Rabu, 18 Januari 2017

MBAH WONGSO

NAMA ANGGOTA XII AK 3 :

1. Nurfida Yunda A.             (16)
2. Nurma Dwi P.                   (17)
3. Rahmawati Dewi              (27)
4. Rani Hertami                    (28)

MBAH WONGSO

Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah gowo katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawan, mawa roko klintingane dewe wektu kuwi  Praja lagi nyapu latar sing kebak godong jambu.

Praja                : “Mruput mbah! Tindak saben?”
Mbah Wongso : “Genah gowo pacul mosok arep jagong!”

Mbah Wongso senajan wis tuwo  nanging isih seneng guyon.

Praja                  : “Panjenengan niku  nggeh aneh, mbah. Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti  unggah-ungguh”
Mbah Wongso   : “O… yo wes, bener le, la kowe gek nyapu?”
Praja                  : “Mboten mbah niki nembe dhahar!”
Mbah Wongso   : “Dhahar gundulmu kuwi, lakok malah mbales”

Tekan sawah Mbah Wongso nyelahne pacule, dheweke  terus nyawang tanduran pari sing wis merkatak,  Mbah Wongso mbabati suket sak kiwo tengene tanduran pari. Undakara jam 9 esuk Sumirah anake wadon katon gowo sarapan rantang tumpuk, duuwur dewe isine tahu tempe karo lalapan sambel kemangi, tumpukan kapindo isine sego sing isih anget la pulen , tumpukan isor dewi isene jangan asem kang jagunge mambang ngawe-gawe  lan wedang teh sing legi, panas, tur kentel. Banjur kuwi Mbah Wongso lungguh

Sumirah             : “Sarapan rumiyin pak !”
Mbah Wongso   : “Kene nduk, kebeneran banget wetengku wes kluruk.”
Sumirah            : “Wau sak derenge tindak kapureh sarapan riyen mboten purun, wong inggih sampun mateng sedanten”

          Banjur Mbah Wongso lan Sumirah leren ana ing gubuk reyot sing angine semilir-semilir, parine katon njoget amarga kasebul angin. Bar dhahar Mbah Wangsa terus ngunjuk wedange kalajengaken udud.

Sumirah             : “Pak nek saged mboten sah udud mawon, cobi jenengan maos  ing nggen bungkus rokok niku,  MEROKOK  DAPAT MENYEBABKNA KANKER”
Mbah Wongso   : “Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa ora ya ta?, jarene nek wong-wong ora ngrokok pabrik rokok bisa bangkrut, karyawane pada nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nompo pajeke, jarene pajek soko rokok paling gede nduk? Lho, piye aku ngrokok iki lak mbantu pemritah to?”
Sumirah             : “Panjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune mang ngraosake piyambak!”

Ora let suwi  sak rampunge mbah wongso dhahar saka wetan katon wong loro  lanang wadon numpak motor nyedak marang lungguhe mbah wongso. Wong luru mau terus nyelehne helm e terus nyalami mbah wongso lan Sumirah.

Wong Wadon    : “Nyueun pirsa, ingjajng nggarap sabin niku sinten mbah?”
Mbah Wongso   : “Kula!”
Wong Wadon    : “Panjengan sewa sabin niki dateng sinten?”
Mbah Wongso   : “Lho, nyewa pripun sampeyan ampun golek perkoro, niki saben kula, kula tumbas sampun sedoso tahun kepungkur! Malah wonten surate, sertipikat niku lo!”
Sumirah             : “Pak jenenge sertifikat!”

Sumirah jawil bapake.

Mbah Wongso   : “Nggih ngoten niku!”
Wong Wadon    : “Sabar  riyen, mbah!, ngeten nggih, sabin niki sabin kula, kula tumbas kalih welas tahun kepugkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tuyang sing gadhah riyi. Jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih. Kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah samoun tilar donyo, mula kula nglacak mriki”
Mbah Wongso   : “ Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, nig sing tumbas kula!, sampeyan mesthi ajeng apus-apus!”
Mbah Wongso   : “Ngeten mawon kula mboten ajeng apus-apus. Benjeng Sabtu dicocokke kemawon sertifikate, kula tak sowan ndalem panjenengan. Nek panjenengan ragu, nyuwun disekseni, perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki”

            Dina sing dipilih kanggo ngrembukaake wis teko. Mbah ngaturi para-para kang dianggep mangerteni babagan lemah sertifikat. Nang kono enek konco-koncone Mbah Wongso sing umure sak barakan, ing kono uga rawuh pak rw lan pak rt. Ora let suwi ono mobil sing melbu pekarangane Mbah Wongso sing kebak tanduran palawija lan sak kiwone omah ana uwit pelem sing dhuwure sak omah . Wog-wong mau podho rembukan nag ngarep omahe Mbah Wongso, ora wentara suwi sajake rembugan wis rampung, nanging kabeh podho meneng.

Mbah Wongso   : “Pripun Bu?, rak nggen kula to sertifikat sing asli? La wong dituku nggago dhuwit tenan, mbiyen tak rewagi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli!”

Mbah Wongso katon yakin banget.

Wong wadon    : “Ngeten nggih Mbah. Nikipun disekseni saking Bapak-Bapak ngertos babagan  niki, babagan sertifikat tibaipun ingkang asli menika e…. e…. gadhahan kula. Mbah!”
Mbah wongso   : “Pripun !!! Napa leres pak ?”

 seng
Sumirah             : “Pak !!! eling, Pak !!! pak….”

Sumirah mbengak-mbengok amargo bapake semaput.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar