lan mlebu perguruan tinggi sing kok karepne,
lan awakmu nyiapake berkas-berkas kanggo pendaftaran beasiswa.”
Nada
: “Matur suwun bu,
panjenengan sampun mbantu kulo.”
Bu
guru : “Iyo nduk, iku wis tugas e
Guru mbantu murid seng lagi bingung.”
Nada
: “Yen ngoten kulo nyuwun
pamit bu, sampun bel masuk.”
Bu
guru : “Iyo nduk ngati-ati.”
BABAK
3
Bengine
ning omah, Nada matur marang wong tuane babagan dewek e arep mlebu perguruan
tinggi. (katon swara jangkrik)
Bapak
: “Oalah nduk, yen karepmu pengen
sekolah, bapak ora iso mbantu biaya, nggo nyukupi kebutuhan bendino ae sek
bingung.”
Ibu
: “Pak, Nada ki golek beasiswa
pak, ben ora ngaboti awak e.”
Nada
: “Nggih pak, mengke kulo ngajukne
beasiswa bidikmisi, saking bidikmisi kui mengko kulo entuk arta kuliah saking
Pemerintah.”
Bapak
: “Woalah bapak urung mudeng nduk
mau, yo bapak ndungo mugo-mugo berhasil olehmu sekolah, dadi wong seng bakti
marang bangsa lan negara.”
Ibu
: “Iyo nduk, ojo koyo bapak
ibumu, ora kenal sekolah.”
Nada
: “Bapak karo ibu tenang wae, kulo
insya Allah tenanan, kulo pengen mbahagiakno bapak lan ibu, kulo ora pengen
urip sia-sia.”(krungu swara seruling ngalun nggambarake swasana seng dirasakne
keluarga
iki )
Bapak
: “Iyo nduk bapak percoyo kowe
iso.”
BABAK
4
Akhire
ujian nasional uwis kelewat, pengumuman kelulusan uwis metu lan pengumuman saka
PTN ngabarne yen Nada keterima neng UGM, wong tua, guru, lan kanca-kancane yo
melu seneng amarga
Nada
iso nglanjutne sekolah.
Nada
: “Bapak ibu kulo lulus, kulo ketampa
dhateng UGM.”
Bapak
: “Alhamdulillah nduk.”(karo
ngerangkul Nada)
Ibu
: (nangis haru) “ora sio-sio
lehmu sinau rino wengi nduk.”
Nada
: “Alhamdulillah Allah ngijabahhi
dunga kita.”
Panggung
saya suwe redup lampune karo diiringin swara seruling lan nyanyian kang
ngambarake keharuan keluarga Nada.
Rampung
XII
Akuntansi 1
Kelompok:
Alifi
Kurnia Dzulhijjah (02)
Aprilia
Leni D.A (09)
Ayu
Diah Puspitasari (16)
Dewi Cahyaning Tyas (23)
XII Akuntansi 1
Kelompok:
Alifi Kurnia Dzulhijjah (02)
Aprilia Leni D.A (09)
Ayu Diah Puspitasari (16)
Dewi Cahyaning Tyas (23)
Dwi Gianti I.M (30)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar