Jaka Tarub
BABAK 1
Panggonan : ing kayangan
Para Nawang lagi guneman ing kahyangan.
Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar :
“Ayo para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang :
“Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Sari :
“Aku duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar :
“(nggawa slendhange) Ayo....”
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh
slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Seka :
“Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari :
“Iya, bening banget”
Babak 2
Panggonan : ing alas
Nalika para Nawang padha dolanan banyu
lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ngintip para Nawang.
Jaka Tarub :
“(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah
sawijining slendhang para Nawang. Supaya bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka Tarub :
“Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes.”
Rada suwe, para Nawang mentas saka
sumber. Para Nawang njupuk slendhang dewe-dewe.
Nawang Sari :
“Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar : “Ayo bali,
sesuk menyang kene maneh”
Nawang Wulan : “(bingung
tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?”
Nawang Lintang: “Iku mau kowe
seleh ngendi?”
Nawang Wulan : “(nuding watu
gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
Nawang Sari :
“Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu
Nawang Wulan?”
Nawanag
Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.”
Nawang Sekar : “Piye iki,
langit wis arep peteng.”
Nawang Sari :
“Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup”
Nawang Lintang : “Yen ngono, kowe ing
kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal nyusul kowe”
Nawang Wulan : “Inggih,
Mbakyu.”
Nawang
Sari : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih menyang kahyangan.
Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang Wulan : “(susah ) Ana
ngendi slendhangku ya?”
Jaka
Tarub : “Geneya kowe kok sedhih
banget?”
Nawang Wulan : “Aku kelangan
slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub : “Aku ora
ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa jenengmu?”
Nawang Wulan : “Aku Wulan,
aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku”
Jaka Tarub
: “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki
slendhangmu kuwi”
Nawang Wulan : “Wah...matur
suwun Jaka Tarub”
BABAK 3
Panggonan : ing omahe jaka
tarub
Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka
Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub
kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka
Tarub : “Dinda, Akang budal menyang
alas sek ya!”
Nawang Wulan : “Iya, Kang.
Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega
gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah
beras. Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan : “(nangis) Apa
iki ana hubungane karo Kang Jaka?”
Wayah surup Jaka Tarub mulih saka alas
lan ndeleng Nawang Wulan lagi nangis.
Jaka
Tarub : “Ana apa, Dinda?”
Nawang Wulan : “(nduduhake
slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?”
Jaka Tarub
: “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga
Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang Wulan : “Sepurane, Kang.
Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus”
BABAK 4
Panggonan : ing kayangan
Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda
yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang
Wulan.
Nawang Lintang : “Dulur, batinku
ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan”
Nawang
Sari : “Ayo dulur, mudun menyang bumi
nyusul Nawang Wulan”
Nawang Sekar :
“Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”
BABAK 5
Panggonan : sumber ing bumi
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure
bali menyang kahyangan.
Nawang Sari : “Nawang Wulan,
ayo kowe bali.”
Nawang Lintang : “Kowe
aja percaya marang manungsa kuwi”
Nawang
Sekar : “Ayo dulurku”
Nawang Wulan :
“Inggih mbakyu”
Jaka
Tarub : “(nangis) Dinda,
kowe aja bali”
NAMA ANGGOTA :
Fira Wulandari (01)
I Dkhana Putri L. (08)
Kiky Agustiningtyas (15)
Maratul Uswatun K. (22)
Ninit Tri Okta I. (29)
XII PEMASARAN 2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar