MISTERI
WIT ANGKER MBURI SEKOLAH
BABAK 1:
Diceritakaken, ing salah siji dhusun jenenge Dhusun Suka Duka, ana siji sekolah kang nduwe jeneng SMK Maju Mundur. Sekolah kasebut iku sisji-sijine SMK kang ana ing daerah kasebut.
Ing salah sawijining isuk, nalika bel pertanda mlebu muni ing SMK Maju Mundur , ana 2 murid ingkang paling telat mlebu. 2 murid kasebut yaiku Rindah karo Dimas
(suara pintu kabukak), (Rindah karo Dimas langsung mlebu kelas tanpa ngucapke salam)
Dantika : “Le nduk Mlebu kelas kok gak salam to”
Rindah, Dimas : “Nopo, pak?”
Rindah : “Kula nopo Dimas, pak?”
Dantika : “Sopo sing omong kowe Dimas to, nduk?”
Rindah : “Mboten Dimas menika, pak. Nanging Dimas rencang kula, pak.”
(nudingi Dimas ing sebelahe)
Dantika : “MasyaAllah.. ealah, Mas Dimas.”
Dimas : (mringis) “Hehehe.. Inggih, pak.”
Dantika :“Wiswis.. Kowebocah 2 lungguho kono!Mbesok teka telat meneh, nggih?”
Rindah, Dimas : “Inggih, Pak.
benjing badhe kula ulangi malih” (ngesem sumringah)
Dantika : “Yowislah,sekarepmu, le.. nduk.”
( ngusap rai frustasi)
(Rindah Lan Dimas bali datheng bangku piyambake sedaya)
Sak rampunge Rindah karo Dimas lunggah ing bangkune dewe-dewe ing pojok mburi kelas, kegiyatan sinau diwiwiti. Nanging, 2 murid kuwi malih ribut dhewe ing bangku. Bu Dantika kangdadi guru sing mulang lan wali kelas dekne kabeh, mung ngehela ambekan. 2 murid mbelinge kuwi tanah rekasa diatur. Bu Dantika akhire negur bocah 2 iku.

Dantika : “Le.. le.. lee.. Kok ora
nggatekake piwulang, to? Kowe ngomongna apa nganti rame dhewe ingmburi ngono?”
Dimas : “Hehehe.. wados to, Bu!”
Dantika : (geleng-geleng sirah) “Kok malah wani karo guru. Ckckck..”
Ceples : “Inggih, mboten napa-napa nggih, bu? Iiih.. ibu kok dados kepo?”
Dantika : “Mboh. Karepanmu, le. Sing jelas kowe kuwi ngupadi ngowahi aten-aten alamu kuwi. aku wanti-wanti meneh, ya. Dudu mung kanggo Rindan lan Dimas sing tanah saka kanane wis bandel. Kowe-kowe kuwi saiki wis kelas 9. Pirang-pirang wulan meneh kowe arep ngadhepi UNAS. luwih becik kowe nggunakne wektumu kanggo sinau. Ben luwih afdol, sisan kowe dunga marang Gusti Allah. Dadi mengko pas kowe ngerjakne ujian, kowe bisa lancar ngerjakne. Uga jero ngerjakne soal ujian, kerjakne karo teliti. lakokno karo jujur lan aja kangge hal sing aneh-aneh.
Teng...Teng...Teng...Teng....
Rindah lan Dimas : “Bu.. Istirahaaatt!!”
Dantika : “Iyo.. iyo, le nduk. Aku wis krungu. Wis, ndang istirahat kono!”
(Cah-cah mlayu metu soko kelas)
BABAK 2:
Para murid ngentek ake wektu ngaso kanggo njajan ing kantin. Ora kajaba karo Rindah lan Dimas. 2 bocah iku lagi lungguh ing panggon tongkrongane bareng sapirang-pirang murid. Gerombolan sing nongkrong ing mriku lagi mangan karo ngobrol. Nganti Anita Lan Eka nggabung bareng gerombolan iku.
Anita : “Heh, cah. Kowe ngerti gak wit ringin ing mburi sekolahane awak dewe?”
Dimas: “Oh, iyo. Ngerti aku. Emange ana apa to?”
Anita : “Jare kuwi angker lho. Enek penunggune!”
Rindah : “Jare sopo kowe ke? Ojo kemeroh!”
Anita : “Iyo.. yo. Jare Pak Bon ke ben bengi jam 11-12 an ke ana suara-suara ghaib!”
Eka : “Oiyo. Aku ngerti, aku yowis nate krungu tentang iku. Jarene ke lho ya, lek awak dewe rono terus njaluk opo wae mesti iso terkabul.”(senyumgaje)
Anita : “Iyo. Bener sing diomongke Eka.”(ngempetngguyu)
Eka : “Nanging lek arep njalukmrono, kudhu nggowo sesajen.”
Dimas : “Dienggo opo, no?”
Eka : “Mboh. Dienggo persembahan ketoke.”
Ora let suwi sakbare obrolan tentang misteri wit ringin iku, bel pelajaran muni. Gerombolan iku padha bubar balik menyang kelase dewe-dewe.
BABAK 3 :
Ing kelas nalika guru 9E maringaken pelajaran, Rindah lan dimas orang rungokne pelajaran. 2 murid iku malah ribet ngomongke rumor wit Angker sing disebut dening Anita lan Eka.
Dimas : “Eh, Ndah. Jarene si Anita karo Eka tenanan opo ora ya?”
Rindah : “Mboh. Gak ngerti aku. Soale aku dewe yo durung nate njajal.”
Dimas : “Lek tanah pener no, penak ya?”
Rindah : “Penak piye?”
Dimas : “Kowe ke takoke. Wis diomongi barang kok!”
Rindah : ”Diomongi opo? Karo sopo?”
Dimas : “Jabang bayii! (mbengok) Dek mang lho pas ing kantin!”
Rindah : “Woiyo! Eling-eling. Lha awake dewe arep njajal piye?”
Dimas : “Tapike, dosa lho!”
Rindah : “Wes to. Gak popo. Dosa ke dipikir keri.”
Dimas : “Tapi ke, awak dewe arep njaluk opo?”
Rindah : “Yo njaluk ben iso lulus lan entuk danem dhuwur to! Kan kowe males sinau to?!”
Dimas : “Oiyo.. Hehehe(garuksirah) Koyok kowe sregep wae?”
Rindah : “Sekarep. Dadiora?”
Dimas : “Lek akuke manute. Njajale kapan? Engko bengi piye?”
Rindah : “Yowis. Ngono’e..”
BABAK 4 :
Ora let suwi jam dinding nunjukake angka 2. Bel mulih muni. Murid-murid SMP Maju Mundur padhara mearep mulih. Uga Rindah lan Dimas sing lagi metu saka kelas. Bedane, bocah iku ora langsung mulih. Nanging isik nyiapake pepakan kanggo rencana mengko bengi. Saiki wong 2 kuwi ana ing peken.
Dimas : “Arep tuku opo iki, Ndah?”
Rindah : “Tuku sajen lah. Mosok tuku mpon-mpon?!”
Dimas : “Lha iyo. Sajene ke opo?”
Rindah : “Yo omong bakule to! Kan luwih ngerti.”
Dimas : “Lha tukune sajen kuwi sing sebelah endi?”
Rindah : “Wis to.. Menengo. Aku ngerti panggonane. Cilikan ku dhisik gawene aku melu mbahku tuku sajen.”
Dimas : “Yowis nek no. Ayo ndang merono!”
Rindah nunjukake dalan menyang bakul sesajen langganane mbahe dhisik. Kios kasebut uwis ana mbah-mbah kang nunggoni dodolan. Rindah dan Dimas marani mbah-mbahiku.
Rindah : “Mbah, kula kersa tumbas sajen.”
Dantika : “Yo. Sajen opo?”
Ceples : “Enteni pun sajen menapa?”
Dantika : “Ono akeh wernane. Sajen Bucalan, Sajen Tarub, Sajen Siraman, Sajen Ngerik, lan sakliyane. Njalukmu sing endi?”
Dimas :(bisik-bisik) Heh, ndah. Sajene sing endi wi? Jenise kok akeh men?”
Rindah : “Eh, emboh ya. Aku yo ora ngerti sajen sing endi!”
Dimas : “Lhaa.. Terus sajen sing endi ndah?!Aku kan ora nate tuku.”
Rindah: “Lha awakku ke mungeruh panggonane tok.”
Dimas : “Lhaa.. Pleeessss. Terus iki piyee?”
Rindah : “Yowis. Sekarep leh milihe. Penting nggawa sajen.”
Dimas: “Nggih sampun, mbah. Kula tumbas Sajen Uncalan kemawon.”
Dantika : “Sajen Bucalan, le. Sajen kok dienggo uncalan?! Yowis,tuku piro?”
Dimas : “setunggal mawon.”
Dantika : “Yo. Entenono sik. Arep tak jupukne.”
(mlebu kios njupuk sajen sing dipesen mau)
“Nyo, le.”
Rindah : “Pinten, mbah?”
Dantika : “satus ewue lah.”
Rindah : “Menapa awis banget, mbah?”
Dantika “Yowis. Khusus kowe tak diskon malih slawe ewu.”
Rindah : “Nggih. Niki, mbah.”
Sakwise entuk sajen, bocah 2 kuwi metu soko pasar arep mulih menyang omahe dewe-dewe. Ing perjalanan, Rindah lan Dimas ngrencanakake kanggo engko bengi.
Dimas: “Engko bengi kumpule ing endi?”
Rindah : “Ngarep sekolah wae. Jam piro?”
Dimas : “Jam 11 bengi?”
Rindah: “Yowis. Deal ya?” (ngulurke tangan)
Dimas : “Oke. Deal!” (njabat tangane Rindah)
BABAK 5 :
Wektu bengine, Rindah lan Dimas ngumpul ing ngarep SMP Maju Mundur jam 11. Sakbare nyiapake sesajen lan kaperluan liyane, bocah 2 iku moro menyang mburi sekolah. Tepate ing ngisore wit ringin sing jarene angker.
Rindah : “Mas, endi sajene ?”
Dimas : “Iki lho.” (nyerahake sajen nyang Rindah. Rindah langsung ngekekne sajen kuwi ing ngisore wit angker iku)
Sawise ndekek sajen kuwi, dumadakan krungu swara ngguyu kang banter banget.
Anita : “Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Rindah& Dimas : “Swara opo iku?!” (gemeteran)
Anita : “Ono opo kowe bocah-bocah marani aku? Wa.. Ha.. Ha.. Ha..”
Rindah : “Aa.. a.. anu, mbah. kula badhe....”
Anita : “Arep nyapo kowe?”
Dimas : “Badhe.. manthuk, mbahhh.” (arep mblayu, nanging dicegat karo Rindah)
Rindah : “Anu mbah. Ku..kula gadhah pan.. panjalukan.”
Anita :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha.. Arep njaluk panjalukan opo kowe, cah cilik?!”
Rindah :“Ni.. niku, mbah. Kula badhe nyuwun lulus UNAS kangge danem kang dhuwur.”
Anita :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha... Menak iku! Nanging..”
Dimas :“Na.. nanging menap.. pa, mbah?”
Anita:“Ono syaratee. Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Rindah lan Dimas:“Syarate menapa, mbah?”
Anita :“Kowe kudu nuruti kongkonanku!”
Dimas :“Kengkenan menapa, mbah?”
Anita :“Aku njaluk parcel buah!”
Dimas : “Sakmeniki, mbah?”
Anita : “Ora, sok Jum’at Kliwon bengi! Yo saiki lah!”
Rindah : “Yah, samanten meniki toko sampun tutup sedaya, mbah.”
Anita : “Woiyo. Nekno kowe sit up 2x, lan back up 2x!”
Rindah lan Dimas: “Nggih, mbah.”
Dimas : “Sakmeniki?”
Anita : “Iyo, le.”
Rindah lan Dimas nglakokake perintahe Mbah-Mbah Penunggu Pohon iku. Sawise nglakokne kuwi.
Dimas : “Sampun durung, mbah?”
Anita : “Sek kurang! Kok menankmen ngono tok?!”
Rindah : “Lha terus karepanmu napa, mbah?”
Anita : “Loh.. Kok ngece?! Eneh lee.. Isik akeh le syarate!”
Rindah : “Ampun, mbaaahh.. Uwiiiisss..”
Dimas : “Iyo, mbah. Sakmeniki waae.. Pleeaaasseee...”
Anita : “Lhaaahh.. kok malah sok-sokan Basa Inggris kowe?! Ngenyek ye?!”
Rindah lan Dimas:“Ngapunten, mbah.”
Anita : “Yowis. Lekngono, aku arep njaluk..”
Rindah : “Nyuwun ngapunten mbah saderengipun. Niki sampun badhe enjing.”
Anita : “Yowislah. Dadi, kowe mau arep njaluk apa,bicah? Hahahha”
Rindah : “Niku, mbah. Sekedhap malih kula lanTuman badhe sowani UNAS. Amargi punika, Kula badhe nyuwunsu pados ngangsal danem ingkang sae uga sangguh mlebet SMA favorit.”
Anita : “Gara-gara kuwi kowe nekani aku? Wahahaha..Iku menak.”
Rindah lan Dimas : “Kepriye, mbah?”
Anita : “Kowe saben jam 7-9 bengi sinau mata pelajaran saka sekolah. Aja lali dunga sek. Terus, ing kelas kowe bocah 2 aja rame dewe. Garapen PR sing wis diwenehi gurumu. Lan aja lali sholat 5 wektu.”
Dimas : “Lha, mbah. Menawi punika kula ugi sampun mangertos. Kajawi punika ingkang langkung gampil menapa, mbah?”
Anita : “Tanah kuwi sing paling gampang. Paling manjurpisan.”
Rindah : “Nikikaken naminipun konsultasi, mbah. Punapa nyukani saran?”
Anita : “Lha karepan mupiye, hah? Kowe nantang aku?!”
Dimas lan Rindah : “Mbo..mboten, mbah.”
Anita : “Lek kowe orang lakokne apa sing takomongne mau, kowebocah 2 bakal tak santet!”
Dimas : “Ampun, mbah. Inggih-inggih. Kula mangke numindak ake dhawuhani pun.”
Anita : “Yowis. Lek ngono ndang mulih kana! Wahaha..”
Tibakno, pakoleh saka nekani wit keramat kasebut GATOT alias Gagal Total. Rindah lan Dimas malah diwenehi wejangan sing apik-apik saka mbah panunggu. Amarga kekaronen ancaman mbah kuwi, Rindah lan Dimas nglakokake kongkonan mbahpanunggu.
Wektu ngedepi UNAS Rindah lan Dimas bisa nggarap soal kang gampang. Hasile, bocah2 iku lulus kangge danem sing apik. Ora eman-eman perjuangan bocah 2 kuwi nglakokake dhawuhan mbahpanunggu. Akhire, Rindah lan Dimasdadi bocah sing sregep lan pinter.
Wektu lulusan
Anita : “Slamet ya, ndah, mas. Kowe bocah 2 bisa lulus kanggo danem sing dhuwur.”
Rindah : “Hehehe..Iya. Suwun, Nit.”
Dimas : “Iyo, Nit. Matur suwun, ya.”
Eka : “Ora eman, ya?”
Dimas : “Eman apa?”
Rindah : “Yo sinaune mas.”
Anita : “Heh. Duduk kuwi. Ora eman leh aku karo eka nggawe rencana.”
Dimas : “Rencana apa?”
Anita: “Hehehe..sakjane, cerita sing tak ceritakne menyang kowe cah 2 iku ora tenanan.”
Dimas : “Lho? Lha kok iso? Kae lho ana mbah-mbah panunggune tenan!”
Rindah : “Iyo..Lha aku’e dadi sregep sinau yo gara-gara kongkonane mbah panunggu wit iku. Aku wedhi lek disantet.”
Eka : “Hehe..orayo. Gak mungkin kowe disantet.”
Dimas : “Jare sapa? Kowe lhora ngerti.”
Dantika : “Piye leh ora ngerti? Lha wong sing ngongkon kowe lho aku.”
Rindah lan Dimas: “Ha? Maksude?”
Anita : “Dadi asline mbah-mbah panungg uwit keramat mburi sekolah kuwi jane eka”
Dimas : “Iyo,eka?”
Eka : “Hehe.. Iyo. Aku karo Anita sing ngrencanakne iku.”
Rindah : “Lha nyapo kowe ngrencanakne njebak aku karoTuman?”
Anita : “Duduk njebak yo. Aku karo Asha mek pengen nyadarke kowe cah 2.”
Dimas : “Nyadarke piye? Koweke malah ngeden-ngedeni lho.”
Dantika : “Yo, sorry to. Kan kanggo keapikan. Salahmu dewe kok dadi murid mbeling eram.”
Rindah lan Dimas: “Hehe..sepurane, cah.”
Rindah : “Berarti iki kabeh meng akal-akalane kowe cah 2?”
Anita: “Jane yo ora mung aku karo eka tok. Idene iki saka. Nita sing nyritakake tentang mitos wit keramat mburi sekolah kuwi.”
dantika : “Berarti kuwi mek mitos tok, ya?”
Anita : “Iyo, ketoke.”
Dimas: “woalah, cah. Tak kira tenanan. Tapi, matur suwunya. Lek kowe gak ngrencanakne iki, paling aku karo Rindah ora bias dadi bocah sing sregep. Yo gak, Ndah?”
Rindah : “Yoi, bro.”
Dantika : “Sip..sip. Padha-padha kanca kudhu saling tetulung.”
Anita : “Ayo, ndang diduduhne hasil ulangane iki menyang wong tuwane awak dewe. Ben padha seneng!”
Dantika Rindah lan Dimas : “Yuk.. Maree..”
Sak wise iku, bocah 5 kuwi dadi kanca kang rukun. Padha sregep kabeh.

Kelompok :
Anita Marisaha (06)
Arindah Suci W (13)
Dantika O (20)
Dimas N (27)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar