Rabu, 01 Februari 2017

JALARAN AMARGA LATIHAN

JALARAN AMARGA LATIHAN

           
BABAK 1 

Sekolahe Novia nganake pementasan kangge ngerayakake HUT kota Magetan sing oleh gelar Sejuta Apel. Pementasan mau bakal digelar ing tengah alun-alun. Novia lan kanca-kancane pada ngrundingake bab mau ana ing Gezebo sekolah.
Novia   : “Eh, La kowe arep melu pementasan ora?”
Putri     : “Oh.. asline aku sih arep melu, ning aku dipilih karo Bu Rina, Guru kariwitan.”
Prilli      : “Wah enak kui, Nek aku daftar pementasan wae ra ditrima. Asem je nasibku”
Novia   : “Na, gelem ra daftar seni musik gawe pementasan karo aku?”
Nana    : “Aku wegah ah, aku ra isa”
Novia   : “Lah, ra po po aku we… ra isa main alat musik, suaraku we fales ”
Nana    : “La njuk ngapa ndaftar?”
Novia   : “Njajal ta”
Putri     : “He em lho, mendingan daftar, ndak nasibe kaya Prilli
Prilli      : “Eh, ngapa we nganda aku? Dosa we..”
Nana    : “Ya ya ya, tak daftar wis ayo mlebu kelas, mundak diseneni”

BABAK 2

            Bali sekolah Novia lan Nana bali bareng, bocah loro mau lagi ngomongake pementasan kota Sejuta Apel Magetan.

Novia   : “Piye, wis latihan rung?”
Nana    : “Ah hurung, aku meh metu seko pementasan, males je.”
Novia   : “Lha ngapa?”
Nana    : (gedhek gedhek)“ Aku ra isa, alasane males”
Novia   : (Mlongo) “He? Alasane mung kuwi? Eh mbok latihan, dewe melu pementasan iki, iku gawe kutha Magetan ta.. dadine kita kudu semangat ”
Nana    : “Ah aku ra peduli, Magetan entuk gelar, aku ya ra entuk duwit. Malah aku dikon
  pentas”
Novia   : (gedhek gedhek ) “Kowe ki sadis ya? Wedi aku, wis ya tak bali…(mlayu)
Nana    : (ngguyu) “Aku ki medeni ya… ha ha ha”

BABAK 3

            Ing sekolah Novia nggawa recorder kanggo latihan ing sekolahan, amerga pentase tinggal seminggu maneh., lan tes musik dina iki.

Novia   : “Ah latihan sik…”
Putri     : “Jarene ra isa nganggo alat musik. Kok isa”    
Novia   : “Eh aku latihan terus, nganti mbengi jam rolas. Delokake wae mripatku, ya ana
jendulane amarga isih ngantuk, luwih parah meneh, aku diseneni karo tanggaku, gara-garane nyuling mbengi-mbengi”
Prilli      : (ngguyu) “Ha ha ha, salahmen dewe nyuling mbengi-mbengi, ning ana paedahe ta..”
Nana    : (ngguyu) “ha’a ana paedahe, aku  malah  ra isa, eh Via aku ra sida metu, soale paling
               tese aku ya ora lulus”
Novia   : “Ramang pesimis, soale mesti sinis, dadine engko sadis, ati-ati bisa kritis…”
Prilli      : “Apa sih maksute? Ra jelas tenan.”
Putri     : “Gek rusak bocahe ki..”
Prilli      : “Biasane kan kurang obat..”
Nana    : “Wis uwis, eh Via.. Aku meh ngomong, rene melu aku”
Prilli      : “ Aku meluuu”
Putri     :  (mliriki Ani) “ Eh eh aku ya melu…”
Novia   : “ Mmm… ya… ora oleh (melet)
Putri     : “Ra lucu…”
Prilli      : (ngguyu) “Ha ha ha, ra lucu”

BABAK 4

            Ing mburi kelas Novia lan Nana lagi omongan-omongan…

Novia   : “O… dadine kowe sida ta?”
Nana    : “Sida tapi aku ra ngerti carane”
Novia   : “Mengko tak ajari, nek wis isa, enak kok.”
Nana    : “Aku dajari ning iki rahasia lho..”
Novia   : “Siip, kowe nggawa ra?”
Nana    : “Nggawa lah… masa njileh wek mu, kan bisa ketularan penyakit.”
Novia   : “Iya… iya…”

BABAK 5
            Sawise bali sekolah ana tes kanggo kelas musik pementasan, 2 jam sadurunge tes Novia karo Nana lagi ing Gazebo

Novia   : “Dudu kuwi sik ditutup, nah kuwi saiki sebul…”
Nana    : “Ha’a cocok suarane pas, ning  kepriye tinggal 2 jam maneh.”
Novia   : “Isa-isa kuncine mung latihan, recorder ki gampang kok”
Nana    : “Siap… latihan gawe Magetan…”
Novia   : “Nah iki gek ra sadis”

            Tes musik akhire rampung…. Novia lan Nana bali bareng

Novia   : “Ahh.. tenan ta… Kowe lulu tes”
Nana    : “Sapa ta gurune”
Novia   : “Aku…”
Nana    : “Aku ra sabar pementasan ning alun alun, pokoke aku barisan ngarep lho”
Novia   : “Eh ya ra isa, aku kudune!”
Nana    : “Aku”
Novia   : “Aku”
Nana    : “AkuuuuuAkuuuu”     
Novia&Nana    : “Ha ha ha ha”

Rampung…

 


NAMA KELOMPOK :

1.      NANIK SUFATMI              (07)

2.      NOVIAWATI                        (13)

3.      NUR INDAH A.                   (15)

4.      PUTRI DWIANASARI  (25)


KELAS : XII AKUNTANSI 3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar