Rabu, 18 Januari 2017

Bocah Jaman Saiki






Disusun Oleh :

XII AKUNTANSI 3

1.   NIA DANIATI                (09)
2. NIKE PRATIWI               (10)
3. NURUL LAILI S.              (20)
4. REPINA ARISKA             (30)



DRAMA

Drama yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat kang bisa kanggo tepa-tuladha ing urip bebrayan.
Darama ono 2 yaiku :
1.      Drama Tradhidional (Klasik) yaiku drama khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kesaktene salah sawijining wong.
2.      Drama Modern yaiku drama kang nduweni tujuan menehi panggulawentah tumrap masyarakat lan nduweni tema panguripe manungsa ing saben dina.
Jinis-Jinis Drama :
1.      Drama Komedi
2.      Drama Tragedi
3.      Drama Tragedi Komedi
4.      Opera
5.      Dagelan / Lelucon
6.      Operet
7.      Pantomim
8.      Tablau
9.      Passie
10.  Wayang
Unsur Drama :
v  Unsur Intrinsik Drama (struktur fisik drama) :
1.      Paraga
2.      Setting
3.      Alur
4.      Dialaog
v  Struktur batin drama :
1.      Tema
2.      Amanat
v  Struktur teks drama :
1.      Orientasi, para paraga dikenalake watake uga pandhapuke ing drama
2.      Komplikasi, para paraga diadhepake ing prekara dhewe-dhewe nganti klimaks
3.      Resolusi, para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane
4.      Koda, pesen utawa nilai-nilai moral disampekake marang pamiarsa.

v  Ciri basa drama tradhisional :
1.      Nggunakake basa ing tlatah drama
2.      Nggunakake basa sing nuduhake dialog saka tlatah drama
v  Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks drama tradhisional :
1.      Temtokake sawijining tema
2.      Temtokno crita apa kang bakal kok dadekake drama
3.      Milih paraga lan watak kang selaras karo paraga lan watak ing crita
4.      Nemtokake alur, papan crita
5.      Gawe adegan lan dialog saka para paraga
6.      Telitinen maneh









Contoh Teks Drama

Tema               : Remaja
Judul               : Bocah Jaman Saiki
Paraga             : 1. Dolla         : Ngeyelan
                        : 2. Dino          : Ora gelem ngalah (egois)
                        : 3. Diki           : Manudtan
                        : 4. Bu Dina     : Tegas, seneng aweh pitutur sing becik marang muride
Alur                 : Alur maju
Amanat           : Dadi bocah kui kudu due aturan yen numpak sepeda motor, matuhi aturan lalu lintas.  Ojo sakerepe dewe nalika ing dalan raya.
Gaya Bahasa   : Ngoko lugu

“BOCAH JAMAN SAIKI”
           
Ing sawijining dina, Dolla, Dino lan Diki mangkat sekolah bareng-bareng goncengan wong telu numpak sepeda motor.
Dolla   :”Din ayo ndang to selak awan kilo… gasen sing rodok banter tho”
Dino    :”ojo banter-banter, kowe kuwi panggon ana mburi dewe.  Mengko nek jeblok piye?”
Dolla   :”ora-ora tenang wae aku bakal gondelan sing kenceng”
           
Bocah loro kuwi binggung karepe dewe amarga Diki ora krungu apa sing diomongke bocah kuwi mau.  Kupinge Diki ngganggo headset karo ngrungokake lagu.
Dolla   :”Dik..Diki…kae pora Bu galak sing senengane ngumpreng-ngumpreng awake dewe (karo naboki awake Diki)
Diki     :”apa? Kowe ngomong apa?”
Dino    :”kow kuwi budge opo ora krungu? Kupingmu mau kok gowo apa kok tinggal ning omah?”
Diki     :”opo…..kopling? iki motor matic coyy…
Dolla   :”kepriye arep krungu, kupinge kuwi diganjeli karo korset”
Diki     :”iki jenenge headset ndeso…ojo tukaran wae kae ana Bu Dina ayo disalip wae, aja sampek kalah tekan sekolahan”
Dolla, Dino     :”awake mau yo ngomong kuwi Dik….
Diki     :”sorry sorry bro aku ora konsentrasi

            Bocah telu mau yen numpak sepeda motor ora duwe aturan, koyo bocah-bocah jaman saiki yen nyetir digas ora duwe aturan, mlakune ana tengah kayata dalane dewe.  Ujug-ujug wae ana suara “Wwwuuusssssstttt…”
Bu Dina           :”wealah bocah saiki yo numpak sepeda motor kok ugal-ugalan ora duwe aturan.  Mengko nek tibo apa yo ora loro….
“Brrrruuuaakkkk………” suara kaya bocah tibo soko sepeda motor.
Bu Dina           :”masa allah….wis ngerti lampu abang kok yo bablas wae.

Amarga bocah kui yen numpak motor bantere nggalahne kilat, or angerti yen wis ana tanda lampu kuning arep abang.  Bocah kui ora iso ngontrol gas motore banjur ditubruk karo motor arah liyo sing wis lampu ijo.  Ditulungi wong akeh lan Bu Dina gurune ing sekolahan.  Amarga bocah kui tatu kabeh awake gara-gara tiba mau akhire diterke menyang sekolahan marang wong sing nulungi mau.  Banjur tekan sekolah bocah kui digowo menyang uks lan dipanggil wong tuwane dewe-dewe supaya mara menyang sekolahan.
Bu Dina           :”mula ta yen numpak sepeda motor kuwi ngati-ati to le, nduk.  Ojo goncengan akeh-akeh ngono kui ora becik kanggo kaslametane awake dewe lan wong liane, petuk gurune ora takok malah nyalipi nganti ora konsentrasi.  Ojo dibaleni maneh yo…
Dino, Dolla lan Diki    :”engeh Bu ngapuntene bu Dina..

           


Tidak ada komentar:

Posting Komentar