Hape Limited Edition
Ing sawijining dina, Lela ,Mita ,lan
Lita arep gawe tugas bareng ning omahe Lita.
Lela lan Mita: “Assalamualaikum.”
Lita : “Waalaikumsalam. Jam semene kok lagi
teka.”
Lela : “On time si iki?”
Lita : “On time apane. Wis telat iki.”
Mita : “Wis wis rak sah ribut. Mau isik adus.”
Lita : “Yowis. Ayo do mlebu.”
...
Lita : “Mbak…. Mbak Novita… tulung gawekke
ngombe kanggo kanca-kancaku yo.”
Mbak Novita : “Beres…Sekawan njih ndoro.”
Lita : “Yo... cepet yo.”
Mita : “Walah raksah repot repot.”
Lela : “Jajane ojo lali lho…”
Mita : “Heh kowe ki..”
Lita : “Haha. Rak apa-apa kok. Mengko ben
ditukokke karo Mbak Novita.”
Lela : “Lhah ngono. Nek ana jajane kan dadi
semangat gawe tugase.”
Mita : “Kowe ki jajan wae.”
Mbak Novita : (teka seko pawon) “niki unjukane kalian jajanipun ndoro.”
Mita, Lela : “Matur nuwun mbak.”
Mbak Novita : “Iyo. Iki meh do gawe opo sih?”
Lela : “Meh gawe tugas sekolah mbak.”
Mbak Novita : “Lhah ngono. Aja dolan terus.”
Mita : “Iyo mbak.”
Mbak Novita : “Yo wis, aku tak ngasahi sek yo.”
Mita : “Iyo mbak.”
...
Lela : “Iki tugase kon piye to?”
Mita : “Koweki malah rak ngerti. Kuwi lho, kon
gawe teks drama basa jawa.”
Lela : “Wah gampang kuwi. Golek wae ning google
akeh si?”
Lita : “Tapi tugase kan kon gawe, orak kon
golek?”
Lela : “Halah rak apa-apa, mengko diganti
sitik-sitik. Paling Pak Guru yo rak ngerti
kok. Paling yo Ping Pongan gurune. Rak
ngerti nek dhewe iku nggolek ning
internet.”
Mita : “Ojo ngono Lel. (nepuk pundake Lela) Yo
wis. Aku tak golek sek seko hp yo.”
Lita : “Aku tak golek sisan.”
……
Lela : “Piye wis nemu durung?”
Mita : “Kowe ki orak golek malah ngomong wae.”
Lela : “Iyo iyo, aku tak goleki sisan.”
Mita : “Lhah ngono.”
Lela : “Lho Ya, kowe kok malah instagraman?”
Lita : “Hehe, nyambi sitik orak apa-apa to.”
Lela : “Yo wis lah. Sing penting entuk mengko.”
Mita : “Nah wis nemu ki aku. Judule ‘Kekancan
lan Katresnan.”
Lita : “Wah koyoke apik kuwi. Piye Ceritane?”
Mita : “Dadi Melisa karo Bagus kuwi kanca sak
kelas. Saben dina bocah 2 kuwi
digasaki, diece terus karo
kanca-kancane. Banjur akhire cah 2 kuwi jadian.”
Lela :
“Wah apik kuwi. Mengko digantini meneh. Ben rak ngetoki nek golek ning
google.”
Mita : “Yo wis, sing gantini kowe yo?”
Lela : “Siap, tak gawane aku.”
Lita : “Nah nek wis nemu ngene kan ayem.”
Mita : “Wah wis sore iki. Ayo mulih ndisik Lel.”
Lela : “Iyo. Ya aku karo Mita bali sek yo.
Lita : “Iyo, ati-ati.”
********
Bengine, Puri lagi kebingungan goleki
Hp ne.
Puri : “Aduh, Hp ku ning endi yo. Gawat
ki nek ilang, Hp larang kuwi.
Ta...Lita...Kowe ngerti Hpku
porak.”(bengok-bengok ngundang adhine sing isih
ning kamar)
Lita : (teka seko kamare) “Goleki apa tho Mbak yu? Kok koyok kebingungan.”
Puri : “Iki lho dek, Hpku ilang.”
Lita : “Hp sing ndi mbak?”
Puri : “Kae lho, Hp impor asli Amerika, kiriman
soko pacarku. Hp sing paling larang
dewe kae lho.”
Lita : “Koyok sampeyan duwe pacar wae mbak...
mbak...”
Puri : “Wah kowe ki kok ngece men to. Malah
arep rabi.”
Lita : “Mosok iyo mbak? La nek tunangan kapan?.”
Puri : “Wis wis orak sah dibahas. Sing penting
Hp kuwi ning ndi?”
Lita : “Lha mbok delehke ngendi mbak?
Dieling-eling sek.”
Puri : “Mau isuk ki ning kene... Apa dijupuk
kancamu kae? sing mau awan gawe tugas
ning kene, sapa jenenge?”
Lita : “Lela mbak. Aja nuduh sembarangan ngono
ra. Jajal digoleki sekmeneh.”
.....
Mita, Lela : “Assalamualaikum.”
Lita, Puri : “Waalaikumsalam.”
Puri : “Lha kae kancamu teka. Mesti meh
mbelekkake Hpku kae.”
Lita : “Aja nuduh sek mbak.” ( banjur mbukakke
lawang)
Mita : “Eh Ta, iki teks dramane wis diedit karo
Lela. Garek ngeprint ki, aku rak duwe
printer. Kowe duwe si?”
Lela : “Iyo, printerku yo lagi rusak.”
Lita : “Siip. Ayo do mlebu, diprint ning
njero.”
Puri : “Nah iki bocahe!!! Eh ngaku kowe njupuk Hp imporku ra?”
Lela : “Lhoh, sembarangan nek ngarani. Duwe
bukti apa kowe?”
Mita : “Iyo, nek rak duwe bukti ki aja nuduh.”
Puri : “Halah kuwi kan Hp larang, limited
edition meneh, mesti pengen duwe kowe.”
Lita : “Wis mbak Pur!! rak sah nuduh nuduh
ngono.”
Lela :
“Wah rak level njupuk Hpmu. Nek gelem aku tuku sing luwih larang yo iso, Hp
koyok ngono wae kok. Paling piro si
regane?”
Puri : “Halah garek ngaku wae gampang si, rak
sah kakean alesan ngono.”
Lela : “Nek rak percoyo jajal golekano ning
kantongku nek ono.”
Puri : (goleki ning kantonge Lela) “Paling wis
mok pindah ra, apa mbok titipke ning
tase Mita?”
Mita : “Nyoh gledhano tasku.”
Puri : (gledhahi tase Mita) “Lho kok orak ono
yo.”
Lela : “Diomongi kok ngeyel e nganyel ne wong.
Aku ki rak njupuk Hp mu yo.”
Mbak Novita : “Ana apa si kok ribut-ribut?”
Lita : “Iki lho mbak, Mbak Puri kelangan Hpne,
banjur nuduh Lela sing jupuk?”
Mbak Novita : “Walah...Koyok mengkono wae ribut. Sing muk maksud Hp iki po?”
(karo
nguduhake Hp ne
nang puri) “Mau awan Hp iki gumletak ning jubin. Terus tak
singkirke ben orak ilang.”
Puri : “Walah mbak… mbak… kok orak ngomong awit
mau si?”
Mbak Novita : “Mau sore ki aku meh kandha, tapi akeh gawean dadine lali. Kowe
orak takon
aku si.”
Lela : “Kae ra. Dudu aku yo sing njupuk. Isa
tak tuntut ning pengadilan kowe ko,
pencemaran nama baik ki ngerti ra?.”
Mita : “Mulano aja nuduh sembarangan.”
Puri : “Hehe, iyo, ngapurane yo Lel, Mit.”
Lita : “Lhah ngono mbak, njaluk ngapura.”
Lela : “Iyo iyo, mbesok meneh ki nek rak duwe
bukti aja nuduh sembarangan ngono
lho.”
Lita, Mita : “Wuuuuuuuuuuu………”
Puri : “Iyo, iyo isin aku.”
Asmanipun Anggota Kelompok 3 :
1. Lela Indah Sari (03)
2. Lita Ramadhana (10)
3. Mita Fathimah (17)
4. Novita Ambarsari (24)
5. Puri Dwi Rahayu (31)
(XII APK 3 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar