Kamis, 30 Maret 2017

XIIAK1 ABSEN 5,12,19,26,33

UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
    Anisa Ayu Wardani                   (05)
    Arinda Reni Eka .R.            (12)
    Dani Nurmalasari                          (19)
    Diah Suci Khoiriyah           (26)
    Eka Nira Susanti                        (33)
Tema  : Pendidikan
Judul :  UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
            Ing sawijining dina,wayah jam kosong siswi-siswi SMKN 1 Magetan kelas XIIAK1 podo grumbul amarga tugas sing diwenehi pak guru wes rampung digarap.
Arinda R : "Cah ujian nasionale sido kanggo penentu kelulusan ye ?"
Kabeh                        : "Mosok?"
Diah Suci      : "Awakmu krungu kabar soko ngendi?"
Arinda R : "Ya Allahh neng grup kilo deloken"
Ana                      : "Edan yeee"
Devi IW            : "Tenan ye? Gek ujian ne kapan?"
Arinda R : "Iki loo jadwale,SMK ujiane tanggal 3 - 6 April 2017"
Gianti                      : "Hla soale piye? Sido uraian opo tetep pilihan ganda?"
Arinda R : "Embuh nek iku,aku urung oleh info kok"
Anisa                  : "Sekolah kok digawe mumet ,ndang rabi e yo"
Dani               : "Rabi..rabi ,rumangsamu rabi ora gawe ragat ???"
Nisa               : "Nyuwun mbokku to"
Diah Suci      : "Yuhh kowe kui lo,sekolah wis diragati larang rabi kok sek nyuwun diragati.Kerjo sek kono loo"
Arinda R : "Hla anakmu mbesok kok pakan opo???? Watu????"
Anisa      : "Yawis nek e dipikir keri"
Dimas           : "Wes..wes.. rabine dipikir keri ,UN mang piye sidone?"
Dani               :" Ben jelas telpon pak menteri wae lo,sopo sing duwe nomere mumpung bar utang pulsa"
Ayu Diah     : "Layoo..kene ndang di saur utange"
Dani               : "Sek to yuu..yuu..."
Ayu Diah     : "Sek nyapo?"
Dani               : "Urung duwe duit iki looo"
Alifi         : "Wes to cah malah mbahas utang, Ujian Nasional e arep model koyo opo wae sing penting awake dewe sinau"
Nira                : "Cah kabeh bar lulusan ko SMK arep podho neng ndi, kerjo opo kuliah?"
Alifi         : "Nek aku arep kuliah Nir"
Diah Suci      : "Aku yo pengen kuliah"
Arinda R : "Aku yo pengen kuliah yo pengen kerjo"
Dani               : "Sigaren to awakmu"
Anisa      : "Nek aku pengen kerjo"
Nira                : "Hla nek sing arep kuliah arep njupuk jurusan opo?"
Diah Suci      : "Aku pengen neng STAN, tapi nek PTN e aku pengen neng UB jurusan akuntansi"
Arinda R : "Nek aku nggolek e cedhak e"
Dani               : "Neng omahku ae cedhak Ren"
Arinda R : "Ngawure.."
Nira                : "Hla sing kerjo arep podho kerjo neng ndi?"
Dani               : "Nek aku arep neng Mojokerto"
Nisa               : "Aku..aku..aku arep neng Malaysia"
Diah Suci      : "Hla Nira arep neng ngendi?"
Nira                : "Aku arep njajal neng Batam sek,nek menowo keberuntunganku eng kono,Aminn"
(Ttteeettt...ttteeettt...ttteettt...Bel wayahe muleh wes muni)
Ana          : "Hehh cah wes wayahe muleh,tugase ndang di kumpulne kabeh yaa..."
Kabeh            : "Iyo an.."
(Kabeh podo muleh sak wise numpuk tugas)



XII AK 1 MISTERI WIT ANGKER MBURI SEKOLAH


Nama kelompok :
Anita marisaha   (06)
Arindah Suci W   (13)
Dantika O            (20)
Dimas N               (27)
Eka Puryanti        (34)  


misteri wit angker mburi sekolah

babak 1:

Diceritakaken, ing salah siji dhusun jenenge Dhusun Suka Duka, ana siji
sekolah kang nduwe jeneng SMK Maju Mundur. Sekolah kasebut iku sisji-
sijine SMK kang ana ing daerah kasebut.
Ing salah sawijining isuk, nalika bel pertanda mlebu muni ing
SMK Maju Mundur , ana 2 murid ingkang paling telat mlebu. 2 murid
kasebut yaiku Rindah karo Dimas


(suara pintu kabukak), (Rindah karo Dimas langsung mlebu kelas
tanpa ngucapke salam)

Dantika : “Le nduk Mlebu kelas kok gak salam to”

Rindah, Dimas : “Nopo, pak?”

Rindah : “Kula nopo Dimas, pak?”

Dantika  : “Sopo sing omong kowe Dimas to, nduk?”

Rindah : “Mboten Dimas menika, pak. Nanging Dimas rencang kula,
pak.”

(nudingi Dimas ing sebelahe)

Dantika : “MasyaAllah.. ealah, Mas Dimas.”

Dimas : (mringis) “Hehehe.. Inggih, pak.”

Dantika  :“Wiswis.. Kowebocah 2 lungguho kono!Mbesok teka telat
meneh, nggih?”

Rindah, Dimas : “Inggih, Pak. benjing badhe kula ulangi malih”
(ngesem sumringah)

Dantika : “Yowislah,sekarepmu, le.. nduk.” ( ngusap rai frustasi)

(Rindah Lan Dimas bali datheng bangku piyambake sedaya)

Sak rampunge Rindah karo Dimas lunggah ing bangkune dewe-dewe ing
pojok mburi kelas, kegiyatan sinau diwiwiti. Nanging, 2 murid kuwi
malih ribut dhewe ing bangku. Bu Dantika kangdadi guru sing mulang
lan wali kelas dekne kabeh, mung ngehela ambekan. 2 murid
mbelinge kuwi tanah rekasa diatur. Bu Dantika akhire negur bocah 2
iku.




Dantika : “Le.. le.. lee.. Kok ora nggatekake piwulang, to? Kowe
ngomongna apa nganti rame dhewe ingmburi ngono?”
Dimas : “Hehehe.. wados to, Bu!”
Dantika : (geleng-geleng sirah) “Kok malah wani karo guru.
Ckckck..”
Ceples : “Inggih, mboten napa-napa nggih, bu? Iiih.. ibu kok
dados kepo?”
Dantika  : “Mboh. Karepanmu, le. Sing jelas kowe kuwi ngupadi
ngowahi aten-aten alamu kuwi. aku wanti-wanti meneh, ya. Dudu
mung kanggo Rindan lan Dimas sing tanah saka kanane wis
bandel. Kowe-kowe kuwi saiki wis kelas 9. Pirang-pirang wulan
meneh kowe arep ngadhepi UNAS. luwih becik kowe nggunakne wektumu
kanggo sinau. Ben luwih afdol, sisan kowe dunga marang Gusti
Allah. Dadi mengko pas kowe ngerjakne ujian, kowe bisa
lancar ngerjakne. Uga jero ngerjakne soal ujian, kerjakne
karo teliti. lakokno karo jujur lan aja kangge hal sing
aneh-aneh.
Teng...Teng...Teng...Teng....

Rindah lan Dimas : “Bu.. Istirahaaatt!!”

Dantika  : “Iyo.. iyo, le nduk. Aku wis krungu. Wis, ndang
istirahat kono!”

(Cah-cah mlayu metu soko kelas)



BABAK 2:

Para murid ngentek ake wektu ngaso kanggo njajan ing
kantin. Ora kajaba karo Rindah lan Dimas. 2 bocah iku lagi
lungguh ing panggon tongkrongane bareng sapirang-pirang
murid. Gerombolan sing nongkrong ing mriku lagi mangan karo
ngobrol. Nganti Anita Lan Eka nggabung bareng gerombolan
iku.

Anita : “Heh, cah. Kowe ngerti gak wit ringin ing mburi sekolahane
awak dewe?”

Dimas: “Oh, iyo. Ngerti aku. Emange ana apa to?”

Anita : “Jare kuwi angker lho. Enek penunggune!”

Rindah : “Jare sopo kowe ke? Ojo kemeroh!”

Anita : “Iyo.. yo. Jare Pak Bon ke ben bengi jam 11-12 an ke ana
suara-suara ghaib!”

Eka : “Oiyo. Aku ngerti, aku yowis nate krungu tentang iku. Jarene
ke lho ya, lek awak dewe rono terus njaluk opo wae mesti iso
terkabul.”(senyumgaje)

Anita : “Iyo. Bener sing diomongke Eka.”(ngempetngguyu)

Eka : “Nanging lek arep njalukmrono, kudhu nggowo sesajen.”

Dimas : “Dienggo opo, no?”
Eka : “Mboh. Dienggo persembahan ketoke.”

Ora let suwi sakbare obrolan tentang misteri wit ringin iku, bel
pelajaran muni. Gerombolan iku padha bubar balik menyang
kelase dewe-dewe.

BABAK 3 :



Ing kelas nalika guru 9E maringaken pelajaran, Rindah lan
dimas orang rungokne pelajaran. 2 murid iku malah ribet
ngomongke rumor wit Angker sing disebut dening Anita lan Eka.

Dimas : “Eh, Ndah. Jarene si Anita karo Eka tenanan opo ora ya?”

Rindah : “Mboh. Gak ngerti aku. Soale aku dewe yo durung nate
njajal.”

Dimas : “Lek tanah pener no, penak ya?”

Rindah : “Penak piye?”

Dimas : “Kowe ke takoke. Wis diomongi barang kok!”

Rindah : ”Diomongi opo? Karo sopo?”

Dimas : “Jabang bayii! (mbengok) Dek mang lho pas ing kantin!”

Rindah : “Woiyo! Eling-eling. Lha awake dewe arep njajal piye?”

Dimas : “Tapike, dosa lho!”

Rindah : “Wes to. Gak popo. Dosa ke dipikir keri.”

Dimas : “Tapi ke, awak dewe arep njaluk opo?”

Rindah : “Yo njaluk ben iso lulus lan entuk danem dhuwur to! Kan kowe
males sinau to?!”

Dimas : “Oiyo.. Hehehe(garuksirah) Koyok kowe sregep wae?”

Rindah : “Sekarep. Dadiora?”

Dimas : “Lek akuke manute. Njajale kapan? Engko bengi piye?”

Rindah : “Yowis. Ngono'e..”

BABAK 4 :
Ora let suwi jam dinding nunjukake angka 2. Bel mulih muni. Murid-
murid SMP Maju Mundur padhara mearep mulih. Uga Rindah lan Dimas sing
lagi metu saka kelas. Bedane, bocah iku ora langsung mulih.
Nanging isik nyiapake pepakan kanggo rencana mengko bengi.
Saiki wong 2 kuwi ana ing peken.





Dimas : “Arep tuku opo iki, Ndah?”

Rindah : “Tuku sajen lah. Mosok tuku mpon-mpon?!”

Dimas : “Lha iyo. Sajene ke opo?”

Rindah : “Yo omong bakule to! Kan luwih ngerti.”

Dimas : “Lha tukune sajen kuwi sing sebelah endi?”

Rindah : “Wis to.. Menengo. Aku ngerti panggonane. Cilikan ku dhisik
gawene aku melu mbahku tuku sajen.”

Dimas : “Yowis nek no. Ayo ndang merono!”



Rindah nunjukake dalan menyang bakul sesajen langganane
mbahe dhisik. Kios kasebut uwis ana mbah-mbah kang nunggoni
dodolan. Rindah dan Dimas marani mbah-mbahiku.



Rindah : “Mbah, kula kersa tumbas sajen.”

Dantika : “Yo. Sajen opo?”

Ceples : “Enteni pun sajen menapa?”

Dantika : “Ono akeh wernane. Sajen Bucalan, Sajen Tarub, Sajen
Siraman, Sajen Ngerik, lan sakliyane. Njalukmu sing endi?”

Dimas :(bisik-bisik) Heh, ndah. Sajene sing endi wi? Jenise kok akeh men?”

Rindah : “Eh, emboh ya. Aku yo ora ngerti sajen sing endi!”

Dimas : “Lhaa.. Terus sajen sing endi ndah?!Aku kan ora nate tuku.”

Rindah: “Lha awakku ke mungeruh panggonane tok.”

Dimas : “Lhaa.. Pleeessss. Terus iki piyee?”

Rindah : “Yowis. Sekarep leh milihe. Penting nggawa sajen.”

Dimas: “Nggih sampun, mbah. Kula tumbas Sajen Uncalan
kemawon.”

Dantika : “Sajen Bucalan, le. Sajen kok dienggo uncalan?!
Yowis,tuku piro?”

Dimas : “setunggal mawon.”

Dantika : “Yo. Entenono sik. Arep tak jupukne.”

(mlebu kios njupuk sajen sing dipesen mau)

“Nyo, le.”

Rindah : “Pinten, mbah?”

Dantika : “satus ewue lah.”

Rindah : “Menapa awis banget, mbah?”

Dantika “Yowis. Khusus kowe tak diskon malih slawe ewu.”

Rindah : “Nggih. Niki, mbah.”





Sakwise entuk sajen, bocah 2 kuwi metu soko pasar arep mulih
menyang omahe dewe-dewe. Ing perjalanan, Rindah lan Dimas
ngrencanakake kanggo engko bengi.

Dimas: “Engko bengi kumpule ing endi?”

Rindah : “Ngarep sekolah wae. Jam piro?”

Dimas : “Jam 11 bengi?”

Rindah: “Yowis. Deal ya?” (ngulurke tangan)

Dimas : “Oke. Deal!” (njabat tangane Rindah)





BABAK 5 :



Wektu bengine, Rindah lan Dimas ngumpul ing ngarep SMP Maju Mundur jam
11. Sakbare nyiapake sesajen lan kaperluan liyane, bocah
2 iku moro menyang mburi sekolah. Tepate ing ngisore wit ringin sing
jarene angker.



Rindah : “Mas, endi sajene ?”

Dimas : “Iki lho.” (nyerahake sajen nyang Rindah. Rindah
langsung ngekekne sajen kuwi ing ngisore wit angker iku)



Sawise ndekek sajen kuwi, dumadakan krungu swara ngguyu
kang banter banget.



Anita : “Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”

Rindah& Dimas : “Swara opo iku?!” (gemeteran)

Anita : “Ono opo kowe bocah-bocah marani aku? Wa.. Ha.. Ha..
Ha..”

Rindah : “Aa.. a.. anu, mbah. kula badhe....”

Anita : “Arep nyapo kowe?”

Dimas : “Badhe.. manthuk, mbahhh.” (arep mblayu, nanging dicegat
karo Rindah)

Rindah : “Anu mbah. Ku..kula gadhah pan.. panjalukan.”

Anita  :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha.. Arep njaluk panjalukan
opo kowe, cah cilik?!”

Rindah :“Ni.. niku, mbah. Kula badhe nyuwun lulus UNAS kangge danem
kang dhuwur.”

Anita :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha... Menak iku! Nanging..”

Dimas :“Na.. nanging menap.. pa, mbah?”

Anita:“Ono syaratee. Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”

Rindah lan Dimas:“Syarate menapa, mbah?”

Anita :“Kowe kudu nuruti kongkonanku!”

Dimas :“Kengkenan menapa, mbah?”

Anita :“Aku njaluk parcel buah!”

Dimas : “Sakmeniki, mbah?”

Anita : “Ora, sok Jum'at Kliwon bengi! Yo saiki lah!”

Rindah : “Yah, samanten meniki toko sampun tutup sedaya, mbah.”

Anita : “Woiyo. Nekno kowe sit up 2x, lan back up 2x!”

Rindah lan Dimas: “Nggih, mbah.”

Dimas : “Sakmeniki?”

Anita : “Iyo, le.”



Rindah  lan Dimas nglakokake perintahe Mbah-Mbah Penunggu Pohon
iku. Sawise nglakokne kuwi.



Dimas : “Sampun durung, mbah?”

Anita : “Sek kurang! Kok menankmen ngono tok?!”

Rindah : “Lha terus karepanmu napa, mbah?”

Anita : “Loh.. Kok ngece?! Eneh lee.. Isik akeh le syarate!”

Rindah : “Ampun, mbaaahh.. Uwiiiisss..”

Dimas : “Iyo, mbah. Sakmeniki waae.. Pleeaaasseee...”

Anita : “Lhaaahh.. kok malah sok-sokan Basa Inggris
kowe?! Ngenyek ye?!”

Rindah  lan Dimas:“Ngapunten, mbah.”

Anita : “Yowis. Lekngono, aku arep njaluk..”

Rindah : “Nyuwun ngapunten mbah saderengipun. Niki sampun badhe
enjing.”

Anita : “Yowislah. Dadi, kowe mau arep njaluk apa,bicah?
Hahahha”

Rindah : “Niku, mbah. Sekedhap malih kula lanTuman badhe sowani
UNAS. Amargi punika, Kula badhe nyuwunsu pados ngangsal
danem ingkang sae uga sangguh mlebet SMA favorit.”

Anita : “Gara-gara kuwi kowe nekani aku? Wahahaha..Iku menak.”

Rindah lan Dimas : “Kepriye, mbah?”

Anita : “Kowe saben jam 7-9 bengi sinau mata pelajaran saka
sekolah. Aja lali dunga sek. Terus, ing kelas kowe bocah 2 aja
rame dewe. Garapen PR sing wis diwenehi gurumu. Lan aja lali sholat 5
wektu.”

Dimas : “Lha, mbah. Menawi punika kula ugi sampun mangertos. Kajawi
punika ingkang langkung gampil menapa, mbah?”

Anita : “Tanah kuwi sing paling gampang. Paling
manjurpisan.”

Rindah : “Nikikaken naminipun konsultasi, mbah. Punapa nyukani
saran?”

Anita : “Lha karepan mupiye, hah? Kowe nantang aku?!”

Dimas lan Rindah : “Mbo..mboten, mbah.”

Anita : “Lek kowe orang lakokne apa sing takomongne mau,
kowebocah 2 bakal tak santet!”

Dimas : “Ampun, mbah. Inggih-inggih. Kula mangke numindak ake
dhawuhani pun.”

Anita : “Yowis. Lek ngono ndang mulih kana! Wahaha..”



Tibakno, pakoleh saka nekani wit keramat kasebut GATOT alias
Gagal Total. Rindah lan Dimas malah diwenehi wejangan sing
apik-apik saka mbah panunggu. Amarga kekaronen
ancaman mbah kuwi, Rindah lan Dimas nglakokake kongkonan
mbahpanunggu.

Wektu ngedepi UNAS Rindah lan Dimas bisa nggarap soal kang
gampang. Hasile, bocah2 iku lulus kangge danem sing apik.
Ora eman-eman perjuangan bocah 2 kuwi nglakokake dhawuhan
mbahpanunggu. Akhire, Rindah lan Dimasdadi bocah sing sregep
lan pinter.






Wektu lulusan




Anita : “Slamet ya, ndah, mas. Kowe bocah 2 bisa lulus
kanggo danem sing dhuwur.”

Rindah : “Hehehe..Iya. Suwun, Nit.”

Dimas : “Iyo, Nit. Matur suwun, ya.”

Eka : “Ora eman, ya?”

Dimas : “Eman apa?”

Rindah : “Yo sinaune mas.”

Anita : “Heh. Duduk kuwi. Ora eman leh aku karo eka nggawe
rencana.”

Dimas : “Rencana apa?”

Anita: “Hehehe..sakjane, cerita sing tak ceritakne menyang
kowe cah 2 iku ora tenanan.”

Dimas : “Lho? Lha kok iso? Kae lho ana mbah-mbah panunggune tenan!”

Rindah : “Iyo..Lha aku'e dadi sregep sinau yo gara-gara
kongkonane mbah panunggu wit iku. Aku wedhi lek disantet.”

Eka : “Hehe..orayo. Gak mungkin kowe disantet.”

Dimas : “Jare sapa? Kowe lhora ngerti.”

Dantika : “Piye leh ora ngerti? Lha wong sing ngongkon kowe lho
aku.”

Rindah lan Dimas: “Ha? Maksude?”

Anita : “Dadi asline mbah-mbah panungg uwit keramat mburi
sekolah kuwi jane eka”

Dimas : “Iyo,eka?”

Eka : “Hehe.. Iyo. Aku karo Anita sing ngrencanakne iku.”

Rindah : “Lha nyapo kowe ngrencanakne njebak aku karoTuman?”

Anita : “Duduk njebak yo. Aku karo Asha mek pengen nyadarke
kowe cah 2.”

Dimas : “Nyadarke piye? Koweke malah ngeden-ngedeni lho.”

Dantika : “Yo, sorry to. Kan kanggo keapikan. Salahmu dewe kok
dadi murid mbeling eram.”

Rindah lan Dimas: “Hehe..sepurane, cah.”

Rindah : “Berarti iki kabeh meng akal-akalane kowe cah 2?”

Anita: “Jane yo ora mung aku karo eka tok. Idene iki saka. Nita
sing nyritakake tentang mitos wit keramat mburi sekolah
kuwi.”

dantika : “Berarti kuwi mek mitos tok, ya?”

Anita : “Iyo, ketoke.”

Dimas: “woalah, cah. Tak kira tenanan. Tapi, matur suwunya. Lek
kowe gak ngrencanakne iki, paling aku karo Rindah ora bias
dadi bocah sing sregep. Yo gak, Ndah?”

Rindah : “Yoi, bro.”

Dantika : “Sip..sip. Padha-padha kanca kudhu saling
tetulung.”

Anita : “Ayo, ndang diduduhne hasil ulangane iki menyang wong
tuwane awak dewe. Ben padha seneng!”

Dantika Rindah lan Dimas : “Yuk.. Maree..”

Sak wise iku, bocah 5 kuwi dadi kanca kang rukun. Padha sregep
kabeh.