Pamer Sepatu Anyar
Ing sawijining dina Ayu metu kalian
ibune menyang pasar
Ayu :” niki badhe tindak pundi to buk ?”
Ibu ;” Arep nyang pasar nduk”.(karo mlaku ing
dalan)
Ayu ;” Badhe tumbas nopo buk teng peken niku ?"
Ibu : “Arep numbasne sepatu kowe kui lo
nduk”
(
pas neng dalan Ayu ketemu karo kancane)
Tina :” Loh ayu kalian ibune badhe tindak pundhi? ”
Ibu :” Arep menyang pasar nduk, arep numbasne
sepatu Ayu kilo”.
Tina :” Ealah nggeh mpun ,monggo buk !”
(pas
teko pasar ibu lan Ayu langsung njujuk gon sepatu)
Sinah :” Sepatu ne bu kangge putrinipun”.
Ibu :” Enggeh bu,niki kulo badhe numbasne sepatu
anak kulo”.
Dewi :” Nggeh mang pilih buk.
(Ayu
neng kono banjur milih- milih sepatu)
Ayu :” Buk niki lo buk sepatune sae”.
Ibu :” Sing niki pinten buk?”
Dewi :” Sing werno abang niku 250 nek sing biru niku
300 bu”.
Ibu :” Nopo mboten saget kirang bu?”
Dewi : “ Saget buk, kangge njenengan sing sing abang
225 e nak sing biru 275 ae
Bu”
Ibu : “ Nggeh bu ayu mileh sing biru, niki
artone”
Dewi : “pas nggeh bu artone”
Ibu : “nggeh bu suwon nggeh”
(Banjur
tumbas sepatu ibu kaliyan Ayu bali menyang omah,pas tekan omah Ayu langsung
njajal sepatune Ayu seneng banget terus ndue niatan mamerne sepatune marang
bature neng sekolahan)
(isukisuk
neng sekolahan)
Ayu :” cah-
cah tak omongi sepatuku no anyar lo, regane gekyo luarang lo rumangsamu”.
Dwi :” Sepatu opo njajali,kok ketoke apik tenan
yuk?”
Ayu :” laiyo
iyo to jelas nek kui,wong jare bakule ae mung enek siji- sijine ra nek sing
duwe sak liyane aku,regane larang pisan”.
(pas
konco- koncone lagi podo pengen sepatune ayu koncone sing jenenge annisa teko)
Anisa :” enek opo to iki kok podo
rame-rame neng kene ?
Rima :”iki lo fir ,Ayu sepatune anyar apik banget
lan regane yo larang
(Fira
banjur delok sepatune Ayu sing anyar mau )
Anisa :”ealah sepatu koyo ngonoe ,sing due wes akeh”
Ayu :”Mosok,jare bakule iki wetonan sing paling
anyar kok “
Anisa :”la ayo to nak ra percoyo tak dudohi ,sak RT
wes podo due kabeh “
(Mergo
isin Ayu langsung mblayu ,ujuk-ujuk Ayu kesandung banjur sepatune nyemplung
njero selokan )
Ayu :”Tulung-tulung sepatuku keli”(nangis)
Toni :”opo Din,arep tuku kwali ?”(budeg)
Ayu :”Woyyyy sepatuku KELI…”
Toni :”Ooo,, keli to tak kiro nyapo”
Ayu :”Heh malah ngono, tulung suruten to yo”
Toni :”Enakmen ngakon-ngakon , apamu ?”
Ayu :”(Nangis)”
(5
menit sakwise kedadean iku banjur bu Guru teko)
Bu
Guru :”lololo ono opo kok nangis ?”
Ayu
:”Sepatu kula kenter bu Guru”
Toni
:”Makane nek due sepatu anyar rasah pamer”
Bu
Guru :”Woalah,iku gak apik Din, dadi
uwong nak ndue opo-opo ndak usah
Dipamerke marang kancane iku jenenge
Riya”
Ayu
:”Enggeh Ngapuntene Bu Guru”
Anggota
Kelompok
2. Anisa
Pujiati (11)
3. Ayu
Ainaya (19)
4. Dewi
Setyowati (27)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar