XII AKUNTANSI 2
Anggota Kelompok :
1.
Fitri Dhuwi Astari (07)
2.
Friska Novayanti (08)
3.
Krismiyanti (21)
4.
Laras Arliyanti (22)
5.
Mafula Nurul
Hidajati (32)
"SIMANIS DIGANGGU PREMAN"
Rambute ngrembyak nutupi mata, mabur kene kono digondol angin, disawang kiwa tengen katon ayu Rahmi arane.Rahmi mudun soko bis sing pinggire dalan Desa Kampung Cikunir. Deweke kepengin ning omahe dulure. Rahmi mlaku dewe ing petenge bengi lan sepi,deweke wedi, mergo kiwo tengen lan mburi sepi. Ing tengah dalan ana preman 2 sing mendem.
Preman 2 kuwi omong-omongan.
Asep : Eh Jer, enek target kae
lo !
Jeri : Endi ?
Asep : Kae lo,kae ! Mosok kowe ra nggenag to?
(Sing
dituding Asep malah wit ing pinggir dalan)
Jeri : (Ngingeti sing dituding Asep) Kowe kuwi nudingi opo
to,Sep? Sing kok tudingi kuwi wit lho?? Dasar..
Asep : Eh salah, maksudku wong wedok kuwi
lo sing mlaku ing pinggir dalan.
(Nudingi Rahmi)
Preman 2 mau banjur marani Rahmi.
Jeri : Hai cewek ! Dewean wae??
Rahmi : Opo sih?? Dasar preman ndeso,ngombe banyu putih ae, ngakune mendem, ora nduwe bondo yo ? (Sinambi ngibaske rambute)
Asep : Opo? Ngece yo kowe?
Jeri : Bener Sep, mosok awake ngombe banyu putih ae kok mendem.
(
Sinambi bisik-bisik )
Banjur Rahmi mlaku karo sombong e, tibak e
Rahmi ngidak kulit gedhang, terus Rahmi kepleset lan tibo.
Rahmi : Aduhh,,loro iki, dasar kampung jorok. Kulit gedhang ae kok ning ngendi-endi. (Karo nggrutu)
Asep lan Jeri : Hahaha.. Kepleset wonge. Dadi wong wedok ae sombong
banget.
Weekk..week..week (Karo ngece)
Jeri : Tapi ngesakne yoan wong kuwi. Wis ayu-ayu kepleset kulit gedang.
Asep : Opo to, wong wedok sombong koyok ngono kok disakne. Halah wes ben,wegah aku. Awake dewe iku preman lho?? Eleng,, Eleng biyen pancen
dadi preman dalan (Sinambi nyanyi) Mosok preman nulungi
uwong.. Apa kata dunia?? Rumangsamu awake dewe iki preman
pensiun??
Jeri : Hadehh,, Yo wis sak karepmu!! (Banjur
Jeri nulungi Rahmi)
Rahmi : Nyapo ndemek-ndemek aku, najis tralala yo!!
Jeri
: Yowis,
nek ra gelem ditulungi.
(Jeri nyurung Rahmi sampek Rahmi tibo maneh. Asep marani Rahmi karo nodongne gamane)
(Jeri nyurung Rahmi sampek Rahmi tibo maneh. Asep marani Rahmi karo nodongne gamane)
Asep : Heh, endi dhuwitmu gowo rene! (Nodongke gamane yaiku garpu)
Rahmi :
Kowe iki arep nyopet opo mangan?? Kok gowonanmu garpu??
Dasar copet gadungan... Gak nduwe bakat nyopet,, gak sah
dadi copet..
Asep : Aku iki copet tulen lho!! Aku nyopet iki mergo arep
tak nggo tuku mie ayam. Dadi gawananku garpu,, sopo ngerti nek nggowo
garpu dewe mbayare luwih murah.
Rahmi : Yo wis,, sak karepmu..
Jeri : Uwis,, ngesakne Sep!
Asep : Kowe iki pencopet kok atimu koyok barbie to?? Lembek..
Gowo rene tasmu! Mesti akeh dhuwit’e!!
Sakwise ngewehne tas’e ning
preman,, Rahmi mlayu. Banjur Asep nggledah tas’e Rahmi.
Asep : Endi isine?? Kok kaleng karo rosok tok isine?? Dasar cewek pemulung..
Ngaku-ngaku dadi wong sugih. (Sinambi mbanting tas’e Rahmi) Rahmi moro ning omahe Diman. Ning tengah dalan malah ketemu karo wong wadon sing judes, yaiku
Tia. Koncone Diman
sing lagi pindah saka kota.
Tia : Ih,, sopo sih?? Kok sombong men.
Rahmi : Saksenengku to?? Masalah buat lo??
Tia : Arep neng endi kowe iki??
Rahmi : Omahe Diman
Tia : Nyapo ning omahe Diman?? Diman iku pacarku lho??
Rahmi : Hahaha… pacarmu?? Diman iku jomblo lho?? Ngaku-ngaku ae..
Tia : Ora percoyo to kowe??
Rahmi : Ora.. Diman opo gelem karo kowe?? Wong kowe karo aku nggenah sek ayu aku.
Tia : Kurang ajar!! (Banjur Rahmi lan Tia padu)
Diman lewat lan eruh yen wong loro kui lagi padu. Diman nyedak lan ngredem suasanane.
Diman : Ana apa ta iki?? Kok rame-rame ning pinggir dalan??
Rahmi : Aku arep ning omahmu, Man!!
Tia : Iki lho?? Wadon rajelas!!!
Rahmi
: Opo?? Kowe ganggu aku wae!!
Diman
: Uwis-uwis. Aku tanah ganteng.. Dadi ojo padu ngrebutke aku..
(Sinambi njebrakke rambute)
Rahmi
: Geer.. Huu...Ora ning kono?? Ora ning kene?? Ana wae sing
ganggu. Peh aku manis wae?? Diganggu preman lah?? Wong wedok edanlah?? Nasib.. nasib..
Soko kadohan preman 2 mau
ngiter Rahmi.
Asep lan Jeri
: Woy-woy, kae wong wedok sing ngapusi awake..
R, T, D : Kabur!!!!
Rahmi, Tia lan Diman mlayu.. Amarga
weruh yen wong 2 kuwi preman.
ENDING
Tidak ada komentar:
Posting Komentar