Naskah Drama Bahasa
Jawa
Tentang kehidupan
sehari-hari
Ana ing sawijining desa ana
pemuda kang wus akrab banget, yaiku AI, Any, Awit,
Devi, Dita. Bocah limo iku seneng banget
nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi
diusili.
Any : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake awit)
Awit : Halah..Gaweanmu dolan ae .
Koyo wong pinter wisan.
Any : Halah gayamu, gelem opo ora kowe dol ?
Devi : Dolan nyandi lho cah ? mbok y eling
iki wes wancine sinau
Any : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah
gaul ngono lho...
Devi : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Any : Hehehe, ora-ora.
Awit : Gek nggawa duit opo ora ?
Devi : l penak e piye hhhh....
Awit : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Any, Awit, lan Devi dolan. deweke ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok
drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Dita lan Ai nunggu bocah telu maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Any, Awit, Devi.
Dita : He, enek sing ngerti Any, Awit lan
Devi op ora ?
Ai : Lha yo nyandi cah telu ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
Dita : Opo jajal diparani neng omahe ?
Ai : Omahe sopo ?
Dita : Yo omahe wong telu kuwi ae sing enek wong tuwane
Ai : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Dita : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek
kabeh.
Ai : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane,
piye ?
Dita : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane
?
Ai : Oke doll jos gandos
pokok e.....
Banjur Dita lan Ai mara
menyang omahe Awit . Ing kono Dita lan Ai ora nemoni sopo-sopo. Akhire Dita mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama
karo Ai. Akhire ditunggu
sampek maghrib Any, Awit lan Devi ora ana ketok.
Dita : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Ai : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem
kelompok yo golek liyane ae.
Dita : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis
nggoleki.
Ai : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Dita : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Ai : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Dita mulih amarga wis maghrib.
Sesuke neng sekolahan Dita lan AI rembugan bab drama B.
Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Any, Awit, lan
Devi bocah telu kuwi ngrembug
musik kang bakal digawe.
Dita : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Ai : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Dita : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane AI)
Ai : Halah kemiso, jajal piye....
Dita : (nyanyi kembang tebu kabur kanginan)
Ai :
Hahaha, kuwi rak yo dagdutan t doll ...
Dita : la iki y lagu lagu daerah lho...
Ai : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Dita : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar
marang Ai)
Ai : (nyanyi surat
cinta untuk starla )
Dita : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Ai : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Dita : Kene lek ngono e kok ora iso.
Ai :
(Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Dita : (Nyanyi Prawan
kalimantan karo Deni)
Ai :
Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing
ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Any :
Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Awit lan Devi : Trus gue harus
bilang wow gitu ? wow
Any : Heladalah, iki tenanan lho...
Dita : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Any : Nyapo aku sing kok takoni....
Dita : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Awit : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu
)
Awit : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
AI :
Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Devi : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to nduk ? Ora kok omongi ?
Dita :
Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Devi : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek
kelompok
Sawise ngono,
bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso
nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Devi : Apik banget gayamu cah, jan
pantes dadi artis.
Awit : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Dita : Di, Jon, nyapo meneng ae ki....
wis berhasil lho
Any : Aku njaluk sepuro yo.
AI : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Awit : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Devi lan Any : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono
mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai
Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku
bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
XII AKUNTANSI 1
Nama Kelompok :
1. Ai Rostiana (01)
2. Any Lorensa (08)
3. Awit Kusuma
Wijayanti (15)
4. Devu Puji
Arumsari (22)
5. Dita Yunia
Risnandani (29)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar