Jumat, 10 Februari 2017

Tugas Bahasa Jawa XII AK1

Kekancan
Kahanan kelas isih sepi wektu Sri teka, mung ana Wawan lan Joko wae. Sri ndeleng akeh sampah sing semebar neng kelas. Lan dheweke njaluk tulung Joko lan Wawan kanggo ngewangi ngresiki.

Sri              : Hey Joko, Wawan…

Joko           : Hey ugo Sri..

Wawan      : Kowe wis ngerjakne PR durung?

Sri               : Uwis lah, Ibuku kan sanuli mriksa PR ku saben dina.

Joko           : Aku uga wis.

Sri               : Wah, kelas awake dhewe reged pisan ya, akeh sampah dluwang lan plastik. Iki mesti turah sampah wingi.

Joko           : iya, reged banget. Ning wis ta, mengko uga diresikna ro Pak Sarino. Ya ta Wan?

Wawan      : (mung mesem)

Sri               : Awake dhewe ora oleh ngandhalake Pak Sarino, kan awake dewe sik ngregeti. Sakudune awake dhewe sing ngresikna.

Joko           : ning ta pagawean pak Sarino kan resik-resik.

Sri               : Iya pancen, nanging awake dhewe kudu sinau mandiri, awake dhewe ugo isih bisa ngresikna iki bebarengan karo kanca sing liya.

Joko           : ah aku males.. kana kowe wae Sri
( teka Soni lan kanca sing liya)

Soni           : ana apa sih iki, kok esuk-esuk wis pada geger?

Sri               : Kalo Wawan ora gelem ngewangi ngresikna kelas awake dhewe, kan awake dhewe sing ngregeti.

Soni            : Kan wis ana Pak Sarino, dadi nggo ngapa awake dhewe sing repot Sri?

Joko           : Nah ta, bener tembungku Sri. Ra ngandel ya kowe ro aku?

Sri               : Ah kowe ki padha wae, ya wis yen ora gelem ngewangi.
Banjur bel masuk tett...tett..tett.... murid-murid pada mlebu kelas mulai pelajaran koyok biasane. Sawise sekolah Joko ngampiri Soni. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili.

Joko           : Son , ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Soni)
Soni           : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Joko           : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Soni           : Dolan nyandi lho ?
Joko           : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Soni           : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Joko           : Hehehe, ora-ora.
Soni           : Gek nggawa duit opo ora ?
Joko           : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi Soni )
Soni           : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.

Sawise iku Joko lan Soni dolan. Joko lan Soni ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Sri lan Wawan nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Joko lan Soni.

Wawan      : He, enek sing ngerti Joko karo Soni ?
Sri              : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
Wawan      : Opo jajal diparani neng omahe ?
Sri              : Omahe sopo ?
Wawan      : Yo omahe Soni ae sing enek wong tuwane
Sri              : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Wawan      : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Sri              : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Wawan      : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Sri              : Oke bos.....

Banjur Wawan mara menyang omahe Soni. Ing kono Wawan ora nemoni sopo-sopo. Akhire Wawanmbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Sri. Akhire ditunggu sampek maghrib Joko lan Soni ora ana ketok.

Sri              : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Wawan      : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Sri              : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Wawan      : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Sri              : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Wawan      : Gampang, yo uwis  ndang muliho.

Sri mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Sri lan Wawan rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Soni lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.

Wawan      : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Sri               : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Wawan      : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Sri)
Sri              : Halah kemiso, jajal piye....
Wawan      : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Sri              : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Wawan      : Sing penting lagu daerah lho...
Sri              : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Wawan      : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Sri)
Sri              : (Main gitar)
Wawan      : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Sri              : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Wawan      : Kene lek ngono aku ae.
Sri              : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Wawan      : (Nyanyi karoSri)
Sri              : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.

Soni           : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Sri lan Wawan: Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi      : Heladalah, iki tenanan lho...
Wawan      : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi      : Nyapo aku sing kok takoni....
Wawan      : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi      : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Wawan      : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru   : He he, enek opo iki ?
Sri              : Niki, Pak. Guru, Soni dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru   : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Soni           : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru   : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Sri              : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru   : Lha kwi kowe ora teko...
Soni           : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru   : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok

Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.

Wawan      : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Sri              : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Wawan      : Di, Son, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Joko           : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Wawan      : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru   : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Joko           : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Soni           : Kula nggih, Pak.
Pak Guru   : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.

Krungu swara bel ngaso, bocah bocah kui mau langsung padha arep menyang kantin bebarengan,
Joko           : Cah ayo ..
Soni           : Ning endi ?
Joko           : Ning kantin to, mosok ng udelmu ..
Sri              : Wooooo, Joko edan ..
Soni           : Hahaha, iyo padha budhalo. Aku ora mergo ora due duit ..
Wawan      : Halah sing tenang Son , dak bayari ngko. Karo cah kelompoke awake dewe,  mumpung aku oleh rezeki saka bapakku .
Sri              : Ayo ayo cepet , aku mlayu sek ya ....
Soni , Joko          : Ayo ..
Sakwise teko kantin, bocah bocah kui mau langsung pesen soto.
Soni           : Matursuwun ya Wan.
Wawan      : Halah , iyo padha-padha . Ya ngene iki jeneng e konco ke , susah seneng dilakoni bareng. Apik elek diakoni bareng ,.
Sri              : La ya ngene iki lak penak to. Aku ya matursuwun ya cah , wis nampilke drama sing apik, kompak . padahal saurunge awake dewe eneng sithik masalah .
Wawan      : Ya nek gak eneng masalah ndhisek awak e lak gak ngerti kabeh iki to. Dadi iso digae pelajaran.

Akhire bocah bocah kui mau iso methik pelajaran saka pengalaman sing uwis dilakoni kui mau. Yaiku koncoan kui kunci utamane padha pangerten, kompak, ora golek penake dewe, susah seneng dilakoni bebarengan. Dadi bocah bocah kui saiki koncoan akrab banget.

Kelompok                    :
1.    Annisa Rahmani                    (07)
2.    Aulia Nur Aini                      (14)
3.    Devi Indrawati                       (21)
4.    Dita Ambar Arum                 (28)

5.    Endang Jiarti                          (35)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar