Kamis, 09 Februari 2017

KEONG EMAS

KEONG MAS
Ing sawijining dino Raden Inu Kertapati lan Candra kirana ana ing krajaan ngenekake parepatan kanggo ngrembug babagan nikahane Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana. Ananging Dewi Galuh sedulurane Candra Kirana ora seneng yen Raden Inu lan Candra Kirana nikahan banjur dheweke lunga saka krajaan kanggo nemoni Mbah Dukun.
Dewi galuh   :  “Aku pengen adhiku dadi apa wae sing paling nggilani. Cepet saiki!”
Mbah dukun : “Ngapunten sakderenge putri, nanging wonten punapa saengga kula kedah ngutuk Candra Kirana?”
Dewi Galuh : ”Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu Kertapati saka aku, aku ora pengen ngerti Candra kirana dadi bjone Raden Inu Kertapati.”
Mbah Dukun : “Inggih putri.”
(Ing sawijining dina, ana rondo tuwo sing diarani mbok randha dadapan sing lagi golek iwak nganggo jala ing kali.)
Mbok Randha : “Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah … coba tak golek iwak nang kali nganggo jala, mesthi luwih cepet entuk katimbang nganggo pancing.”
(Saktekane ing kali…)
Mbok Randha : “kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?”
(Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang dijupuk nggo jala. Nanging dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut ing jalane. Keong mas banjur digawa bali karo mbok Randha Dadapan.)
Mbok Randha : “Coba tak kei pakan supaya iwake pada nyedak. Aduh-aduh kok ora ana sing nyedak, nanging jalaku abot, oleh apa ya iki…? Weh…lah, keong mas apik banget warnane beda karo liyane. Tak gawa mulih wae takingu.”
(Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok Randha nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe iwake ora njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang ngomah.)
Mbok Randha : “Endi iwake, awet wingi kok ora njedhul-njedhul apa lagi musim jagongan ya, iwake pada njagong, yo wis lah mulih wae.”
(Saktekane ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget amarga neng meja pawone wis ana panganan kang enak-enak dheweke kaget banget.)
Mbok Randha : “We ladalah, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing ngeteri ya?”
(Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale panganan kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti sapa sing menehi panganan kanggo dheweke.
Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lungo neng kali, padahal dheweke menyang mburi omah pengin ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha Dadapan kaget amarga keong mas sing neng genthong ngerti-ngerti dadi perawan ayu. Perawan mau banjur masak lan nyepakake panganan neng meja. Mbok Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.)
Mbok Randha : “Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi perawan ayu? Saka ngendi asalmu?”
Candra Kirana : “Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang disihir dados keong mas dening mbah dukun ingkang kautus dening sedherek kula.”
(Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, Candra Kirana banjur malih maneh dadi keong mas. Mbok Randha Dadapan semaput amarga kaget banget karo kedadean sing dialami lagi wae.
Raden Inu Kertapati ngerti menawa Candra Kirana ilang. Dheweke banjur nggolek’i Candra Kirana kanthi membo-membo dadi wong cilik.)
R.Inu Kertapati    : “Waduh Candra Kirana ana ngendi ki? Hem…cah ayu ndang balio, kakang kangen karo kowe. Wah aku kudu goleki dheweke, nanging piye carane ya? Aha…aku membo-membo dadi rakyat wae.”
(Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep ngoleki Candra Kirana. Dheweke banjur membo-membo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)
Mbah Dukun     : “Raden, panjenengane badhe tindak pundi?”
R.Inu Kertapati : “Aku arep nggoleki Candra Kirana ana apa kowe kok ngalangi lakuku.”
Mbah Dukun     : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra Kirana wonten ing tengah alas.”
R.Inu Kertapati : “Apa bener?”
Mbah Dukun     : “Inggih Raden!”
R.Inu Kertapati : “Tak cekel omonganmu!”
(Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati ora nemokake Candra Kirana. Dheweke ketemu pengemis, pengemis iku muni yen Candra Kirana ing pinggir alas cedak kali, Desa Dadapan.)
R.Inu Kertapati : “Candra Kirana… kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Inu Kertapati!”
Pengemis          : “Raden sedekahipun …” (tangane ngatung)
R.Inu Kertapati    : “Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.”
Pengemis          : “Nuwun Raden, ngapunten panjenengan madosi Candra Kirana?”
R.Inu Kertapati    : “Inggih Mbah, jenengan ngertos saking pundi? Nalika manuk gagak kalawau ngendikan Candra Kirana wonten ing tengah alas mriki.”
Pengemis          : “Manuk gagak niku badhe nyelakakake panjenengan, sejatine Candra Kirana ing laladan Dadapan.”
R,Inu Kertapati  : “Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.”
Pegemis            : “Sami-sami raden.”
(Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan)
Mbah Dukun     : ”Woi ngopo kowe nyampuri urusanku? Apa kowe wani karo aku?”
Pengemis          : “Anggomku ngalahke kowe iku gampang rasakna penthungku iki!”
Mbah Dukun      : “Waduh…!”
Pengemis       : “Kalah tho!”
(Ana ing dadapan Raden Inu Kertapati mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir ngombe. Dheweke weruh Candra Kirana ing njero gubuk kuwi.)
R.Inu Kertapati    : “Wah ngelak ki aku. Mampir neng gubuk iku sek wae lah. Kulo nuwun…!”
Candra Kirana     : “Mangga wonten perlu napa?”
R.Inu Kertapati    : “Candra Kirana … alhamdulilah akhire aku nemokake kowe.”
Candra Kirana     : “Inggih, kula Raden.”
R.Inu Kertapati    : “Aku nggoleki awakmu nganti ngendi-ngendi cah ayu, kepriye critane awakmu iso tekan kene?”
Candra Kirana     : “Niku Raden kula dipun kutuk dadi keong mas dening Mbah Dukun lajeng kula diopeni kaliyan Mbok Randha Dadapan wonten mriki.”
R.Inu Kertapati    : “Nistha temen kelakuane Dukun kuwi, sakiki dening aku wis nemokake awakmu ayo balek nang krajaan karo aku.”
Candra Kirana     : “Sembah nuwun Raden.”
Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana banjur ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening baleke Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan tho Candra kirana ora nesu karo Dewi Galuh nanging nasibe Dewi Galuh yaiku sakdulurane Candra Kirana, tetep dimudhunke tingkatane amarga tumindhake sing nistha banjur  ora dadi dewi maneh nanging dadi rakyat biasa ing Desa Dadapan.





Kelompok 5.
Anggota Kelompok :
1.  Anggi Prastyo      (05)
2.  Chintya Intan P    (13)
3.  Ewith Sara L        (21)

4.  Krismonika A.C    (29)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar