XII AK 2
Kelompok 1 :
Enik Suprihatin {01}
Erna Bian Saputri {02}
Irma Warhamni Febriana {15}
Jesiska Tamara Ayu {16}
Linda Ayu Fatmawati {29}
Meideilla
Bakti Pengesti {36}
KERAJAAN EMIJEL
Rupane sarwo ijo, ijone royo-royo ing kiwa tengene. Bangunane gedhe
dhuwur, katon megah banget. Kerajaan EMIJEL jenenge. Kerajaane endah, edi peni.
Rakyate urip ayem tentrem . Rajane adil, jujur, lan bijaksana. Nanging ora dinyana, ora
dikira, Prabu Supri suda rungon saiki. Nanging ora ana sing nyadari. Bejane Prabu Supri, garwane yen ngomong banter banget.
BABAK
1
Sore iki, Prabu Supri dikancani garwane mlaku-mlaku
ing taman mburi kerajaan.
Ratu
Meti : “Kang Pri… Iku kembange apik ya.”
Prabu
Supri : “Aku ora bisa nembang lho, Dik.”
Ratu
Meti : “Kembang, Kang… Kembang…” (Leh ngomong rada
banter)
Prabu
Supri : “Oalah, kembang…”
(Prabu
Supri ngepek kembang, banjur diselipake ing nduwure Ratu Meti. Ora suwe, Patih
Tamra & Patih Linti marani Prabu & Ratu)
Patih
Linti : “Hormat grak…. Tegak grak.”
Prabu
Supri : “Ana apa?”
Patih Linti :
“Lapor Prabu, wonten berita duka. Prabu Supra kalian Ratu Supra nembe
mawon seda. Prabu kalian Ratu nglayat sakniki napa
enjing-enjing? Niki langite mendung."
Prabu
Supri : “Apa? Mayite adiku mlembung?”
Patih
Tamra : “Lha niki malah sampun gerimis.”
Prabu
Supri : “Apa? Mayite adiku mringis?”
Ratu
Meti : “Adududuhh… Kakang Supri… Sampean apa wis
budheg saiki?”
Prabu
Supri : “Lho Dik? Kok aku mbok arani budheg to?”
Ratu Meti : “Lho mboso aku sing
omong kok jelas? Hmh.. mbohlah.. Patih, ulangana
laporanmu, leh omong sing banter yo!”
Patih Linti :
“Lapor Prabu, wonten berita duka. Prabu Supra kalian Ratu Supra nembe
mawon seda. Prabu kalian Ratu nglayat sakniki napa
enjing-enjing? Niki langite mendung."
Prabu Supri :
“Healah Le..Le… Adiku kari siji kok yo mati. Sesok wae nglayate, iki
mendung
gek wis gerimis. Sesuk esuk umun-umun, adewe ndang
budhal pokoke. Nek arep nekad saiki mengko kudu nglewati hutan angker kae.”
Patih
Tamra : “Siap Prabu.”
Patih
Linti : “Hormat grak…. Tegak grak.”
BABAK
2
Patih Linti :
“Hormat grak…. Tegak grak. Prabu, monggo bidhal nglayat. Kretanipun
sampun siap.”
Prabu
Supri : “Patih, ayo budhal… Kretane ndang dicepakne.”
(Tibake
Prabu ora krungu apa sing dikandhakne patihe.)
Ratu
Meti : “Sampun siap kretane, Kakang Pri. “
(Ratu
Meti sajak curiga, kok sisihane ora krungu menawa diajak ngomong karo wong
liya. Sawise Prabu Supri metu saka kamar, Ratu Meti nyeluk Dayang Saput. Dayang
Saput yaiku dayang kang nduweni biyung sing biyen pernah dadi dayang gaweane
ngopeni Prabu Supri nalikane isih enom, nanging biyungne saiki wis seda.)
Ratu
Meti : “Dayang Saput… Coba mreneo! Cepet!”
Dayang
Saput :
“Nggih, Ratu. Wonten punapa?”
Ratu Meti : “Sak jan jane sing
gaene dilakoni Prabu Supri nalika nom-nomane biyen apa
ta? Kok saiki Prabu Supri kaya-kaya suda rungon
wisan. Padahal umure lagi 50 taun.”
Dayang Saput :
“Biyung kula pernah nyanjangi kula, Prabu Supri rumiyin tresna marang
Earphone.
Diagem terus, jarang diuculi.”
Ratu Meti : “Oalah.. Pantesan
kok suda rungon. Golekna tabib sing iso ngobati kupinge.
Tapi aja sampe ana sing ngerti yen Prabu wis suda
rungon.”
Dayang
Saput : “Siap, Ratu.”
Ratu
Meti : “Yawis ya.. aku arep nglayat. Masakno sing
enak.”
BABAK
3
Dayang
Saput :
“Ratu, niki asmanipun Tabib Warna. Niki tabib ahli THT, Ratu.”
(Ratu
Meti sajake kaget banget amarga penampilane serem. Klambine sarwo ireng, wajahe
putih, nanging malah serem amargo katon pucet banget. Banjur Ratu Meti mbisiki
Dayang Saput.)
Ratu
Meti : “Masa iki tabib? Kok wajahe serem yo?”
Dayang
Saput :
“Memang ngeteniki Ratu. Tiyange sumeh kok tapi.”
Ratu
Meti : “Tabib, niki Prabu Supri suda rungan.
Njenengan obati nggih.”
(Tabib
Warni mung mantuk pisan tok. Jan serem + misterius)
Dayang
Saput :
“Prabu sakniki wonten kamar, monggo Tab.”
(Meneh,
Tabib Warni mung mantuk pisan tok.)
Ratu
Meti : “Iki Kakangku Supri, Tab. Mumpung lagi sare.”
(Meneh-meneh,
Tabib Warni mung mantuk pisan tok.)
(Tabib
Warni banjur nyedak ing andinge Prabu Supri, banjur tangane loro karo
ditemplekne sisih-sisih, ing tengen siji, ing kiwa siji. Ora let suwe lambene
komat-kamit, sirahe mantuk-mantuk kaya wong lagi disko. )
Ratu
Meti : “Lho? Kok leh nambani kaya ngono?”
Dayang Saput : “Nggih
ngoten niku, Ratu. Sejatosipun kula riyin nggih budheg kok, hehe…
Banjur biyung kula ngobatne kula. Nggih mantunipun
diobati Tabib Warni niki.”
Ratu
Meti : “Oalah… Tibake…”
Dayang
Saput :
“Hehehe… Peace, Ratu”
(Dayang
Saput nyengir isin.)
(Ora
let suwe, tabib wis meneng. Tangane wis diculake. Tandane wis rampung olehe
ngobati.)
Ratu Meti : “Sampun, Tab?”
(Meneh-meneh lan meneh, Tabib Warni mung
mantuk pisan tok.)
Dayang Saput : “Ratu, niki ogkose
ditransfer napa tunai?”
Ratu Meti : “Walah, tunai
lahyau… Isin aku ngko nek mbayare isih mengko-mengko. Nek
transfer dadak
ngenteni sesuk dina kliwon, iki lagi dina pahing gekan.”
Dayang Saput : “Oh..ngih-ngih, Ratu,
leres.”
Ratu Meti : “Ndang bayaren nek
ngono. Wis tak cepakne neng meja kae.”
(Dayang Saput banjur njupuk amlop neng
nduwur meja, dielungne menyang Tabib Warni.”
Dayang Saput : “Niki Tabib, matursuwun”
(Meneh-meneh lan meneh-meneh, Tabib
Warni mung mantuk pisan tok.)
Akhire
Prabu Supri ora budheg maneh. Kerajaan EMIJEL sansaya tambah jaya. Ratu Meti,
Patih Linti, Patih Tamra, lan Dayang Saput uga tambah seneng atine amarga ora
perlu omong banter-banter yen lagi omong-omongan karo Prabu Supra. Eh, salah…
Prabu Supri maksude, hehehe…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar