Anggota Kelompok :
1. Putri Wijayanti (13)
2. Ratiwi Dwi P (15)
3. Sizcha Aulya (24)
4. Sovia Aderesta D N (25)
Neng salah sawijining dina, bar rampunge pelajaran boso jowo pas wektu
istirahat, Tiwi, Sopi, Putri karo Sizcha mlaku arep nang kantin sekolahan kang adoh
soko kelas.
La pas kui seh udan deres banget lan Tangga sekolah rada lunyu-lunyu piye
ngunu. Bocah papat iki mau mlaku cepet-cepet mergo bel wes arep di unek ne.
Tiwi
: “Woy ayo! Cepet to..wis arep bel iki”
Sopi
: “Alon-Alon wae lunyu ki dalane… ndak kepleset ngko”
Putri
: “Ho’e, santae wae lah….. santae wae, wong bar iki pelajarane pak sugeng. Ho’o
ora sis?
Sopi
: “ Lak mlaku ki ndelokne dalan sis, ora sah Facebookan wae, mengko kepleset,
nangis kapok. Hahaha… “
Sizcha panggah ora nanggapi omongan cah 3 mau, Sizcha panggah mlaku nyambi
facebookan sak tekane kantin sekolah, bocah telu mau langsung cepet-cepet tuku
panganan nanging malah Sizcha isih sibuk facebookan wae…
Sopi
: “Beh… Sizcha ki lak wes Facebookan,
jan raiso diganggu!”
Putri
: “Haiyo..”
Tiwi
: “ Tinggal Wae yo cah..”
Sizcha
: “ Hayo podo ngomongke opo? Ngomongke Aku yo?”
Sopi
: “ Ealah tas nyadar po? kowe ki ngpo he?”
Sizcha
: “Facebokan, Update status teros chating karo Rijal, lan sak liane..”
Tiwi
: “wkwkwkkw.. bocah jaman sak iki.. yo gek balek neng kelas”
Sizcha
: “walah aku rong jajan ki?”
Bocah Telu : “Sopo seng takon !!
Nangiso!?
TRINGGKK ….!! TRINGGKK ….!! TRINGGKK ….!!
Tiwi
: “Weh, Wiss bell rek.. , yo tinggal wae lah sizcha….”
Sopi
: “Ho’o selak pak sugeng mlebu kelas…”
Putri, tiwi : “Yoo’e…”
Putri, Tiwi lan Sopi teros mlaku menyang nang kelas ninggal Sizcha sik isih
jajan. Bar kui bocah telu kuwi mau melaku, la saktekane nang ngarep TU Sizcha
mlayu-mlayu ning mburine nyambi mangan lan facebookan.
Pas kuwi sizcha wis di ilingake lak mangan ojo nyambi facebookan, nanging
sizcha tetep wae mangan, facebookan sinambi mlayu-mlayu. sakwise bocah 3 kuwi
mau ninggal ne adel. Tekan tangga ono suara “Grubyakkkkk”
putri : Opo kuwi
mau sing muni rek?
tiwi
: Wong tibo koyone
sopi
: Hust ojo ngono, nek tenan yo mesake to to!
putri : Yok gek di
tiliki
Terus bocah telu kuwi mau nilik opo seng muni banter mau, nganto krungu
seko adoh…
tiwi
: “woooo lak tenan to sizcha tibo! Makane nek dikandhani ki manut
o!
putri : “Weh kowe ki
wi lak kancane tibo malah di senen seneni tulungi ngunu loh!”
sopi
: “Malah eyel-eyelan to cah!”
tiwi & putri : “Ngopo?”
sopi
: “Yo tulungi lah”
sizcha
: Aduhhh, loro banget e
tiwi
: Makane nek di kandhani yo manut o cis, saiki yo ngeneki akibate
dewe to…?
sizcha
: “Iyo-iyo aku wes insyaf iki, eh hp ku nengdi yo?
aku mau arep upload foto je !!”
sopi
: Haduh.. wis tibo jek panggah mikirke hape, facebookan, wkkwkkw
putri : Weslah
tanganmu metu getihe ki lo, gowo neng rumah sakit, hpmu ikhlas ke wae..
sopi
: Isih iso wae guyu, makane lek mangan karo facebookan ojo
karo di sambi mlaku, akibate laran nyasar rumah sakit to. Hpmu juga yo
dadi korbane melu tibo.
sizcha
: “Yo yo, aku ngaku salah wisan”
putri
: “Wis ndang di gek gowo neng rumah sakit
wae..”
Sakwise kuwi bocah papat iki mau njikuk hikmahe, toto coro wong mlaku iki
menawi ditindakake kanti bener ben iso nguntungaken awake dewe.
Lan sing paling penting ojo mlaku karo nyambi liyane, misale war mangan lan
facebookan mergoiso gawe nglarakake awakmu lan hp iso katut dadi korban.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar