Kamis, 16 Februari 2017

Ketemu Kanca Jadul

Ketemu Konco Jadul
Ing sawijining deso jadul, ana bocah wadon mlaku jeneng e Arum. Arum lagi muleh soko Malaysia dheweke kangen karo suasana deso jadul kui. Ing tengah dalan Arum petukan konco lawas jeneng e Anisa.
Arum : eh nisaaa
Anisa : (ngingeti karo mikir)
Arum  : sa aku Arum mosok kowe lali ?
Anisa  : Arum ? sek-sek (Karo mikir)
Arum  : iyo aku Arum koncomu SMK mbiyen Aku bangku ngarep dewe soko kidul.
Anisa  : oalah iyo rum piye kabare saiki neng ndi ??
Arum  : saiki aku neng omah lagi muleh semingguan iki soko Malaysia
Anisa  : loh kowe nyapo neng Malaysia ? Dadi tukang isah-isah to ? (Karo Ngguyu)
Arum  : ngawur we. Aku menyang kono kerjo neng pabrik emas.
Anisa   : weh bayarmu akeh ne ?
Arum  :  yo lumayanlah sing separo kenek dicelengi, sing separone kenek dinggo shooping
Anisa  : wahh dadi wong sugih we saiki
Arum  : ahh kowe ki sa iso ae. Piye kabare Bayu karo Diah yaa ??
Anisa  : iki aku arep menyang omah e Bayu melu piye ? Diah yowes neng kono
Arum  : ayo melu aku
(Budal menyang omahe Bayu )
Anisa  : ehh Diah wes teko lakok ndisiki kowe kulino neram
Diah  : hahahaha  Aku og,  iki opo Arum kae ?
Bayu  : mosok Arum ? Tapi kok maleh ayumen  ?
Arum  : hahaha iso ae weke Bay,  iyo aku Arum sing mbiyen lungguhe ngarep dewe soko kidul
Diah  : iyo kowe saiki tambah ayu ae. We sido budal menyang Malaysia to  ?
Arum   : iyo aku lagi muleh iki,  Wes semingguan
Bayu  : La oleh-oleh e ndi kok aku ora diwehi kaos opo jajan ngono ?
Diah  : weki jajane sing kok pikir
Arum  : hahaha jajane wes entek, sing isek kae kuat karo slamet
Bayu  : kuat ke bapake Anik kae to. La nek slamet ke lagi bapak ku (karo ngguyu)
Anisa  : ehh la iki moro neng gone Bayu kok ora diwehi panganan opo ngombe-ngombe ngono ye ?
Arum  : lehh iyokok. Bayu ke piye neh ?
Bayu  : iyo-iyo cah. Weke kok, sek to tak jupukne kok ora sabaran men
Arum  : ehhh.. ngomong-ngomong weke arep rabi tenan ye Di  ?
Diah  : hehehe iyo cah, oiyo sek tak kek i undangan kabeh
Arum  : La karo sopo rabi mu Di ?
Diah  : yo karo jodoh ku sing ketemu pas masa SMK kaeto( karo mesem)
Anisa  : karo Tegar kaeto ?
Diah  : iyolah cah la arep karo sopo meneh ? wong jodohku yo mek kui
Bayu  : kilo cah ndang dipangan yoo. Kudu entek pokok e
Diah  : gampang Bay, aku yo lagi luwe iki...  hahaha
Arum  : Wes wes Diah ke jan ket mbiyen ra berubah hahaha
Anisa  : ndang ayo dipangan bar kui ndang muleh, sapiku rung tak combor
Bayu  : ojo gage - gage to cah sek urung mari kangen e loo....
Diah  : halah padumu kangen Arum e Yuu Bayu
Anisa  : iyo weke Bay, ra gelem ngaku
Arum  : cah - cah weke kok sek koyok mbiyen e, eyel-eyelan terus..
Bayu  : laiyo kok Rum..
Diah  : yowes aku pamit ndisik yo, sokmben ojo lali teko yoo..
Arum   : iyo,  aku yo arep pamit. Arep neng gone Anik Fre kangen eram aku..
Anisa  : yowes aku yo melu kowe Rum..
Arum  : loh jaremu arep nyombor niss ?? Yowes nek melu ayoo
Bayu  : yowes ndang muleh kono, sokmben rene neh ya ojo lali gowo jajan sing akeh
Arum  : gampang Bay kenek di atur
Anisa, Arum, Diah  : daaaa Bay


Anggota kelompok XII APK 1   :
1. Agustiny W.S      (05)
2. Anisa Riski           (13)
3. Bayu Niken K       (21)

4. Diah Nurul R        (29)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar