Kelompok 3 XII Akuntansi 1
1. Ana
Puji Hastuti (03)
2. Apriliana.
(10)
3. Ayu
Saputri. (17)
4. Dewi
Erika Y. (24)
5. Dwi
Nelaningsih. (31)
Naskah Drama Bahasa Jawa
Nggawe Drama
Babak 1
Ana
ing sawijining Desa Kopek ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan
Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya
ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi
ngampiri Jono.
Sardi : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake
Jono)
Jono : Gaweanmu dolan ae . Koyo
wong pinter wisan.
Sardi : Halah gayamu, gelem opo ora
kowe ?
Jono : Dolan nyandi lho ?
Sardi : Yo emboh... Pokoke dolan ben
koyo cah gaul ngono lho...
Jono : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi
wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi : Hehehe, ora-ora.
Jono : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi : Halah, kuwi dirembug engko
ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono : Oke-oke.... Engko kowe neng
o omahku.
Babak 2
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan
Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian
praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro
maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman : He, enek sing ngerti Sardi karo
Jono ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki,
maeng opo ndak krungu di omongi...
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Jono ae sing enek wong
tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki
urung latihan blas lho...
Parman
: Halah kuwi masalah
keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, aku neng
kene karo nggae naskah dramane piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo
critane ?
Deni : Oke bos.....
Babak 3
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing
kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake
nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora
ana ketok.
Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek
ketok ?
Parman : Lha yo piye neh, lek panggah ora
gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni : Nah, setuju aku. Yo wis aku
pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan
ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa
gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Babak 4
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng
sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu
ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo
dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe
opo iso ?
Parman
: Jajal kene aku (njupuk
gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang
dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono
lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ?
(ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop....
hahaha
Deni
: Hahaha, lha aku
ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing
nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis
nggae kuwi ae...
Babak 5
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo
mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah
wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke
awake dhewe piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ?
wow
Supardi : Heladalah, iki
tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi
nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok
takoni....
Parman : Lha wayahe kan
kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? (
mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo
?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi
kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok
ora kelompok ki ?
Jono : Lha ancen ora
diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok
omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten
dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono : Ora diomongi,
Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah
ngeyel, ndang gek kelompok
Babak 6
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae
drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan
akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan
pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki....
wis berhasil lho
Sardi : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo.... Sing
penting iki wis sukses.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong
bareng kan iso apik hasile
Sardi : Kula nyuwun pangapunten, Pak.
Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo
diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang
wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe.
Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang
lan oleh hasil kan muasne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar