Senin, 27 Februari 2017

BOCAH ANYAR

NAMA ANGGOTA KELOMPOK XII AK 2 :
HESTY RAHAYU     (09)
H.J FUSRI G.R.          (10)
LELY DEVITASARI (23)
LESTARI                    (24)
MARTA ALITA D.    (33)


BOCAH ANYAR
Nalika kelas ana bocah anyar.
Guru                : “Sugeng enjing bocah-bocah?”
Bocah-bocah   : “Sugeng enjing bu!” (bareng-bareng)
Guru                : “Dino iki ana bocah anyar pindahan saka Yogyakarta. Ayo maju nduk     perkenalan.”
Salsa                : “Inggih bu” (maju nek ngarep kelas)
Perkenalaken nami kula Salsa Amila, panggilanipun Salsa, Kula pindahan saking SMKN     1 Yogyakarta.
Guru                : “Uwes nduk ndang kono lungguh”
Salsa                : “Inggih bu”
            Tett . . . . . tett . . . . tett . . . . bel ngaso wes muni.
Guru                : “Yowes pelajaranne wes rampung lan wektune ngaso, Sugeng siang?”
Bocah-bocah   : “Inggih bu, Sugeng siang!” (bareng-bareng)
Ina                   : “Salsa? Kenalno jenengku Ina” (Nyedaki Salsa karo ngejak salaman)
Salsa                : “Inggih”
Ina                   : “Halah gak sah basa ngno to karo konco barang kok mbok yo biasa ngno to”
Salsa                : “Inggih” (karo mesem)
Ina                   : “Ayo nek kantin sa?”
Salsa                : “Ayo na”
            Neng kantin rame banget bocah-bocah podo antri tuku jajan Ina lan Salsa melu ngantri tuku jajan. Sak suwene nunggu antrian Ina lan Salsa lungguh nek bangku kang disediakake. Nek andinge Ina lan Salsa ana Zainab Lan Zainal kang lagi omong-omongan karo ngombe es dawet.
Zainab             : “Zainal ndeloken nek andingmu enek bocah anyar” (Karo ngingeti Salsa lan bisik-bisik)
Zainal              : “Ehh... Iyo nab ayu yo bocahe”
Zainab             : “Iyo nahan ayu tapi ketoke bocahe sombong ngono kok, ayo nal kebiasaanne kene piye nek enek bocah anyar ben nyadar nek sekolah neng kene ke ora oleh sombong”
Zainal              : “Tenan ye nab kowe arep buli bocah kui ogak wedi to kowe engko nek didukani bu guru”
Zainab             : “Ora-ora ayo kok konco pora?” (Karo mbengok)
Zainal              : “Iyo-iyo yowes manut kowe aku nab”
Ina                   : “Woyy... Bocah loro podo wae aneh kabeh engke bisik-bisik saiki bengak-bengok, jane opo to sing wes mbok rembuk ke?”
Zainab             : “ Halah Ina iki nyapo teko-teko kepo wae rasah melu-melu”
Ina                   : “Gek sopo sing arep melu ke dasar wong gendeng kabeh” (karo ngece Zainab lan Zainal)
Salsa                : “Uwes-uwes gak usah padu”
Zainal              : “Sopo ya? Ora kenal barang kok melu-melu” (rodok sewot)
Salsa                : “Jenengku Salsa, Aku pindahan soko Yogyakarta”
Zainab             : “Ora tekok, Ayo nal neng mbalek nek kelas wae sumpek aku neng kene!”
Zainal              : “Ayoo kok!”
                       
Zainab sing iseh nyekel es etok-etok arep tibo lan es kui engke ngutahi klambine Salsa.
Zainab             : “Ehh... aku ra sengojo” (karo ngempet ngguyu)
Ina                   : “Halah ora sah mbletok kowe ke nab genah koe sengojo ngno kok”
Zainal              : “Kowe ke nyapo na malah nyalahne Zainab ke genah jenenge wong ra sengojo ke arep piye neh to?”
Zainab             : “La iyo nal mboh kui Ina kok malah nyalahne aku”
Ina                   : “Nah koe salah yo tak salahne to, cah salah ke ora patut dibelo”
Salsa                : “Uwes aku ora popo kok”
Zainab             : “Salsa wae rapopo ngono kok na nyapo kowe kok sing muni wae?”
Ina                   : “Salsa ke piye to dibelo kok malah ngono, nyenengne cah loro kui piye?”
Salsa                : “Ogak kok na, suwun kowe wes belo aku tapi aku ora popo yo”
Ina                   : “Yowes neke njaluko sepuro to nab, lanang opo wedok kowe ke?”
Zainab             : “Wegah males cah” (Karo ngaleh)
              Ina ora trimo mergo Zainab kon njaluk sepuro ora gelem terus dijengkakake sampek tibo. Ina lan Zainab malah padu ora karuan. Mergo bocah kui engke padu sak sekolahan podo ndelok sampek rame banget lan Guru BK moro.
Guru BK         : “Halah  bocah-bocah iki ono opo to kok podo tukaran?, Ayo wes dibarake nek ruang BK”
Zainab lan Ina : “Inggih bu:

            Akhire Zainab, Zainal, Ina lan Salsa melu bu Guru moro neng BK ngebarake masalah kui engke nganti rampung. Mergo masalah kui engke saiki bocah papat kui dadi konco akrab.

Minggu, 19 Februari 2017

Preinan Nang JogJa

                                           PREINAN ING JOGJA
Pas sasi agustus kepungkur kelas 12 pemasaran ngenek ake acara kunjungan industri neng jogja
(Budal jam 04:00,ngumpul nek sekolahan )
Rini       : sis awak mu mengko lenggah karo sopo ?
Siska     : aku mengko lenggah karo novia !
Rini       : la aku mengko lenggah karo sopo? ,aku durung oleh gandengan !
Siska     : lenggah o karo tri riani wae , tapi wonge durung tekan !
Rini       :owalah,yowes nak e tak tunggune tri riani tekan.
Siska     : eh rin, awak mu mau ngerti novia pora ?
Rini       :novia durung teko
(Sak suwine nunggu novia lan tri riani tekan,siska lan rini omong-omongan)
Novia   : ( lagi tekan sekolah) opo kowe wes tekan ket mau ?
Rini lan siska : uwes,kowe kui to suwe banget.
Novia   : la tri riani wes tekan durung ?
Rini lan siska : delut engkas paling tekan e,tri riani ke suwe banget.
Tri riani : (tekan sekolah ) hey kanca -kanca iki nko budal e jam piro ? Tak kiro iki mau aku telat.
(Jam 04:30 kabeh meelbu bis lan siap siap budal nek jogja ,ing jero bus kanca-kancapada turu kabeh ,lan enek sing nyanyi .Sak tengahe perjalanan ana salah siji kanca seng mabuk)
Rini: (mutaah -mutah lan bingung golek kantong plastik)
Tri riani: eh rini koe keno opo ?siska iki turu wae kancane mutah!
Siska : yoh rini ke aku mengko ketularan mutah to !
Novia : ana apa tjah kok rame-rame  ,aku turu ae sampek gak jenak !!
Tri riani: iki lo rini mutah-mutah..
Novia : owalah,rini kon turu wae ben ndang mari ,karo dikek i minyak kayu putih wetenge!
(Perjalanan menyang rumah makan,kangge mangan awan ,
Tekan rumah amakan sing dituju )
Tri riani: ayo kanca-kanca pada medun kabeh ,ndank mangan diwareki !
Siska: la rini iki piye cah,rini emoh medun wonge  mumet.
Novia: yowes ben turu nek bis wae .nko wae digawakne maem e rini !
Siska : rin engko digawakne maem ,aku tak medun sek yo turu o ae ?
Rini : iyo sis !!lp0
(Nek rumah makan kanca-kanca kabeh podo mangan ,sak wise mangan nglabjutke perjalanan menyang PT ALFARIA TBK SOLO , kanca – kanca podo medun bis mlebu PT Alfamaria Tbk )
Novia : sis , Rini gandengen mengko lak semaput !
Siska : iyo karo kowe to ,rumangsamu ora abot opo piye ?
Novia : iyo iyo
(Tekan ruangan sosialisasi sakwise sosialisasi jam 13:00 WIB kabeeh mlebu bus nglanjutke perjalanan menyang pantai parangtritis tekan jam 15:30 )
Novia : ayo kanca ndang podo medun
Tri riani: iyo,sek nunggu rini iki aku

(Sak jam setengah ing pantai parangtritis banjur nerusake menyang malioboro – Tekan malioboro jam 19:15 tekan malioboro kanca-kanca pada mborong oleh-oleh Jogja .sak wise blonjo kabeh kanca pada mlbu bus lan neruske perjalanan muleh ing MAGETAN )



kelas XII PMS 3
Novia Dwi P.A (1)
Rini Indarti (9)
Siska (17)
Tri Riani Sulis (25)

MALIOBOLO

Kelas: XII PMS3
Nama anggota:
1.       Rika Murdianingsih     (06)
2.       Ruti Sahyati                  (14)
3.       Suci Ayu L                      (22)
4.       Wilis Ifa Q.K.                 (30)

LIBURAN ING YOGYA MALIOBORO
     (Isuk-isuk Tia,Rina,Ulfa ngobrol-ngobrol ing njero kelas)
Tia: Lagi ngopo awakmu rin?
Rina: Lagi ngerjakne tugas matematika
Tia: Ing omah wingi ora sinau to?
Rina: Sinau nanging durung rampung aku ngerjakne mergane keturon
Ulfa: Oalah rin piye to awakmu ki.
           Waah minggu ngarep awakke uws libur
Tia: Arep liburan nyang ngendi wae?
Ulfa: Aku nang omah wae liburan iki
Rina: Kepriye la awakke kabeh liburan bareng-bareng
Ulfa: Aku setuju....kepriye awakmu tia?
Tia: Aku setuju....arep liburan neng ngendi penake?
Rina: Kepriye liburan ing Yogya?
Ulfa: Cocok iku,awakke liburan ing Yogya tapi tujuane nyang ndi?
Tia: Saumpomo nyang Malioboro kepriye?
Rina: Oke setuju.tanggal piro awakke budhal
Ulfa: Tanggal 20 kepriye setuju pora?
Rina: Nek e tanggal 18 ndang urunan kanggo tuku tiket yo.kereta op bis?
Ulfa: La sere numpak opo iki?
Tia: Kereta wae ben ndang cepet.leh tuku tiket sok tanggal 18 ae tak tukokne pas aku arep metu
        dolan karo bapakku
Rina: Oke

     (Sedino sak durunge budhal Tia ngabari kanca-kancane lewat sms.sak jam sak durunge kereta budhal Tia,Rina,Ulfa wes podo kumpul lan gari nunggu pemberangkatane kereta)

Dolan Menyang kampung Rambutan

                                                           Dolan Menyang Kampung Rambutan
“suara manuk nembang nggambarake kebahagiaan .isuk kui bapak nangekkne jarwo soko paturone”
Bapak:jar wes awan,arek kuliah ora kowe?
Jarwo:iyo sedelo
  “  Jarak omahe  jarwo menyang kampus pancen adoh,ning jarwo sanuli sumangguh kanggi punya,mergo enek konco seng nggawe jarwo semangat,jenege intan.tekan kampus jarwo diajak Dino menyang deso jambu kanggo jukuk rambutan neng kebone Rio.”
Dino:bang,melu Ora neng kebun rambutan rio?
Jarwo:neng endi ?
Dino:ning deso jambu!
Jarwo:koe melu Ora kak?
(Pitakonku marang riku)
Riki:melu bang (karo mesam mesem),lha intan Ora kok takoni bang?
Jarwo:iyo kak.intan melu Ora menyang kebone rio?
Intan:Ora ngerti.
Jarwo:iyoo
“dino kui jam 10 esuk ws muleh,jarwo lan konco koncone lunga menyang kontrakane yuda kanggo nunggu kanca kanca seng lio seng durung muleh soko kampus.”
·         Dino:sido melu pora tan,yeiuiiiu79p oooooin arek melu  bang jarwo ae .
Intan:Ora melu,yen muleh bengi aku engko diseneni bapak .t R
Jarwo:yawis.gak usah melu.
    “sak wise teko kabeh kancane,banjur budal menyang kebun rambutane rio,samwise teko kebun rambutan ,jarwo lan kanca kancane langsung menyang kebon rambutane rio.”
Jarwo:sopo sing arek menek wit iki!
Dino lan riki:aku ae!
Jarwo:iyo atiati,aku tak ng isor nglumpokne lan nglebokne menyang jero karunng.

         Wayah nuli ngono cepet,senja ning ufuk kulon anyuk ngabang.jari lan knco kncone cepet muleh soko kebon lan berkemas.



Anggota: 
XII PMS 3
·         Rindi (08)
·         Sherina (16)
·         Tiyas (24)
·         Yuliani (32)


Kekancan

Persahabatan lan percintaan

Isuk iku kinar lan mira lagi lungguh ing jero kelas. Derwng wonten mured sing tekan sak liyane wong loro kuwi.

Mira      :dy, pelajaran dino ik enek pr gak???
Maudy  :sek tak deloke disek koyoke ora enek (naura melbu ning jero kelas)
Naura   :assalamualaikum
Mira lan kinar: waalaikumsalam
Naura.  :kowe lagi apa cah
Mira     :kepo men no kowe ke aku ke ra lagi nyapo nyapo yo
Kinar lan maudi :biasaeno...... !(naura langsing lungguh ing ngarep bangkune)
Mira     :ora, dino iki ora enek PR to cah karo ulangan?
Naura. :Sek... Sek.... (Ambek miker-miker) ono dino iki ulangan bahasa Jawa.
Naura langsong ngetokne buku bahasa Jawa seng ana neng jero tase lan sibuk maca bukune, rodok suwi noval melbu ning jero kelas.
Naura. : (guyu-guyu dewe delok noval melbu).
Mira.   : val, engkoawakmukonsultasi bahasa Jawa.
Noval. : iyo, nyapo emang e nyontoe.
Mira.   : ora popo aku mek tekok tok koweke aja pd.
Maudy : val seng dek ingi kuwi tenanane? (Tekoke maudy karo keki kode neng noval).
Noval.  : gak usah dianggep serius masalah dek ingi aku mek guyon tok kok.
Erik melbu ing jero kelas lan langsung lunggoh ing panggone.
Erik.      : maudy arep enek sing tak takokne neng awakmu.
Mira.    : arep keki apa awakmu? Haha...
Erik.     : aku ora omong karo awakmu kepo men no kowe ke wong maudyae biasa kok.
Maudy.: emang areo keki apa to?
Erik.     : engko ae (ing tengah-tengah pelajaran erik keki buku pelajaran nek maudy)
Mira.    :opo kuwi dy? (Nginceng bukune erik).
Maudy : coklat maneh!!! (Maudy omong alon).
Mira.    : maneh? Bocah kuwi opo pengen awakmu gendut paleng kok ngeki coklat teros. Hehehe
Maudy : iyo paleng hehehe.
Sak bare kui bel sekolah muni,  nandakke wes wayahe muleh lan kabeh pada mulih ing omahe dewe-dewe. Ora lali mira ngelengake konco-koncone yen ngko sore kerja kelompok ning omahe Mira.
Erik +Naufal+Maudy :Assalamualaikum wr. Wb
Mira : Waallaikumsallam wr. Wb.  Melbuo cah
Erik+naufal+maudy: iyo
Mira  :Awakmu njalok digawekne opo cah?
Erik :Saksake penting akeh, mareki, lan enak wkwkwkwk
Mira : Lo Rik , naufal karo Maudy nang ndi?
Erik : Lakae to wonge lungguhan cah loro ning isor wit.
Mira : nyapo cah kui turut kono ra ndang mbomah?
Erik  :Yo mboh no cah kui ke kelet koyok prangko karo blanko,  mbojoe!
Mira : Yowes ayo diparani , ora patut disawang tangga.
Erik : Iyo,  nek perlu senenono , niate rene ki kerja kelompok kok malah mbojoe.

Mira lan Erik marani bocah kui ing sakisore wit lan ngandani cah loro kui.
Mira : Fal, Dy weke nyapo ning kene kok penakmen gak melok ngerjakne tugas,  Moso aku karo Erik tok si ngerjakne?
Naufal : iyo iyo sekto golek howo kilo.
Mira+Erik : Hawa opoto wong niate rene ki kerja kelompok kok malah pacarane.
Maudy : iyo iyo cah tanah aku karo Naufal salah . Tapi ke ojo getak to ngomong apik kan isoto.
Mira + Erik : Tarah yo koe salah kok ,  tapi yowes tak maane.  Saiki ndang mbomah , ayo ngerjakne tugas bareng-bareng ben ndang bar.

Akhire kabeh sadar yen belajar lan persahabatan iku luweh penting ketimbang ngurusi masalah percintaan . Lan mulai saiki sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikerne urusan Cinta.  Amarga goro- goro Cinta bisa ngancurake masa depan lan persahabatan. 

XII PMS 3
Nama anggota kelompok :
1.Puri tria K.               ( 04 )
2.Rosi rosmalasari.   ( 12 )
3.Siti sulistyowati.    ( 20 )

4.Vivi N. W.               ( 28 )

Jumat, 17 Februari 2017

TAK BERUJUNG

TAK BERUJUNG
Ning sawijining dino, wonten SMKN 1  MAGETAN, ing kelas XII Akuntansi 2 entuk tugas Basa Jawa babagan drama. Ani, Mei, Upi, Lilis lan Indah dados sak kelompok. Lilis ngajak kanca-kancane kelompokan nggarap Basa Jawa ning omahe, nanging omahe dek e adoh banget saka kutho. Dalane gragalan, sak pinggire akeh sawah, butuh wektu akeh kanggo teka ning omahe.

Upi, Indah   : “Assalamualaikum.”
Lilis       : “Waalaikumsalam. Jam semene kok lagi teka.”
Ani         : “On time si iki?”
Lilis                : “On time apane. Wis telat iki.”
Indah                   : “Wis wis rak sah ribut. Mau dalane sek gragalan. Meh ora teko lo aku mang nek dalane durung alus.”
Lilis                : “Yowis. Ayo do mlebu.”
Upi                : “Iki tugase kon piye to?”
Indah            : “Koweki malah rak ngerti. Kuwi lho, kon gawe teks drama basa jawa.”
Upi                : “Wah gampang kuwi. Golek wae ning google akeh si?”
Lilis               : “Tapi tugase kan kon gawe, orak kon golek?”
Upi                     : “Halah rak apa-apa, mengko diganti sitik-sitik. Paling Pak Guru yo rak ngerti kok. Paling yo Pesbukan gurune. Rak ngerti nek dhewe iku nggolek ning internet.”
Indah                  : “Ojo ngono Pi
Lilis               : “Aku tak golek sisan.”

(Upi,Lilis,Indah golek tugas bareng-bareng nek internet karo guyonan lan eyel-eyelan)

Upi            : “Piye wis nemu durung?”
Indah       : “Kowe ki orak golek malah ngomong wae.”
Upi            : “Iyo iyo, aku tak goleki sisan.”
Indah       : “Lhah ngono.”
Upi            : “Lho Ya, kowe kok malah bebe em an wilo?”
Lilis           : “Hehe, nyambi sitik orak apa-apa to.”
Upi            : “Yo wis lah. Sing penting pacarmu rak nesu mengko.”
Indah        : “lha ikilo wes ketemu aku judule TRESNO KEPENDEM “
Lilis            : “Wah koyoke apik kuwi. Piye Ceritane?”
indah         : “Dadi Boy  karo Reva kuwi kanca sak kelas. Saben dina bocah 2 kuwi digasaki, diece terus karo kanca-kancane. Banjur akhire cah 2 kuwi jadian.”
Upi             : “Wah apik kuwi. Mengko digantini meneh. Ben rak ngetoki nek golek ning google.”
Indah         : “Yo wis, sing gantini kowe yo?”
Upi             : “Ojo aku, Mei wae. Mei kan ora melu kelompokan”
Indah   :”Yowes ora opo-opo,engko terno menyang omahe ya “
Upi        :”Siap bro”
Lilis       : “Nah nek wis nemu ngene kan ayem.”
Indah           : “Wah wis sore iki. Ayo mulih ndisik Pi.”
Upi        : “Iyo. Ya aku karo Indah bali sek yo.
Lilis       : “Iyo, ati-ati.”

(Sak wise bali soko omahe Lilis, Upi banjur menyang omahe Ani kanggo ngeterne file supaya diedit.)

Upi        :”Assalamualaikum An,iki aku Upi”.
Ani        : “Waalaikum salam Pi,sepurane ya dek mau aku ora iso melu kelompokan,sirah ku cenat-cenut iki”.
Upi        : “Iyo An ora opo-opo,jane nek koe mang melu tambah soyo rame lo”.
Ani        : "Heheee sak jane aku yo pengen melu Pi."
Upi        : "Iki bagianmu ngedit wae yo Ni mau wes tak golek aku karo cah cah "
Ani        :"Iyo kene. Kapan lah ngumpulne Pi?
Upi        :"Minggu ngarep An ojo lali yo."
Ani        :"Siap Pi. Engko tak ngajak Mei ngedit bareng"
Upi        :"Yowes ngonoe aku tak ndang bali yo selak luwe"
Ani        :"Iyo ati ati nek ndalan Pi ojo banter-banter"

(Telung dino sak wise kui ing sekolahan wayahe teks drama kui dikumpulne Ani durung ngedit teks drama sing wes dikeki soko Upi menyang Ani.)

Lilis       :"Cah ayo dikumpulne dramane pie wes dadi to kelompok e"
Ani:       :"Wes Lis tapi sek digowo Mei teks dramane"
Lilis       :"Lha sakiki Mei nek ngendi?"
Ani        :"emboh Sek tak golek ane"

(Sak wise kui Ani menyang kantin goleki Mei sing lagi maem bakso karo Upi lan Indah.)

Ani        :”Mei, teks dramane kok gowo gak sing wes diedit adewe kae lo?”
Mei       :”Waduh. Aku lali cah pie iki dadine”
Ani        :”Piye to Mei kowe  ke engko nek  di seneni pak Hengki pie diukum engko sak kelompok”
Mei       :”Lha trus aku iki kudu pie ?
Upi        :”Yo ndang dijupuk bali kono to Mei”
Indah   :”Ayo ndang dikancani ye ?
Mei       :”Ayo ndah”
Indah   :”Wani piro ?
Mei       :”Indah ke tenanan iki”
Indah   :”Iyo iyo Me Mei aku tenanan hahaha. Ayo ayo ndang dijupuk bali supoyo awake gak entok omelane Pak Hengki”

(Mei lan Indah banjur balek njupuk teks drama sing keri nek omahe Mei.)
Indah   :”Ayo Me ndang sing banter leh numpak onda.”
Mei       :”Iyo iki wes banter ngalahne Rossi kilo.”
Indah   :”Rossi bokrak kui iyo.”
Mei       :”Kui ngono kursi dol. Wes rasah muni e.”
Indah   :”Iyo iyo Me.”

(Mei lan Indah wes tekan omah ngarepe Mei. Saking gupuh e bocah 2 kui mau sampek deweke lali nek ora ngempanake jagang motore. DUBRAAAKKKKKKKKKKK)

Indah   :”Lah dalah Me Mei. Bocah kok ra nggenah. Mbok alon-alon rasah gage-gage”
Mei       :”Alon-alon kapan klakon”

(Mei banjur mlayu nang njero omah)

Mei       :”Wes ayo mbalek”

(Sak tekane Mei karo Indah, konco-koncone mau wes podo nunggu nang ngarep kelas.)

Lilis       :”Wes durung ? Kene tak cek e disek”
Upi        :”Ndang cepet Lis. Selak didukani mengko”
Lilis       :”Jak en omong-omongan disek kono Pak Gurune cek rodok suwi leh nagih tugase awake”
Mei       :”Tak aku wae sing ngejak omong-omongan”
Indah   :”Wes handal Mei nek masalah kuwi. Haha”
Mei       :”Heh omonganmu”
Indah   :”Ndak arep nesu no Me weki? (Karo mringis, ning ora manis)

Drama TAK BERUJUNG niki nggeh mboten wonten ujungipun. Cekap semanten drama saking kelompok kulo. Katah langkungipun kulo kaliyan sedoyo rencang kulo nyuwun pangapunten sak katah-katahipun.
Wassalam.


KELOMPOK 7
XII AK 2 
1. INDAH TRI RATNASARI               13
2. INDAH WAHYU KRISTANTI       14
3. LILIS KRISTYA NINGRUM          27
4. LILIS SETYOWATI                         28
5. MEI NITASARI                               35











Kamis, 16 Februari 2017

Kandhane SIMBOK

Drama Basa Jawa
XII APK 1
Nama Kelompok :
1. Afifah Nur Safitri     (02)
2. Andri Arianto W      (07)
3. Aula Rohmawati      (18)
4. Devie Listianingtias (26)


Kandhane Simbok

Ing sawijining desa ing tanah Jawa, urip bocah jenenge Mungkidi lan adike Sri Ratu. Mungkidi lan Sri Ratu urip karo simboke ning Magetan.

Sawijining dina, Mungkidi lan Sri Ratu arep dolan menyang omahe wong tuwone sing kerjo adoh saka omahe mbok'e yaiku Surabaya.

Mbok'e : "Le..nduk..jajal reneo"
Mungkidi : " Ana apa mbok?"
Sri Ratu : "Iyo mbok..ana apa mbok, iki lagi arep beres-beres klambi lo mbok"
Mbok'e : "Iyo le..nduk, ngene lo..kowe cah 2 lak arep menyang omahe bapak ibu mu. Iki mbok'e enek sangu gawe kowe mengko neng dalan"
Mungkidi : "Iki wis ana duwit saka tabungan ku mbok"
Sri Ratu : "Iyo mbok..duwite gawe mbok'e wae"
Mbok'e : "Wis di simpen was duwite gawe tabungan sekolah. Iki duwite digawa, pisan mbok'e wis gawe panganan mangko di pangan bareng yo..nek wis teko Jombang"
Sri Ratu : "Matur suwun nggeh mbok..Sri sayang mbok'e"
Mungkidi : "Mbok..mbok..iki wis jam 11, bis budhal jam 12 awan. Aku tak beres-beres sek mbok"
Mbok'e : "Iyo le..ojo lali karo sing digawa ojo sampe keri neng bis, ojo lali diteliti loo?!"
Mungkidi : "Siap mbokk"

Banjur Mungkidi lan Sri Ratu pamitan karo mbok'e

Mungkidi : "Mbok aku pamit dhisik yo mbok"
Sri Ratu : "Simbok ati-ati neng omah"
Mbok'e : "Iyo le..nduk.. Mbok'e mung iso kirim dongo supaya budhal mulih slamet"
Mungkidu lan Sri Ratu : "Aminnn"

Sak wise pamitan, Simbok, Mungkidi, lan Sri Ratu budhal menyang terminal. Mungkidi lan Sri Ratu numpak bis jurusan Madiun-Surabaya.

Kernet bis : "Surabaya...Surabaya"
Mbok'e : "Pak tulung nggeh mangke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandhani"
Kernet : " Nggeh, Bu..Tariiikkkkkk"

************************************************

Ing perjalanan suwe, ing terminal Ringinanom Nganjuk Mungkidi takon kernet bis.

Mungkidi : "Wis cedak Jombang durung Lik?"
Kernet : "Durung le..jek suwe"

Ora let suwi teko terminal arah Jombang, Mungkidi takon maneh.

Mungkidi : "Wis tekan Jombang Lik??"
Kernet : "Durung le..jek uuuadohhhh"

Mungkidi lan Sri Ratu suwe-suwe bosen nunggu lan akhire keturon. Bis terus mlaku arah Surabaya. Ora kroso bis wis nglewati Jombang. Kernet lali pesene mbok'e, bareng kelingan kernet langsung omong supir bis.

Kernet : "Duhh kang..aku doso marang bocah-bocah iki (karo nudingi bocah 2 iku) mau aku dipeseni mbok'e yen tekan Jombang bocahe kandhanono!"
Sopir : "Wahh lha piye kowe kuwi..Jombang wis klewat adoh (sopire bingung)

Tujukno sopire apikan gelem mbalik menyang Jombang. Sak wise jalok persetujuan penumpang liyo, mergo mesakake Mungkidi lan Sri.

Sak wise teko Jombang Mungkidi di gugah.

Kernet : "Le..nduk tangi wis teko Jombanh iki!! (karo nggoyang-goyang awake Mungkidi lan Sri)
Mungkidi : "Wis tekan Jombang Lik?? (Karo grusa-grusu mbukak kantong ngetokake sangune, sego sambel lawuhe iwak asin)"
Kernet : "Arep mudhun kene le???"
Sri Ratu : "Ora Lik, wong aku arep menyang Surabaya delengen tikete!"
Mungkidi : "Mau simbok ku pesen, sangune mengko di pangan nek wis tekan Jombang wae (Mungkidi karo muluk sego)"
Kernet lan sopire : "Woo....Weedhussss Jaran tenan bocah iki...!!! Tiwas mbalikkk!!!!!"

Akhire Mungkidi lan Sri diterke maneh menyang Surabaya neng tujuane.

*TAMAT*