Rabu, 08 Februari 2017

SINAU KELOMPOK XIIMM2 (Kanesma)

 

SINAU KELOMPOK

“Ning jero kelas mari pelajaran.”

Atin      : “Cah, kepriye mengko lek awake dewe sinau kelompok”
Lastri   : “Iya, aku setuju”
Nanda  : “Aku iya setuju”
Nindi    : “Iya waelah manut aku”
Okwi    : “Terus ana ngendi lak sinau kelompok?”
Atin      : “Ning gone sapa ya cah penak’e”
Nindi    : “Ning omah e Nanda wae pie cah”
Nanda  : “Ojo ning omah ku, adoh omahku ke, mesakne liyane”
Okwi    : “Lha trus ning gone sapa penake iki”
Atin      : “Ning omah e Lastri wae lak ngono, gelem ra cah?”
Lastri   : “Iya cah ning omah ku ae, mengko tak wei jajan”
Nanda : “Yowis ning gone lastri wae.”
Nindi    : “Terus jam piro lek sinau kelompok?”
Atin      : “Mulih sekolah langsung wae ngopo”
Nindi    : “Yowis mengko mulih sekolah langsung ning omah e lastri ya”

“Mantuk sekolah langsung sinau kelompok ning omahe Lastri.”

Lastri   : “Ayo cah ndang podo melbu, sepurane omahe elek”
Okwi    : “Ora ngapa Tri biasa wae, kabeh ki podo”
Atin      : “Wis ayo ndang pada melbu”
Nindi    : “Ayo selak kesel aku ngadek terus”

(Kabeh podo melbu banjur ngetok ke buku lan sinau).

Okwi    : “Ayo cah ndang pada di bukak bukune”
Nanda : “Iki mau tugas e kaca piro cah”
Lastri   : “Iki lho kaca 27, mulane di tengeri lek ono tugas ki Nan ”
Nindi    : “La iyo kok, piye nanda ki”
Atin      : “Wis wis ndang pada di kerjak ke”

(Kabeh rerembukan ngerjak ke tugas)

“Akhire rampung lah ngerjakake tugas”

Nindi    : “Ye akhire tugas iki bar, aduh kesel aku”
Nanda  : “Kok cepet banget yo awake dewe ngerjak ke tugas iki”
Atin      : “Iya, mergo awake dewe kerja sama ngerjake tugas iki, dadi cepet bare”
Lastri   : “Iyo bener kui omongan ne Atin”
Okwi    : “Eh cah wis sore iki, ayo ndang pada bali”
Nanda  : “Iya mengko selak kesoren”
Nindi    : “Iya iya, ayo bali cah selak luwe aku”
Kabeh –lastri   : “Tri, bali sek yo . .”
Lastri   : “Iyo cah ati-ati yo, suwun wis gelem sinau neng omahku”
Atin      : “Iyo tri pada pada. Aku bali sek ya. Assalamualaikum”
Lastri   : “Walaikumsalam”

~RAMPUNG~


Anggota Kelompok 
XII MM2 SMK Negeri 1 Magetan 2016/1017

-Nanda Ayu S.M (04)
-Nindya Dian F (06)
-Okwiyanto N.S.H (08)
-Sulastri V.U (29)
-Suprihatin (30)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar