Rabu, 18 Januari 2017

GARA - GARA



GARA-GARA

     Babak 1  
Ing salah sawijining dina ana bocah sing jenenge Dodit, dheweke kuwi pinter, sregep lan apik dening sapa wae. Dheweke nduwe  kanca jenenge Rahmat, Tina, Tini, lan Nita. Saben dina 5 bocah kuwi rentang renteng ngalor ngidul bebarengan. Tina lan Tini iku bocah kembar sing laire mung beda setengah jam, sanajan kembar nanging bocah 2 kuwi nduweni sifat kang beda sanget. Tina kuwi bocahe rada pinter nanging saben gurune nerangake dheweke kereb sanget keturon ana jero kelas lan dheweke kuwi senengane ngganggu Tini amarga adhine kuwi jereh. Nalika Tini dheweke kuwi senengane dandan ana ing endi wae, ora pinter lan siji maneh dheweke kuwi seneng karo Dodit. Nita, yaiku bocah sing misterius, ora gelem srawung karo bocah liane kajaba kancane 4 kuwi mau, sanajan akrab karo kanca-kancane kuwi mau nanging dheweke kereb dhewean , mboh kuwi ning kelas utawa ning perpustakaan. Kanca sing paling akrab karo Dodit yaiku Rahmat, bocah kang sugih, nanging ora sombong lan dheweke ora pinter kaya Dodit.

       Nalika bel mulih sekolah wes muni murid-murid ing sekolah Haruman pada buyar metu saka gerbang. Nanging isih ana bocah lima sing ana ing njero kelas, nalika bocah kuwi arep metu saka kelas, Tina, salah sawijine bocah sing ana ing kono mau mandeg saka mlakune lan ngomong marang kanca-kancane.

Tina           : ”Cah, coba rungokna kae, kaya ana bocah sing nangis.” Kandhane Tini marang   kanca-    kancane.

Tini            : ”Sampean iku ngomong opo to mbak, aku wae ora krungu apa-apa kok.” Ujare Tini karo clingak-clinguk amarga dheweke wedi
.
Tina           : “ Rungokke dhisek to, Tin. Swarane wae banter kok. Sampean krungu gak, Dit?” Pitakone Tina marang Dodit.

Dodit         : “Yo, aku krungu, kayake swarane teko gudang sakcedhake perpustakaan kae.”

Rahmat      : ”Yowes mending awake dhewe rono wae, mengko nek enek bocah sing njaluk tulung.” Usule Rahmat marang kanca-kancane.

Tini            : ”Mbak, ayo mantuk wae, ora ana apa-apa ya mbak. Mengko nek gerbange dikunci lo mbak karo Pak Supri.” Kandhane Tini marang Mbakyune.

Tina           : “ Mantuk.o dhisek wae, aku arep ndelok sapa sajake sing nangis kuwi. Nek awakmu wedi mending  mantuk wae. Mantuk dhewe wani to ?” Pitakone Tina sajak ngece adhine sing jereh kuwi.

Dodit         : “Ayo ndang mrono, bener omonge Tini mengko gerbange selak di kunci karo Pak Supri.”

Tini            : "Bener kan, Dit ?" Ujare Tini sajak mesam-mesem amarga bocah sing disenengi dheweke kuwi mbenerake omongane.

Rahmat      : “ Dodit omong ndang cepet mrono ora ndang cepet mulih kaya awakmu.” Selake Rahmat karo mlaku menyang gudang lan ditututi dening kanca-kancane.

Tina           : “Ayo, Nit. Awakmu genea lara ta ? kok meneng wae.” Takone Tina marang Nita sing meneng wae nalika kancane lagi pada omong.

Nita           : “Aku ora nyapo-nyapo kok Tin.” Wangsulane Nita karo mlaku nyusul kanca-kancane.

Tini            : “Aja dibukak lawang kuwi, kandhane Bu Narti ing njero gudang kuwi akeh bangsa alus sing wes suwi manggon ana kono.” Kandhane Tini karo ngempet wedi.

Rahmat      : “Awakmu kuwi omong opo to, Tin. Ora usah percaya karo sing ngono-ngono kuwi, mundak musyrik lo.” Ujare Rahmat.

Dodit         : “Wes wes mending tak bukake wae. Sapa to sing nangis kaya ngono kuwi ning njero gudang pisan, kok kaya ora ana panggon liya wae.” Ujare Dodit rada nesu amarga kanca-kancane wes padha geger.

Nita           : “ Ora usah, Dit, aku wae sing mbukak.” Kandhane Nita sing awit mau meneng wae ora ana swarane.

(Nalika Nita mbukak lawang gudang kuwi……………grek…..grek…..)

Tini            : “Aaaaaaaaaaaaa…………”. Tini njerit lan nutupi raine amarga dheweke wedi ngingeti bocah sing ana ing njero kuwi.”

Babak 2

      (Srek….srek…. bocah kang ana ing njero gudang kuwi mlaku menyang lawang kanthi sikil kang kebak getih, rambut dawa kang nutupi raine ndadekake ora dikenal sapa wae. Dheweke tetep nangis sesenggukan lan ora mandeg anggone mlaku. Dheweke saya cedhak karo Tini sing awit mau sikile kaya ora kena diobahne nganti ora krasa metu cairan bening saka mripate Tini. Bocah kuwi mau isih mlaku menyang lawang. Tini sing rumangsa di cedhaki saya banter anggone nangis, nalika bocah kuwi saya cedhak, bruk… bocah kuwi tiba ing andeng sikile Rahmat. Rahmat mbukak rambute bocah kuwi lan tibake bocah kuwi mau Risa, adhine Rahmat dhewe.)

      Risa           : “Aduh…sikilku.” Rintihe Risa

      Rahmat      : “Lho, Ris awakmu nyapo ndek kene ?”

Tini            : “ Ya Allah Ris awakmu bar diapakake? Digondhol dhemit ta? Dikiter kuntilanak? Apa digeret  wewe?”

Dodit         :”Hushh, awakmu iku ngomong apa, wewe kok ngomong wewe.”

Tini            :”Ihh Dodit… mosok wong ayune kaya widadari ngene di omong wewe sing praupane nyeremake.”

Tina           :”Tini, Tini, ning mburimu Tin.”

Tini            :”Ana apa ta mbak, ana apa?”

      (Alon-alon Tini mengo ning mburi, nalika dheweke nyawang mburine, Nita bocah sing kawit mau meneng wae mlilik pas sak ngarepe Tini.)

Tini            :”Aaaa……........Ya Allah, Astagfirullahaladzim. Nita sampean iku medeni banget kaya dhemit plilak-plilik. Sampean iku nyapo to kawit mau meneng wae, ora ana swarane.”

Babak 3

      (Nita sing ditakoki Tini meneng wae ora nyauri, dheweke malah nyedaki Risa sing kawit mau lungguh lan nangis mageb-mageb)

Nita           :”Dek, awakmu nyapo nangis ing njero gudang? Gek sikil mu kuwi nyapo kok kebak getih?”

Risa           :”Aku dek mau ngiter kucing seng nggondol gerih seng tak nggo lawuh mbak.”

Rahmat      :”Mosok ngiter kucing wae nyampek getihen. Apa dicakar kucing?”

Risa           :”Dek mau kan kucinge mlebu gudang, tak kiter kucinge menek nyang nduwur lemari. Nalika aku arep menek meja sakcedake lemari, salah siji sikile meja ceklek, aku kaget terus tiba lan sikilku keberet paku sing nancep ing meja kuwi. Ujug-ujug kucinge mlompat nyang aku lan nyakar sikilku.”

Tina           :”Oalah dek dek polahmu iku lo, mandak lawuh sing wes di gondhol kucing wae kok dikiter-kiter.”

Rahmat      :”Wes-wes, gak sah nangis. Ayo ndang mulehe, wes surup. Selak gerbange ditutup karo Pak Supri.”

Dodit         :”Yowes tas mu ndang jupuken Ris.”

      (sak banjure bocah-bocah iku mlaku menyang gerbang, nalika teka gerbang tibako gerbange wes ditutup)

      Dodit         :”Loh loh kok gerbange wes ditutup, nang endi Pak Supri?”

Tina           :”Aduh…piye iki, kok gerbange wes dikunci. Yoh aku ke luwe gara-gara awakmu lo Ris nyapo dadak ngiter kucing barang.”

Nita           :”Wes wes aja gegere, piye iki carane metu? Wes surup iki selak maghrib mengko di goleki bapak ibumu lo.”
Babak 4

      (Nalika bocah-bocah pada bingung piye carane arep mulih, ana swara kresek kresek ning mburi wit sakcedake pos satpam. Risa alon-alon nyedaki wit kuwi.)

……….     :”Miaoowwww……….”

      (Sak banjure Risa teko neng mburi wit, ujug-ujug enek swara kucing mbengok. Risa seng koyoke tau weruh kucing kui melu mbengok nyeluk mas.e)

Risa           :”MAS RAHMAT! Kui kucing seng ndek mau!”

(Banjur kucing kuwi mlayu menyang njero sekolahan terus di kiter dening Risa)

Tini            :”Risa! Ojo kok kiter maneh, aku pengen muleh! RISA….!!!!!!!”

      (Tina, Rahmat, Nita, lan Dodit mung iso sabar ngadepi kelakuane Risa seng kaya bocah cilik senengane ngiteri kucing lan Tini seng gaweane sambat lan bocahe jereh banget)


                                                                  **THE END**

XII AKUNTANSI 3
Anggota Kelompok : 
1. Mella Melati C         (03)
2. Muthi'ah Asmul F     (05)
3. Nanda Mulyaning T  (06)
4. Peby Indriani            (22)








Tidak ada komentar:

Posting Komentar