Jumat, 03 Februari 2017

karepe ngene kok ngono



Panyusun drama kelas XII AK 2:
1.     Fajar Fitriani                  (05)
2.     Finika Diah Risna                   (06)
3.     Kevin Giovinda LMA    (19)
4.     Khoirunnisa                            (20)
5.     Luthfiiatul Hamidah      (31)
KAREPE NGENE KOK NGONO
BABAK 1
Ing sawijining dina ,digambarake sek katon esuk srengenge bae durung jedul saka wetan. Pitik jago pada ngadu suara gagahe,  Kukkuruyukk  suarane pada saut sautan. Dina iku uga dadi dina panutup acara kemah Bantara SMKN 1 Magetan ana ing lapangan Desa Sumberdukun.
Kholis  : Don, Ris ndang tangio,, koe pada pengen mulih ora? Urung subuhan barang lo!!
Dono   : Gaya mu! Biasane yo jarang sholat.
Kholis  : Aku wes tobat len.
Aris     : O iyo. Iki kan yo dina terakir, arep mulih pisan. Ndang tangi.
Kholis,Dono,Aris karo Reno iku langsung banjur tangi lan langsung mara ning masjid sakcedake lapangan. Dilanjutne karo adus lan siap siap peralatan kang bakal digawa mulih.
Acara terakhir yaiku sarapan bareng sakdurunge ninggalake bumi perkemahan. Salah sijine bapak pembina pramuka dadi pemimpin do’a sakdurunge sarapan bareng. Ora let suwe leh donga, para siswa banjur bukak bungkus sega sing uwis diwenehi karo panitia.
Dono   : iki lo,, sega bungkus ku isine akeh, dadi aku iso wareg mangan iki.
Aris     : Ora usah digape apa sing diomongne karo Dono, ayo ndang dibuka segane.

BABAK 2
Bebarengan karo iku, Dono lan kanca kancane , yaiku regu utawa sangga sing lungguh ana ing pojok dewe,mangan karo geguyonan. Bocah bocah kui ora mandek leh ngomong. Cangkeme mumcu muncu kebak sega lan lawuhe, ngomong lan nyanyi nyanyi ora mikir kanca kancane sing sing gilo ngingeti deweke. Nanging kancane sak regu iku podo seneng karo Dono amarga Dono sing gawene cela celi nggawe geguyonan nganti kekel.
Bapak pembina sing ngawasi murit murite iku, ngingeti Dono lan kanca kancane banjur nimbali Dono.
Reno   :Eh Don, awakmu ditimbali karo Pak Andik, lo(Reno nuding arahe nengpanggonane pak Andik).
Dono langsung mengo neng arah sing dituding Reno, banjur ngingeti pak Andik, deweke langsung maju ngadep pak Andik.Cangkeme isih kebak karo panganan.
Kholis  : Sukur, kowe paling arepe dihukum, Don. Ndang mangkat kana!
Dono   : Iyo iyo, aku otw kilo ( Dono banjur mlaku marang panggonane pak Andik)
Dono   :Wonten menapa pak? Kula ditimbali kaliyan panjenengan?
Pak Andik       :Koe opo ora kesel kok ngomong karo ngguya ngguyu ae?Koe ora ngingeti kancamu sing sangga liya pada meneng, anteng?
Dono               :Kula niki sumeh banget lo pak, kula mboten saged yen meneng terus mengko nek kesambet pripun pak? Ditambah melih yen kula meneng, sinten sing damel rencang kula bahagia ngguyu kaya ngoten?
Kholis,Aris lan Reno   :Huu,, Pede banget koe Don.
Reno                :Ana kowe malah uripku dadi sengsara, kokean dihukum.
Dono               : Kurang ajar kowe pada cah, aku ora kok anggep kanca ye?
Pak Andik       :Wah,, niatmu lan perilakumu apik banget ya Don, yen ngono jawabanmu, aku takon deh nang awakmu.
Dono               :Mangga pak, kula sampun ngomong yen kula iku baik lan sumeh.
Pak Andik       :Yen koe seneng gawe kanca kancamu guyu lan bahagia, apa koe ya iso gawe tanah airmu Indonesia iki Bahagia utawa seneng?
Dono malah bingung apa sing dikarepake marang Pak Andik. Deweke malah gur ingak inguk kaya wong goblok. Ola olo, ora mudeng apa sing dimaksud kui. Kanca Sangga ne Dono malah guyu ngingeti Dono sing ditakoni marang pak Andik iku.
Dono               :Maksute panjenengan iku pripun to pak
Pak Andik       :Nyenengake tanah air kaya tresna marang tanah air, jare wong nom noman sak umuranmu yen tresna iku bisa nyenengake.
Dono manggut manggut kanthi manteb, jelas banget yen deweke iku cinta banget marang tanah air Indonesia iki. Apa bae bakal Dono lakoni kanggo nyenengake negarane . Jo meneh tresna wektu dolan ora ana. Deweke rela yen dina dinane dientekne kanggo melu kegiatan kegiatan sosial kayata Pramuka,sing jarene wujud amalan saka sila ketelu, Pancasila, Persatuan Indonesia.
Dono               :Yen jawaban kula, kula mesti tresna banget marang tanah air Indonesia,      buktine bae kula tumut acara pramuka bantara niki pak, kula tumut penjelajahan, karo melu ngrungoake materi materi sing diwenehne karo pembina pramuka liya.
Sak bare mangan lan ngomong karo pak pembina, deweke malah dadi cegukan. Dadi kancane sing ket mau ngingeti Dono malah guyu gara gara carane ngomong Dono lan dilanjutne cegukan.
Pak Andik  :Ooo ngono ta, ya wis, aku sak iki njaluk bukti marang koe yen koe tresna marang tanah airmu Indonesia.

Dono           :Buktine kados napa pak.(Cekuk cekuk)
Pak Andik   :Coba ambungen lemah ding kok idek iki!
BABAK 3
Deweke malah bingung. Dono uga ngerti yen lemah iki bar di enggo angon angon wedus, di enggo mlayu mlayu nganggo sepatu sing wis mesti gupak lemah jemek l;an liya liyane.Wedine malah yen mengko deweke ngambung bunder bunder cilik sing kasebar ning lapangan iki. Dadi deweke malah nunduk ae.
Pak Andik       :Koe ki pie ta Don? Jarene mau koe tresna marang tanah air?
Dono       :Yen tresna nggeh jawaban kula tresna banget pak, tapi yen kula mengko ngambung lemah iki sing diambung sanes lemah nanging coklat mengko pripun pak? Kula malah dados mboten ngambung lemah malah ngambung cenil, pripun pak?
Pak Andik mung mesem. Kanca kancane malah pada guyu kekelan.
Pak Andik       :Ya uwis , yen ngono deloken disik, ana cenil utawa coklat sing kok maksut  mau. Ambunen disik lemahe iki, yen mambu, berati iku ana, yen ora ana pokok e ambungen tanah air sing kok idek iki.
Dono setuju lan manggut manggut. Deweke langsung jongkok ,alon alon mbungkrung ngambu lemah. Deweke lali, yen deweke iku isih ceguken.Ngerti yen lemah, deweke langsung mangap mangan salah sijine coklat sing rada ketutupan suket ijo iku.
Aris                 : Dono, nggilani,,( suarane Aris karo mbengok)
Reno                :Don, aku ra kolu madang
Kholis              : Uwong yen diomongi ra kenek ki yo ngono asile
Kanca kancane pada melu mangap kaya kaget ngingeti apa sing dipangan karo Dono, ora let suwe, kanca kancane pada ngguyu kekelan nganti wetenge lara. Pak Andik banjur malah melu kaget. Dono langsung melilik lan langsung mlayu golek banyu di enggo kumu. Panitia panitia sing ndelok kejadian iku uga ora iso nahan guyu ngingeti Dono lan ekspresine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar