Jumat, 20 Januari 2017

Wejangan Kanca Pentinge Pendidikan (XII PMS 2)


Judul : Wejangan Kanca Pentinge Pendidikan
Tema : Pendidikan, persahabatan, sosial.
Jumlah Tokoh : 4 Orang

Pemeran : Lias, Fridia, Indah, Mei

Karakter : Lias (seneng dolanan), Fridia(seneng kegawa kanca), Indah (mempeng), Mei (bocah tlaten)
Sinopsis Drama basa jawa
Indah lan Mei nang dina kuwi ngupadi kanggo menehake pamahaman marang kapindho kancane, yaiku Fridia lan Lias babagan bab pamulangan kuwi adoh luwih penting katimbang nglakoke aktivitas-aktivitas sing ora nduwe aji.
Dialog bahasa jawa
Lias : Sesuk dina Minggu kowe arep neng endi Fri? mesti ana acara mlaku-mlaku ya?!

Fridia : Durung ngerti ki.. aku durung nduwe rencana nengendi-endi.

Indah : Yen aku arep neng ngomah wae. Aku mendingan sinau daripada dolan mrana-mrene ra jelas ngunu.

Mei : Iya, aku uga padha karo Indah. Daripada keluyuran ra jelas mending sinau wae neng omah.


(Indah lan Mei nyat beda karo Lias lan Fridia. Indah lan Mei yaiku bocah sing sregep sinau lan mentingake pendidikan tinimbang liyane).
Lias : Wah kowe ki dina Minggu yo isih sinau ta?! sajrone pitu dina kuwi awake dhewe mung nduwe siji dina kanggo nyenengna awak, ngapa uga mesti sinau.

Fridia : Iya, dekne kabeh sregep banget. Padahal sinau sajrone nem dina kuwi uga wis luwih saka cukup.

(Mei banjur njelaske marang dekne kabeh, bab pamulangan kuwi adoh luwih penting daripada dolanan utawa keluyuran ra jelas).

Mei : Plesiran lan dolan kuwi emang butuh sih.. awake dhewe mestine kudu rumangsa jenuh nek saben dina mung sinau lan sinau, Nanging kita kudu eling menawa kanthi akeh anggone sinau sing bakal ndadekne awake dhewe dadi bocah sing pinter.

Indah : Iya, aku setuju karo kowe, Mei. Wis lah, aku sih bukane nglarang yen kowe arep pada dolan, Nanging karepku ki kowe tetap fokus karo pamulangan. Aja kokehan keluyuran, sementara pamulangan mu tok kalahke.

Fridia : Sapa kandha aku ngalahke pamulangan. Aku uga sinau kok.. Nanging ora sesregep kowe cah loro..

Mei :  Nah mergo kuwi dheweke, awet saiki kowe kudu menehi wayah sing luwih akeh kanggo sinau mu supaya mengko kowe bisa lulus kanthi biji sing apik.

(Lias banjur digawe terenung saka pacelathon kancane kuwi (dekne kabeh iki mentingna banget pamulangan katimbang dolanan) bathin Lias jero ati.


Lias : Ok, aku tampa masukanmu. Kayane apa sing tok omongke kuwi pancen bener. awet saiki aku kudu luwih fokus karo pamulangan.

Fridia : Iya aku uga.. ngapa aku kudu mbuang akeh wayah kanggo tujuan sing ra jelas ngunu, sawentara pamulangan sing kudune tak sinau malah tak kalahake.

(Sawise kui bocah 4 mau banjur pada janjian manawa badhe ngemutake yen wayah sianu supaya pada nduwene biji sing apik lan bisa nerusake ana sekolah sing pada neng SMA).

Nama :
- Fridia Restu H. (04)
- Indah Dwi P. (11)
- Lias Meirani (18)
- Mei Selfiana P. (25)

Nyasar Rumah Sakit Amarga Facebook

Nyasar Rumah Sakit amarga Facebook

Babak 1
Panggonan : Kantin sekolah

Neng salah sawijining dina, bar rampunge pelajaran boso jawa pas wektu istirahat, Hana, Indah, Lina karo Melani mlaku arep nang kantin sekolahan.
La pas kui seh udan deres banget lan juben sekolah rada lunyu-lunyu piye ngunu. Bocah papat iki mau mlaku cepet-cepet mergo bel wes arep di unek ne.

Hana          : “Woy ayo! Cepet to..wis arep bel iki”
Indah         : “Alon-Alon wae lunyu ki dalane… ndak kepleset ngko”
Lina           : “Ho’e, santae wae lah….. santae wae, wong bar iki pelajarane pak sugeng. Ho’o ora Mel?
Indah         : “ Lak mlaku ki ndelokne dalan Mel, ora sah Facebookan wae, mengko kepleset, nangis kapok. Hahaha… “

Melani panggah ora nanggapi omongan cah 3 mau, Melani panggah mlaku nyambi facebookan sak tekane kantin sekolah, bocah telu mau langsung cepet-cepet tuku panganan nanging malah adel isih sibuk facebookan wae…
Inda           : “Beh… Melani ki lak wes Facebookan, jan raiso diganggu!”
Lina           : “Haiyo..”
Ha              : “ Tinggal Wae yo cah..”
Melani       : “ Hayo podo ngomongke opo? Ngomongke Aku yo?”
Indah         : “ Ealah tas nyadar po? kowe ki ngpo he?”
Melani       : “Facebokan, Update status teros chating karo irvan, lan sak liane..”
Hana          : “wkwkwkkw.. bocah jaman sak iki.. yo gek balek neng kelas”
Mela          : “walah aku rong jajan ki?”
Bocah Telu   : “Sopo seng takon !! Nangiso!?
TRINGGKK ….!!   TRINGGKK ….!! TRINGGKK ….!!
Hana           : “Weh, Wiss bell rek.. , yo tinggal wae lah Melani….”
Indah                        : “Ho’o selak pak sugeng mlebu kelas…”
Lina, Hana      : “Yoo’e…”

Babak 2
Panggonan : Tangga

Lina, Hana dan Indah teros mlaku menyang nang kelas ninggal Melani sik isih jajan. Bar kui bocah telu kuwi mau melaku, la saktekane nang ngarep TU Melani mlayu-mlayu ning mburine nyambi mangan lan facebookan.
Pas kuwi Melani wis di ilingake lak mangan ojo nyambi facebookan, nanging Melani tetep wae mangan, facebookan sinambi mlayu-mlayu. sakwise bocah 3 kuwi mau ninggal ne Melani. Tekan tangga ono suara “Grubyakkkkk”
Lina            : Opo kuwi mau sing muni rek?
Hana           : Wong tibo koyone
Indah          : Hust ojo ngono, nek tenan yo mesake to to!
Lina            : Yok gek di tiliki
Terus bocah telu kuwi mau nilik opo seng muni banter mau, nganti krungu seko adoh…
Hana           : “woooo lak tenan to Melani tibo! Makane nek dikandhani ki manut o!
Lina            : “Weh kowe ki din lak kancane tibo malah di senen seneni tulungi ngunu loh!”
Indah          : “Malah eyel-eyelan to cah!”
Hana & Lina  : “Ngopo?”
Indah          : “Yo tulungi lah”
Melani        : Aduhhh, loro banget e
Hana           : Makane nek di kandhani yo manut o Mel, saiki yo ngeneki akibate dewe to…?
Melani        : “Iyo-iyo aku wes insyaf  iki, eh hp ku nengdi yo?  aku mau arep upload foto je !!”
Indah          : Haduh.. wis tibo jek panggah mikirke hape, facebookan, wkkwkkw
Lina            : Weslah tanganmu metu getihe ki lo, gowo neng rumah sakit, hpmu ikhlas ke wae..
Indah          : Isih iso wae guyu, makane lek  mangan karo facebookan ojo  karo di sambi mlaku, akibate laran nyasar rumah sakit to. Hpmu juga yo dadi korbane melu tibo.
Melani        : “Yo yo, aku ngaku salah wisan”
Lina            : “Wis ndang di gek gowo neng rumah sakit wae..”

Sakwise kuwi bocah papat iki mau njikuk hikmahe, toto coro wong mlaku iki menawi ditindakake kanti bener ben iso nguntungaken awake dewe.
Lan sing paling penting ojo mlaku karo nyambi liyane, misale war mangan lan facebookan mergoiso gawe nglarakake awakmu lan hp iso katut dadi korban.

Tamat

Nama : -   Hana Widya (05)                                     - Lina Ayu K. (19)
-          Indah Ratnasari (12)                               - Melani Dwi A. (26)


XII PEMASARAN 2

jaka tarub (XII PMS 2)

Jaka Tarub


BABAK 1
Panggonan : ing kayangan
Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar           : “Ayo para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang       : “Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Sari              : “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar  : “(nggawa slendhange) Ayo....”
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Seka            : “Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari : “Iya, bening banget”

Babak 2
Panggonan : ing alas
Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ngintip para Nawang.
Jaka Tarub    : “(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang. Supaya bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka Tarub    : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes.”
Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang dewe-dewe.
Nawang Sari      : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar   : “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh”
Nawang Wulan  : “(bingung tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?”
Nawang Lintang:  “Iku mau kowe seleh ngendi?”
Nawang Wulan  : “(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
Nawang Sari     : “Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu Nawang        Wulan?”
Nawanag Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.”
Nawang Sekar   : “Piye iki, langit wis arep peteng.”
Nawang Sari     : “Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup”
Nawang Lintang : “Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal nyusul kowe”
Nawang Wulan   : “Inggih, Mbakyu.”
Nawang Sari      : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih menyang kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang Wulan   : “(susah ) Ana ngendi slendhangku ya?”
Jaka Tarub        : “Geneya kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan   : “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub    : “Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa jenengmu?”
Nawang Wulan   : “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku”
Jaka Tarub       : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhangmu kuwi”
Nawang Wulan   : “Wah...matur suwun Jaka Tarub”

BABAK 3
Panggonan : ing omahe jaka tarub
Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka Tarub        : “Dinda, Akang budal menyang alas sek ya!”
Nawang Wulan   : “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan   : “(nangis) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka?”
Wayah surup Jaka Tarub mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan lagi nangis.
Jaka Tarub        : “Ana apa, Dinda?”
Nawang Wulan  : “(nduduhake slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?”
Jaka Tarub       : “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku  kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang Wulan  : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus”

BABAK 4
Panggonan : ing kayangan
Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan.
Nawang Lintang  : “Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan”
Nawang Sari       : “Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan”
Nawang Sekar     : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”

BABAK 5
Panggonan : sumber ing bumi
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.
Nawang Sari   : “Nawang Wulan, ayo kowe bali.”
Nawang Lintang    : “Kowe aja percaya marang manungsa kuwi”
Nawang Sekar      : “Ayo dulurku”
Nawang Wulan     : “Inggih mbakyu”
Jaka Tarub          : “(nangis) Dinda, kowe aja bali”


 NAMA ANGGOTA :
Fira Wulandari  (01) 
I Dkhana Putri L. (08)
Kiky Agustiningtyas (15)
Maratul Uswatun K. (22)
Ninit Tri Okta I. (29)


XII PEMASARAN 2

Kamis, 19 Januari 2017

Telat Sekolah

ANGGOTA KELOMPOK:
1)     MELIYA AGUSTIANA    (02)
2)     NIKE SULASTRI              (11)    
3)     NUR FATIMAH                (14)    
4)     NURUL KHOTIMAH       (19)

Telat Sekolah

Ing sakwijine dino ana bocah loro sing arep budal sekolah.  sing kate budhal sekolah kesusu wedi lek telat , ndek deso wes akeh arek ngebeki dalan kate budhal sekolah , nur lan nike budhal bareng , karo guyon-guyon mbek arek liane , nur lan nike wes  sahabatan mulai SD nganti saiki , arek loro iku wes koyok sakduluran
Nur        : Yohhh telat iki kayak e (Medon soko motore)
(Nike teko arep markirne motor)
Nike       : Enteni sek tak markirne motor
Nur        :Iyo ndang ae
Nike       :Iyo sabar sedelette
Nur        : Ayo ta mulek…… , selak telat iki lo …
Nike       : Iyo , gak-gak lek telat jilbab ku gong pener kilo sedelet ae takbenakne.
Nur         : Wes jam piro iki (karo ndelok jam)
Nike         : Aduh , gak-gak Nur  (10 menit kliwat , Nike lan Nur wes onok  pelatarane sekolah) 
*
*
Nike       :Yohh telat iki ketok e, piye jare ngeko gek pemantapane gurune sopo dino iki mang nur?

Rabu, 18 Januari 2017

GARA - GARA



GARA-GARA

     Babak 1  
Ing salah sawijining dina ana bocah sing jenenge Dodit, dheweke kuwi pinter, sregep lan apik dening sapa wae. Dheweke nduwe  kanca jenenge Rahmat, Tina, Tini, lan Nita. Saben dina 5 bocah kuwi rentang renteng ngalor ngidul bebarengan. Tina lan Tini iku bocah kembar sing laire mung beda setengah jam, sanajan kembar nanging bocah 2 kuwi nduweni sifat kang beda sanget. Tina kuwi bocahe rada pinter nanging saben gurune nerangake dheweke kereb sanget keturon ana jero kelas lan dheweke kuwi senengane ngganggu Tini amarga adhine kuwi jereh. Nalika Tini dheweke kuwi senengane dandan ana ing endi wae, ora pinter lan siji maneh dheweke kuwi seneng karo Dodit. Nita, yaiku bocah sing misterius, ora gelem srawung karo bocah liane kajaba kancane 4 kuwi mau, sanajan akrab karo kanca-kancane kuwi mau nanging dheweke kereb dhewean , mboh kuwi ning kelas utawa ning perpustakaan. Kanca sing paling akrab karo Dodit yaiku Rahmat, bocah kang sugih, nanging ora sombong lan dheweke ora pinter kaya Dodit.

       Nalika bel mulih sekolah wes muni murid-murid ing sekolah Haruman pada buyar metu saka gerbang. Nanging isih ana bocah lima sing ana ing njero kelas, nalika bocah kuwi arep metu saka kelas, Tina, salah sawijine bocah sing ana ing kono mau mandeg saka mlakune lan ngomong marang kanca-kancane.

Tina           : ”Cah, coba rungokna kae, kaya ana bocah sing nangis.” Kandhane Tini marang   kanca-    kancane.

Tini            : ”Sampean iku ngomong opo to mbak, aku wae ora krungu apa-apa kok.” Ujare Tini karo clingak-clinguk amarga dheweke wedi
.
Tina           : “ Rungokke dhisek to, Tin. Swarane wae banter kok. Sampean krungu gak, Dit?” Pitakone Tina marang Dodit.

Dodit         : “Yo, aku krungu, kayake swarane teko gudang sakcedhake perpustakaan kae.”

Rahmat      : ”Yowes mending awake dhewe rono wae, mengko nek enek bocah sing njaluk tulung.” Usule Rahmat marang kanca-kancane.

Tini            : ”Mbak, ayo mantuk wae, ora ana apa-apa ya mbak. Mengko nek gerbange dikunci lo mbak karo Pak Supri.” Kandhane Tini marang Mbakyune.

Tina           : “ Mantuk.o dhisek wae, aku arep ndelok sapa sajake sing nangis kuwi. Nek awakmu wedi mending  mantuk wae. Mantuk dhewe wani to ?” Pitakone Tina sajak ngece adhine sing jereh kuwi.

Dodit         : “Ayo ndang mrono, bener omonge Tini mengko gerbange selak di kunci karo Pak Supri.”

Tini            : "Bener kan, Dit ?" Ujare Tini sajak mesam-mesem amarga bocah sing disenengi dheweke kuwi mbenerake omongane.

Rahmat      : “ Dodit omong ndang cepet mrono ora ndang cepet mulih kaya awakmu.” Selake Rahmat karo mlaku menyang gudang lan ditututi dening kanca-kancane.

Tina           : “Ayo, Nit. Awakmu genea lara ta ? kok meneng wae.” Takone Tina marang Nita sing meneng wae nalika kancane lagi pada omong.

Nita           : “Aku ora nyapo-nyapo kok Tin.” Wangsulane Nita karo mlaku nyusul kanca-kancane.

Tini            : “Aja dibukak lawang kuwi, kandhane Bu Narti ing njero gudang kuwi akeh bangsa alus sing wes suwi manggon ana kono.” Kandhane Tini karo ngempet wedi.

Rahmat      : “Awakmu kuwi omong opo to, Tin. Ora usah percaya karo sing ngono-ngono kuwi, mundak musyrik lo.” Ujare Rahmat.

Dodit         : “Wes wes mending tak bukake wae. Sapa to sing nangis kaya ngono kuwi ning njero gudang pisan, kok kaya ora ana panggon liya wae.” Ujare Dodit rada nesu amarga kanca-kancane wes padha geger.

Nita           : “ Ora usah, Dit, aku wae sing mbukak.” Kandhane Nita sing awit mau meneng wae ora ana swarane.

(Nalika Nita mbukak lawang gudang kuwi……………grek…..grek…..)

Tini            : “Aaaaaaaaaaaaa…………”. Tini njerit lan nutupi raine amarga dheweke wedi ngingeti bocah sing ana ing njero kuwi.”

Babak 2

      (Srek….srek…. bocah kang ana ing njero gudang kuwi mlaku menyang lawang kanthi sikil kang kebak getih, rambut dawa kang nutupi raine ndadekake ora dikenal sapa wae. Dheweke tetep nangis sesenggukan lan ora mandeg anggone mlaku. Dheweke saya cedhak karo Tini sing awit mau sikile kaya ora kena diobahne nganti ora krasa metu cairan bening saka mripate Tini. Bocah kuwi mau isih mlaku menyang lawang. Tini sing rumangsa di cedhaki saya banter anggone nangis, nalika bocah kuwi saya cedhak, bruk… bocah kuwi tiba ing andeng sikile Rahmat. Rahmat mbukak rambute bocah kuwi lan tibake bocah kuwi mau Risa, adhine Rahmat dhewe.)

      Risa           : “Aduh…sikilku.” Rintihe Risa

      Rahmat      : “Lho, Ris awakmu nyapo ndek kene ?”

Tini            : “ Ya Allah Ris awakmu bar diapakake? Digondhol dhemit ta? Dikiter kuntilanak? Apa digeret  wewe?”

Dodit         :”Hushh, awakmu iku ngomong apa, wewe kok ngomong wewe.”

Tini            :”Ihh Dodit… mosok wong ayune kaya widadari ngene di omong wewe sing praupane nyeremake.”

Tina           :”Tini, Tini, ning mburimu Tin.”

Tini            :”Ana apa ta mbak, ana apa?”

      (Alon-alon Tini mengo ning mburi, nalika dheweke nyawang mburine, Nita bocah sing kawit mau meneng wae mlilik pas sak ngarepe Tini.)

Tini            :”Aaaa……........Ya Allah, Astagfirullahaladzim. Nita sampean iku medeni banget kaya dhemit plilak-plilik. Sampean iku nyapo to kawit mau meneng wae, ora ana swarane.”

Babak 3

      (Nita sing ditakoki Tini meneng wae ora nyauri, dheweke malah nyedaki Risa sing kawit mau lungguh lan nangis mageb-mageb)

Nita           :”Dek, awakmu nyapo nangis ing njero gudang? Gek sikil mu kuwi nyapo kok kebak getih?”

Risa           :”Aku dek mau ngiter kucing seng nggondol gerih seng tak nggo lawuh mbak.”

Rahmat      :”Mosok ngiter kucing wae nyampek getihen. Apa dicakar kucing?”

Risa           :”Dek mau kan kucinge mlebu gudang, tak kiter kucinge menek nyang nduwur lemari. Nalika aku arep menek meja sakcedake lemari, salah siji sikile meja ceklek, aku kaget terus tiba lan sikilku keberet paku sing nancep ing meja kuwi. Ujug-ujug kucinge mlompat nyang aku lan nyakar sikilku.”

Tina           :”Oalah dek dek polahmu iku lo, mandak lawuh sing wes di gondhol kucing wae kok dikiter-kiter.”

Rahmat      :”Wes-wes, gak sah nangis. Ayo ndang mulehe, wes surup. Selak gerbange ditutup karo Pak Supri.”

Dodit         :”Yowes tas mu ndang jupuken Ris.”

      (sak banjure bocah-bocah iku mlaku menyang gerbang, nalika teka gerbang tibako gerbange wes ditutup)

      Dodit         :”Loh loh kok gerbange wes ditutup, nang endi Pak Supri?”

Tina           :”Aduh…piye iki, kok gerbange wes dikunci. Yoh aku ke luwe gara-gara awakmu lo Ris nyapo dadak ngiter kucing barang.”

Nita           :”Wes wes aja gegere, piye iki carane metu? Wes surup iki selak maghrib mengko di goleki bapak ibumu lo.”
Babak 4

      (Nalika bocah-bocah pada bingung piye carane arep mulih, ana swara kresek kresek ning mburi wit sakcedake pos satpam. Risa alon-alon nyedaki wit kuwi.)

……….     :”Miaoowwww……….”

      (Sak banjure Risa teko neng mburi wit, ujug-ujug enek swara kucing mbengok. Risa seng koyoke tau weruh kucing kui melu mbengok nyeluk mas.e)

Risa           :”MAS RAHMAT! Kui kucing seng ndek mau!”

(Banjur kucing kuwi mlayu menyang njero sekolahan terus di kiter dening Risa)

Tini            :”Risa! Ojo kok kiter maneh, aku pengen muleh! RISA….!!!!!!!”

      (Tina, Rahmat, Nita, lan Dodit mung iso sabar ngadepi kelakuane Risa seng kaya bocah cilik senengane ngiteri kucing lan Tini seng gaweane sambat lan bocahe jereh banget)


                                                                  **THE END**

XII AKUNTANSI 3
Anggota Kelompok : 
1. Mella Melati C         (03)
2. Muthi'ah Asmul F     (05)
3. Nanda Mulyaning T  (06)
4. Peby Indriani            (22)








KEKANCA LAN CITA - CITAKU



KEKANCA LAN CITA - CITA

10 Juni 2014 – Esuk umut umut Dini wis siap budhal sekolah.  Dheweke seneng banget amarga ing dina iku statuse wis dadi kakak kelas sing ana ing salah sawijining sekolahan favorit ing kuthone.  Kaya dene biasane Dini mesthi nunggu ketelu konco rakete yaiku Novi, Fina, lan Cinta ana ing perpustakaan sekolah.  Bocah papat iku pancen bocah kang sregep lan pinter – pinter.  Saben semesteran bocah papat iku mesthi oleh rangking paling dhuwur ing kelase.  Ora let suwi banjur koncone teko.
  
( ana ing ngarep perpus seng katon resik lan rapih ) 
Dini : “Fin, pean tekone kok awan banget, kawanen ta ?”
Fina : “Ora Din, nanging mau bensin motorku entek, dadine aku kudu tuku bensin disek ing SPBU lor SMPku kae”.
Novi : “Sorry cah, aku telat, aku lali nek dino iki mlebu sekolah”.
Dini : “Pean iki nov, nov, mosok lali yen dina iki mlebu”.
Novi : “Hehehe, maklum kebiasaan yen preian sekolah aku mesthi tangi awan.
Fina : “Lha Cinta ing endi Din ?”
Dini : “Wonge mau pamit aku, dheweke arep ing kantin disek, tumbas sarapan.

Kepapat bocah iku mau banjur mlaku menyang kelase.

(  ana ing ngarep  kelas XII Akuntansi 5 . kelas kang panggone ana ing paling mburi dewe seng cedak mushola, nanging kahanane ora tau anteng, isine mung rame lan senengane gojekan )

Dini : “Cah, tugas BKmu (Bab Masa Depan) wes kok garap opo durung?
Novi : “ Wis, iki garapanku wis rampung”.
Dewi lan Putri : “ Garapanku yo wis rampung”.
Novi : “ Nek kabeh wis, ayo podho ndang dikumpulne”.
Dewi : “ Ayo, mengko ditempelne ing rumah pohon ing enggon biasane awake kumpul”.
Dini : “ Ayo, mengko muleh sekolah ya”.
Dewi,Novi, lan putri : “ Iyo”.

Sak bubare sekolah banjur kepapat bocah iku mau kumpul ana ing rumah pohon sing biasane kanggo kumpul bocah-bocah mau.

( ana ing rumah pohon kang panggone ana ing sak kidul e sekolahan )

Putri : “ Ayo ditempelne ing blabak kene wae”.
Dini : “ Ngene wae, Putri gonmu tempelno ono ing blabak sisih wetan, Dewi ana ing sisih Lor, Novi gonmu sisih kidul banjur aku ing sisih kulon”.
Novi : “ Ayo ana ing omah iki podho ucap janji yen awake mbesok yen podho wis sukses ora bakal lali karo kanca-kancane lan tetep jaga silaturahmi marang kancane”.
Putri : “Aku setuju karo usulanmu pokok mbesuk sopo sing bakale sukses disek kudu bisa ngajak koncone ben iso sukses koyo liyane”.
Dewi : “Gek ngono ayo podho ndang sinau sing tenanan kareben karepane dewe kabeh iso kawujud”.
Dini : “Yen ngono gek ndang podho bali mengko lak podho digoleki wong tuwane, Sesuk ketemu maneh neng perpustakaan sekolah jam 06.30"

Saben esuk perpustakaan kui enggon kanggo nungguni kanca-kancane. 

10 tahun mari ngono Dini usaha nggoleki ketelu kanca rakete. Saiki Novi uwis dadi pengusaha salon ana ing kutha Surabaya, Dewi uwis dadi dosen ana ing Universitas terkenal ing Jakarta, dene Dini dadi kepala Daerah ana ing kutha panggone lahir. 

Dewi lan Novi wis saguh yen suk tanggal 20 Januari bakal kumpul ana ing rumah makan Ratusari sing panggone ana ing sak cedake sekolah SMK mbiyen. Nanging, kari Putri sing durung mesti isa teka amarga saiki dheweke dadi dokter spesialis ana ing rumah sakit Melati.

( Dini lagi njajal telpon Putri menyang rumah sakit panggone kerja )

Dini                                 : “Halo, sugeng siang ?
Receptionis rumah sakit : “Halo, sugeng siang, ngapunten niki saking sinten nggih?
Dini                                 : “Niki saking Dini, punapa niki saking griya sakit Melati ?”
Receptionis rumah sakit : “Inggih leres, wonten ingkang saged kula bantu ?
Dini                                 : “Punapa Dr. Putri wonten ?”
Receptionis rumah sakit : “Dr. Putri taseh wonten operasi, mangke kula aturaken dumateng 
                                          Dr. Putri   supados telpon ibu Dini maleh”.
Dini                                 : “Inggih sampun menawi ngoten, kula nitip pesen supados Dr. Putri 
                                          mbenjang kempalan wonten ing rumah makan Ratusari”.
Receptionis rumah sakit : “Inggih bu mangke kula aturaken ”.

20 Januari seminggu sak bibare Dini telpon Receptionis rumah sakit Melati

( Ing  Rumah Makan Ratusari, kahanane ing kono pancen adem lan resik, mula panggone rame ditekoni wong seng arep mangan )

Novi         : “Kaya kenal, apa iki Dini kancaku SMK mbiyen?
Dini          : “ Novi ? Iyo Vi aku Dini konco raketmu mbiyen.  Kepriye kabarmu saiki?
Novi         : “Alhamdulillah kabarku apik wae, la kabarmu kepriye Din ?”
Dini          : “Alhamdulillah kabarku ya apik-apik wae. Kepriye usahamu saiki? Wis bukak cabang
                     ana ngendi wae ?
Novi        : “Alhamdulillah saiki usahaku uwis luwih maju ketimbang mbiyen, saiki lagi proses bukak
                   cabang ana ing Malang lan Kediri”.
Banjur Dewi teka.............
Dewi               : “ Dini Novi!”.
Dini lan Novi  : “ Dewi, kepriye kabarmu?
Dewi               : “Alhamdulillah sehat, kepriye kabarmu podoan?
Dini lan Novi : “Alhamdulillah awake dhewe sehat-sehat wae, kepriye saiki podhoan usahane?
Dini                : “Alhamdulillah saiki aku wis iso mimpin daerah kelahiranku dewe”.
Novi               : “Yen aku saiki wes bukak salon dewe neng kutha Surabaya, Malang lan Kediri
Ujug-ujug Putri teka. . .
Putri                           : “Assalmau’alaikum , sepurane ya Din aku wingi raiso ngangkat telponmu aku 
                              wingi ana operasi dadakan.  Eh piye iki podhoan kabare ? isek eleng karo aku to ?”
Dini, Novi lan Dewi : “Wa’alaikumsalam bu dokter.  Kabare apik-apik wae.  Kepriye awakmu
                                    kok  sajake sibuk banget to ?
Putri                          : “Ya kaya mengkene iki kahanane kudu bisa mbiyantu msyarakat kabeh”.
Dini                          : “Alhamdulillah saiki wis podho sukses kabeh, iki amarga pas awake dhewe 
                                     isih sekolah sregep lan tenanan anggone sinau”.
Novi                            : “Sak liyane iku amarga rasa kepinginane awake dhewe sing 
                                      gedhe supaya bisa sukses”.
Dewi                            : “Saiki janjine awake dhewe mbiyen lan tugas BK sing awake tempe
                                       ing rumah pohon iso dadi kenyataan”.
Putri                          : “Mula saiki ayo podho disambung raketne silaturahmi sing wis tukul 
                                    wiwit mbiyen dadi luwih raket, masio podho bedho panggonan”.

Akhire papat bocah mau bisa sukses kabeh amarga usaha, kerja keras lan dongo marang sing Kuasa.


Anggota
1.      Nurul Mufidah                          (21)
2.      Purnamawati Setyo Puji          (24)
3.      Qomsi Wafrina                         (26)
4.      Ririn Dian Puspitaningrum     (33)

XII AKUNTANSI 3