Kelompok 3 XII Akuntansi 1
1. Ana Puji
Hastuti (03)
2. Apriliana. (10)
3. Ayu Saputri. (17)
4. Dewi Erika Y. (24)
5. Dwi
Nelaningsih. (31)
Naskah Drama Bahasa Jawa
Nggawe Drama
Babak 1
Ana ing sawijining
Desa Kopek ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro
iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek
amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi :
Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono :
Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi :
Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono : Dolan nyandi lho ?
Sardi : Yo
emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Jono :Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi :
Hehehe, ora-ora.
Jono :
Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo
wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono :
Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.
Babak 2
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan
yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing
sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi
ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman : He, enek sing ngerti Sardi karo
Jono ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo
ndak krungu di omongi...
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Jono ae sing enek wong
tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki urung
latihan blas lho...
Parman : Halah kuwi masalah keri, sing
penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, aku neng
kene karo nggae naskah dramane piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo
critane ?
Deni : Oke bos.....
Babak 3
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora
nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama
karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek
ketok ?
Parman :
Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni : Nah, setuju aku. Yo wis aku
pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan
ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa
gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Babak 4
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni
lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan
Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo
dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni :
Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka
tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang
dolanane bocah lho...
Parman :
Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne
gitar marang Deni)
Deni :
(Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop....
hahaha
Deni :
Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman :
Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing
nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae
kuwi ae...
Babak 5
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa
yen ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah wes
podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke
awake
dhewe piye ?
Deni lan Parman :
Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan
lho...
Parman : Lha kowe dhekingi
nyandi ae ?
Supardi :
Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis
diomongi...
Supardi
: Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru
: He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten
purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono :
Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek
kelompok
Babak 6
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga
gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh
kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik
banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil
lho
SardI
: Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman
: Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru :
Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi :
Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono :
Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo.
Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise
kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong
lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil
kan muasne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar