SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN
Prinda, Ruri, Riski, Rohma uwis suwe dadi
konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih kerep jajan bareng kerep seneng
bareng. Ananging, kabeh dadi malih pas Bapake Prinda bangkrut.
Ning kelas pas piket. Kahanan ning kelas
reget, kursi lan mejo morat marit amarga bubar dienggo acara osis mulihe rada
sore ra sempet nata meja lan kursine nang panggone. Pas dino iku enek bocah
sing padu.
Prinda :
Rur, aku enthuk njaluk tulung ra? Tulung balekno sapu iki pisan!
Ruri :
Opo?? Mbalekne?? Wegah!
Prinda :
Nyapo to kowe iki? Dengaren jutekmen karo aku.
Ruri :
Arep ngopo? Wis minggiro kono!!
Riski :
Wis-wis kowe iki podo nyapo to? Kok padu wae nak enek masalahki mbok diomongke
apik-apik.
Rohma :
Nyapo to Rur, kok kowe nesu karo Prinda ngono?
Prinda :
Sapa sing kanda awake dewe apik-apik wae to Rur?
Ruri :
Ora! Aku saiki ora seneng karo kowe, wis-wis minggir-minggir!!
(lunga ning mburi karo gowo sapu)
Riski :
Sik yo tak marani Ruri (lunga)
Rohma :
(gedeg-gedeg) yowis santai wae! Pancen Ruri wonge kaya ngono, rasah dipikir.
Prinda :
Iyo, aku yo ora ngira Ruri kaya ngono. Jebule wonge sombong banget
Rohma :
sssssstttttt,,,,ojo banter-banter wonge ndak krungu
( KRUNGU SWARA BEL ) wis bel balekno sapune!!
Wis pirang-pirang dina Prinda karo Ruri
pas ning sekolahan ora dolan bareng Ruri milih dolan karo Riski lan cah sugih
liane. Terus sakwijine esok,
Riski :
Rur, kowe ngerti ora?
Ruri :
Opo?
Riski :
Aku nduwe Hp anyar
Ruri :
Eeehhh.. apike, opo mereke? Regane pira?
Riski :
Iki Hp. Regane murah mung Rp.6.789.000,- SmartPhone lo iki
Ruri :
Halaahhh. Mung semono to regane. Kecil. Bapakku kan Bos.
Riski :
Haahhh, eram tenan. Yowis sesok tukuo sing luwih apik saka iki!
Ruri :
Iyo gampang..bisa diatur
Riski :
Hallahhh...!!
Wektu muleh sekolah. Ruri wis tekan omah.
kahanan ning omah maleh ricuh amargo Ruri mbengok – bengok terus.... langsung .....
Ruri :
Pak,, Bapak,, tumbaske Hp!
Step : Heh! Opo! Nyedako rene! Tuku
Hp! Meneh! Hpmu kuwi arep kok nggo opo?
Ruri :
Niki kirang sae usume saniki Hp sentuh
Step : Buk..Buke!!
Dwi :
Nggeh Pak, wonten punopo, Pak?
Step : ( Menehi Isyarat ) kandanono
anakmu kono!
Dwi :
Piye yo.. Bapakmu iki lagi enek masalah ning kantore, enek kliene bapakmu sing
wis marai rugi perusahaan.
Ruri :
Maksude???
Dwi :
yo iki bapakmu durung iso nukokake Hp kowe. Bapakmu kapusan, mula awake dewe
kudu irit barang sing ora penting ojo dituku disek. Omah iki bakal didol. Awake
dewe golek omah sing sederhana.
Ruri :
Punopo Bu?? Bangkrut maksudipun Bu??? Pokoke tetep tumbaske Hp!
Step : ( Braakkkk) rasah ngeyel mbok
yo ngertio kahanane wong tuwa sitik wae to, Nduk?
Ruri :
Kersane, tetep Hp pokoke
Step : Ora Hp-hp’an pokoke kudu irit
Ruri :
Nesu (lunga ning kamar karo banting lawang)
Step : Buk, piye nek saiki ngejak Ruri
neng endi ngono?
Dwi :
Lhaa.. dhateng pundhi, Pak?
Step : Wis kuwi rahasia. Pokok e
celuken Ruri nek ora gelem omongo wae arep ditukoke Hp
Dwi :
Enggeh,,, Rur...Rurii... mreneo sek, Nduk! Arep dijak bapakmu
Ruri :
Enggeh Bu. Sios ditumbaske Hp to Buk?
Dwi :
Yo emboh, pokoke meluo bapakmu sik Ruri karo Step numpak
mobil stir bunder warna ireng merk avanza, Ruri lungguh amor bapak e
ning ngarep dijak mlaku-mlaku neng “ngendi” ngono. Terus Ruri mikir. Lho kok aneh
ambune ngapusi iki.
Ruri :
( Mudun saka mobil ), kok mriki Pak, mboten sios tumbas Hp to?
Step : Coba deloken uwong kuwi saben
dino kerja nguli bangunan, adus kringet trimo golek duwit dienggo madang anak
lan bojone, awake kudune bersyukur urip kecukupan saben dino. Tak kandani yo Nduk
... urip iki ora mesti neng duwur terus utowo neng isor terus. Nek awake dewe
tau sugih, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti...?
Ruri :
Ngertos pak
Step : Ngerti tenan pora ??? dadi
sido tuku Hp po raa??
Ruri :
Mboten mawon Pak. Pak kula nyuwun ngapunten nggeh, kula sampun sadar.
Step : La ngono lho, iyo tak
ngapurani Nduk Ruri mikir nek sesok arep jaluk ngapuro karo Prinda
lan dadi koncone maneh.
Esok wes teko sekolah, pas arep bel masuk, ning ngarep
kelas pas kahanane sik seger,
srengenge lagi mletek, similir angin’e hawa
adem, Ruri nyedak’i Prinda
Ruri :
Prinda...!
Prinda :
Nyapo Rur ! jarene ora pengen kenal aku meneh.
Ruri :
Sopo sing ngomong ?
Prinda :
Yo wis arep ngomong opo ?
Ruri :
Ngene, Aku njaluk ngapuro ya Prind ( karo ngejak salaman ).
Prinda :
Sepurane aku durung iso ngapurani kowe
Ruri :
Tenane??
Prinda :
Ora-ora mung guyon, yo genah tang ngapurani to (nggegem tangane Ruri), aku
pingin kekoncoan karo kowe selawase, dadi kowe ojo ngono kuwi eneh, aku gak
pingin duwe konco sing sifate malih elek
Ruri :
iyo Prin, aku bakal iso berubah lan jogo kekoncoan awake selawase.
Rohma :
Suwun lo. Mosok koncoan juk mbiyen musuhan, ojo nganti ngono, yo ora Ris?
Riski :
Iyo,, kowe sido tuku Hp pora?
Ruri :
Ora kok Ris. Eemmmm... Bapakku kapusan. Saiki keluargaku krisis.
Riski :
Oooowwwww
Prinda :Opo
iyo? Yowis rapopo. Mesti enek jalan keluare. Trimo ing pandum wae
Ruri :
Bener omongmu Prind.
Teeettt..Teett..Tett... bel mlebu ning kelas, lan awit
pelajaran.
~RAMPUNG~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar