RENCANA KERJA BHAKTI
Ing
dina Sebtu Sore Aji, Ari, Sinta, lan Reni ngumpul kaya biasane ing omahe Reni.
Anggone kumpul mau arep mbahas rencana sing diusulne Reni yaiku Kerja Bhakti.
Aji, Ari lan Sinta :
“Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh”
Reni : “Waalaikumsalam Warahmatullahi Wabarakatuh.
Eh.. Sinta wes pada teka ta.. ayo pada mlebu lungguh njero kene.”
Sinta :
“Iya Ren.. ayo cah mlebu.”
Aji : “rencana apa singcocok kanggo ngisi wektu
luangpemuda pemudi sok minggu sesok
cah.”
Reni : “Pie nek ngadakne kerja bhakti sak desa,
mengko desane awake saya resik lan ngindari penyakit DBD. Sak liane kui kerja
bhakti ya iso nambah rasa peduli marang lingkungan. Kepriye menurutmu cah...?”
Ari : “Aku setuju Ren tapi awake kudu ngomong ning
pak RT umpama arep ngadakne kerja bhakti supaya enek sing ngawasi awake dewe.”
Sinta :
“Setuju aku. Ayo sak iki ning omahe pak RT ngomong ning pak RT yen sesuk awake
nduwe rencana kerja bhakti kanggo pemuda pemudi desa. Syukur yen bapak-bapak
lan Ibu-Ibu ya bisa melu kerja bhakti ngresiki desa iki.
Aji :
“ayo budhal sak iki neknu, supaya engko cepet diumumne ning warga”
Banjur bar
rembugan bocah-bocah mau mara ning omahe pak RT kanggo ngomongke Rencana kerja
bhakti pemuda-pemudi desa iku.
Sinta :
“AssalamualaikumWarahmatullahi wabarakatuh. Pak RT”
Pak Rt :
“Waalaikumsalam Warahmatullahi Wabarakatuh. Eh.. Ari, Aji, Sint lna reni iki ana apa ya kok
ramemen iki kene ayo mlebu omah ene..!
Ari :
“enggeh pak. Matursuwun”
Reni :
“ ngeten pak. Kula kalian Rencang-rencang gadhahrencana badhe ngadakaken kerja
bhakti benjing, pripun pak....?”
Pak RT :
“ Iya nduk aku setuju karo rencanamu, rencana kui apik kanggo ngresiki desa iki
ben ogak enek penyakit demam berdarah lan sapiturute. Wesdiumumne ning warga
durung nduk...?”
Aji : “Dereng pak. Niki wau tasih ajeng konsultasi
kalian pak RT rumiyin. Kersane wonten ingkang ngarahaken menawi wonten
klentunipun. Pripun pak...?
Pak RT :
“iya mengko tak umumne. Rencanane daerah endi wae sing bakal diresiki nduk, sak
lingkup RT kene oposak desa , nek sak desa kui kudu matur marang pak Lurah
barang nduk.”
Reni :
“niki kan tasih rencana awal pak ugi sepindah niki ta pak kerja bhaktinipun,
rencana kula lingkup RT mriki rumiyin mangke menawi lancar ugi responipun
saking masyarakat sae mangke nembe diadakaken bersih setunggal desa ngeten
pripun pak.”
Pak RT :
“iya nduk awakmu lan kanca-kanca kok nduweni pemikiran inisiatif ta nduk. Ayo
sak iki diumumne lewat masjid enek sing arep melu opo ora iki.....?”
Ari :
“mboten mawon pak, niki kula kalih rencang-rencang badhe siap-siap kangge
mbenjing . sampun ngeten mawon pak kula kalian rencang-rencang badhe nyuwun
pamit.”
Pak RT :
“iya-iya nduk.. le... ati-ati yaing ndalan”
Sinta :
“inggih pak.”
Ari, Aji, Sinta lan Reni :
“Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh”
Pak RT :
“Waalaikumsalam Warahmatullahi Wabarakatuh.”
ANGGOTA KELOMPOK XII AKUNTANSI 3 :
1.
MELAYANTI ARDIANZAH ( 01 )
2. MIFTAHUL MANAN ( 04 )
3. NASUHA HASWINUR F ( 08 )
4.
RINDANG RATRI k ( 32 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar