NADA
BABAK 1
Ing tengah panggung arupa kamare
Nada (swara pitik jago kluruk), nuduhake wayah isuk. Dheweke nyepakake kanggo
budhal sekolah. Banjur pamit marang Ibune. Nada budhal sekolah numpak sepedha
ontel.
Nada :”Bu kula bidhal rumiyen” (Nada nyalimi Ibune sing ya
arep budhal menyang Pasar).
Ibu :”Iya nduk, ati-ati. Iki bekale aja lali dimaem” (ngewehake
bekel)
Nada :”Nggih Bu.”
BABAK 2
Nada teka sekolah banjur markir sepedhane , saka mburi
krungu ana swara sing nyeluk dheweke.
Rima :”Daaaaa……” (karo nepuk pundake Nada)
Nada :”Astaghfirullahh…(genti nepuk pundake Rima) tibake awakmu to Ma ngageti wae”
Rima :”Hehe iya, ayo bareng!”
(teka kelas Rima
lan Nada langsung lungguh ing bangku nomer loro saka ngarep, ora let suwi
krungu swara bel, tandhane pelajaran diwiwiti)
Murid : “Nggih, Bu.”
Bu guru : “Iki podho arep kerja apa kuliah ?” (bocah-bocah njawab
sesarengan)
Murid : “kulo kuliah bu..kulo
kerjo bu..”
Bu guru : “Nada, arep neruske neng ndi ndhuk ?”
Nada :
“Kulo dereng ngertos bu,niki taseh bingung”
Bu guru :
“Lha ngopo kok bingung? Mengko istirahat ning ruang BK nemoni Bu guru,ben iso
konsultasi. Sing liyane enek sing sek bingung?”
Murid :”Mboten bu”
(Sakwise bel istirahat muni,
Nada langsung nemoni Bu Guru ning ruang BK)
Nada : “ Kulo nuwun, bu kulo ajeng konsultasi”
Bu guru : “Iyo nduk mlebu o. (Bu guru ngokon Nada lungguh,sing ning
kono mung ono Bu Guru lan Nada). Opo sing dadi masalah mu nduk?”
Nada :“Kulo taseh
bingung bu,pengen kuliah nanging kahanan ekonomi wong tua kulo mboten nyukupi
kangge biaya kuliah.”
Bu guru : “Ora usah bingung nduk, beasiswa iku akeh ning perguruan
tinggi.”
Nada : “ Ngapunten bu kulo teseh dereng ngertos bab beasiswa
niku.”
Bu guru : “ Ngene nduk..dadi beasiswa iku macem-macem, nek kanggo
daftaran mlebu iku awakmu iso njupuk beasiswa bidikmisi, la nek kanggo sakterus
e awakmu iso golek beasiswa liyo ning
kampus mu iku.”
Nada : “ Pripun kaleh persyaratane niku bu?”
Bu guru : “ Gak usah khawatir bab persyaratan ..awakmu iso ngajukne
surat rekomendasi ning sekolah, mengko enek Bapak/Ibu Guru sing ndampingi.”
Nada :” Nanging pripun kulo angsal informasi lengkap e niku
bu? Kulo nggeh mboten gadah Hape nopo Laptop sing saget damel browsing.”
Bu guru : “ Awakmu iso nganggo komputer sekolah to pas jam
istirahat utowo pas jam kosong.”
Nada : “ Ngenani kampus sing ajeng kulo daftari niku pripun,
Bu?”
Bu guru : “ Sak iki ne tak takoni, awakmu pengen e jupuk jurusan
opo?”
Nada : “ Kulo pengen mendet jurusan biologi bu, amargi kulo
seneng kaleh pelajaran niku.”
Bu guru : “Lha, awakmu iso daftar ning kampus UGM nduk, iku kampus
seng akreditasine apik.”
Nada : “Mengke kulo wonten mriko ngekos nggih bu?”
Bu guru : “Iku urusan keri, awakmu kudu nyiapne kanggo ujian
nasional lan mlebu perguruan tinggi sing kok karepne, lan awakmu nyiapake
berkas-berkas kanggo pendaftaran beasiswa.”
Nada : “Matur suwun bu, panjenengan sampun mbantu kulo.”
Bu guru : “Iyo nduk, iku wis tugas e Guru mbantu murid seng lagi
bingung.”
Nada : “Yen ngoten kulo nyuwun pamit bu, sampun bel masuk.”
Bu guru : “Iyo nduk ngati-ati.”
BABAK 3
Bengine
ning omah, Nada matur marang wong tuane babagan dewek e arep mlebu perguruan
tinggi. (katon swara jangkrik)
Bapak : “Oalah nduk, yen karepmu pengen sekolah, bapak ora iso mbantu
biaya, nggo nyukupi kebutuhan bendino ae sek bingung.”
Ibu : “Pak, Nada ki golek beasiswa pak, ben ora ngaboti awak e.”
Nada : “Nggih pak, mengke kulo ngajukne beasiswa bidikmisi, saking
bidikmisi kui mengko kulo entuk arta kuliah saking Pemerintah.”
Bapak : “Woalah bapak urung mudeng nduk mau, yo bapak ndungo mugo-mugo
berhasil olehmu sekolah, dadi wong seng bakti marang bangsa lan negara.”
Ibu : “Iyo nduk, ojo koyo bapak ibumu, ora kenal sekolah.”
Nada : “Bapak karo ibu tenang wae, kulo insya Allah tenanan, kulo pengen
mbahagiakno bapak lan ibu, kulo ora pengen urip sia-sia.”(krungu swara seruling
ngalun nggambarake swasana seng dirasakne keluarga iki )
Bapak : “Iyo nduk bapak percoyo kowe iso.”
BABAK 4
Akhire
ujian nasional uwis kelewat, pengumuman kelulusan uwis metu lan pengumuman saka
PTN ngabarne yen Nada keterima neng UGM, wong tua, guru, lan kanca-kancane yo
melu seneng amarga Nada iso nglanjutne sekolah.
Nada : “Bapak ibu kulo lulus, kulo ketampa dhateng UGM.”
Bapak : “Alhamdulillah nduk.”(karo ngerangkul Nada)
Ibu : (nangis haru) “ora sio-sio lehmu sinau rino wengi nduk.”
Nada : “Alhamdulillah Allah ngijabahhi dunga kita.”
Panggung
saya suwe redup lampune karo diiringin swara seruling lan nyanyian kang
ngambarake keharuan keluarga Nada.
Rampung
XII Akuntansi 1
Kelompok:
Alifi Kurnia Dzulhijjah (02)
Aprilia Leni D.A (09)
Ayu Diah Puspitasari (16)
Dewi Cahyaning Tyas (23)
Dwi Gianti I.M (30)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar