Selasa, 07 Februari 2017

DRAMA BAHASA JAWA XII APK 3 (BUDAYA IKU HARTA WARISAN BANGSA)

DRAMA BAHASA JAWA

JUDUL      : BUDAYA IKU HARTA WARISAN BANGSA
TEMA        : SOSIAL
PEMAIN    : 5 ORANG
-         LILIK SETYOWATI                ( 05 )
-         MAYA DIAH NIRWANA         ( 12 )
-         NANDA OKTAVIANI E.A.P    ( 19 )
-         NUNUNG SUGIARTI               ( 26 )
-         RENI ANDAYANI                     ( 33 )
KELAS      : XII APK 3

Dek bengi ngono lilik arep ngajak Maya ndelok wayang neng alun-alun, tapi Maya ora ono. Pas ketemu karo Maya, lilik banjur takon karo Maya.
          Lilik      : “Jane awakmu mambengi kui nyandi to ya ??”
          Maya     : “Nyapo kok takon aku mambengi ko ndi ?? emang e nyapo lik ?? “
          Nanda   : “ Awakmu kui arep dijak nonton wayang nang alun-alun karo Lilik”
                           Ngerti mambengi ana wayang, Nunung kaget mergo dheweke ora                                  ngerti beritane
Nunung : “ lho.... emange mambengi ana wayang to neng alun-alun ?? awakmu                               jare sopo ??  Kok aku ora krungu yo ?? “
Lilik      : “ Iyo, ana “
Nunung : “ Waduh ..... getun tenan aku cah gak nonton mambengi. Yo opo weki                             kok gak ono sing ngandani aku ??
Ujug – ujug Reni ngomong .........
          Reni       : “ Lha sampeyan arep ndelok wayang barang ki nyapo to jane ?? wong
        wayang wae kok ko delok, penak ndelok TV neng omah “
          Nunung : “ Lho.....lho.....lho..... piye toh jane awakmu iki ?? Wong ono wayang                                kok
        malah ndelok TV neng omah iku. Sampean ngerti ora nek wayang                        kui salah sijine budaya wong jawa.”
          Nanda    : “ Pancene ! wayang iku salah sijine budaya wong jawa sing kudu
        dilestarikake.”
          Maya     : “ Iyo, bener kui. Ojo sampek wayang kui gak dilestarine awake dewe                                soal e wayang kui warisan bangsa lho..... ngawur wae awakmu iku,                                ren.”
Reni malah ngeyel lan wonge ngomong yen wayang kui ora ono gunane.
          Reni   : “ Walah ..... wayang wae kok digawe ribut. Lak penak ndelok liyane.
   Emange wayang kui tontonan opo toh ..... gak ono menarike blas kui !!”
Kanca-kancane Reni podo emosi mergo ucapane Reni.
          Lilik   : “ Wah awakmu iki pancen payah tenan. Tak antem pisan sampeyan
   engko..... mosok wong urip kok gak ngerti warisan budaya.’’
          Nunung : “ Iyo, tenan reni iki....payah kok iki Ren !”
          Lilik      : “ Piye toh Ren, wong kuwi budaya dewe kok malah kok enyek ?? ‘’
          Nanda   : “ Yo ngono kui, wong nek wis lakone wae ora jejeg yo ngono kui.                                     Wong budaya kui identitas bangsa kok malah dienyek.”
Soko papat koncone Reni, akhire Lilik nyadarke Reni bab penting e mencintai budaya bangsa.
          Lilik  : “ Ren, aku arep takon marang awakmu?”
          Reni  : “ Takon opo ndang takok o?”
          Lilik  : “ Awakmu karo Rico (pacare Reni) maune seneng opo ora?”
          Reni  : “ Ora”.
          Lilik  : “ La terus opo seng ngarai awakmu seneng”
          Reni  : “ La aku maune nanggep nek Riko iku wong lanang sing ora apik kok, la
   dheweke tibake nduweni sifat-sifat sing terpuji .Akhir e aku yo seneng”.
          Lilik  : “ Budaya yo ngono kuwi.... awakmu ora seneng karo wayang kui yo                                  mergo awakmu ora ngerti sejarah e.jajal awakmu ngerti  sejarah e lak                            awakmu yo seneng .”
          Akhir e Reni miker........... Banjur ngomong......

          Reni  : “ Wo iyo ya...... ketok e bener  sing kok omong kui lik”.

TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar