SINAU GAWE TEKS DRAMA
KELOMPOK 4
1. RIMA AGUSTIN
SEBAGAI SARDI
2. SEPTILIA INDRIANI SEBAGAI JONO
3. SOFIAN AL HAYAUTI SEBAGAI PAK GURU
4. TRIWAHYU NINGSIH SEBAGAI DENI
5. YOSI DWI ARIYANTI SEBAGAI PARMAN
DRAMA
TENTANG BERMASYARAKAT
Ana ing sawijining desa ana
pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek
kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku
sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi
: Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono
: Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi
: Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono
: Dolan nyandi lho ?
Sardi
: Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Jono
: Ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi
: Hehehe, ora-ora.
Jono
: Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi
: Halah, kuwi dirembug engko ae. Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono
: Iyo,. Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Sardi lan Jono dolan, ora
kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas
3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro mau. Bocah loro
kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman
: He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Deni
: Lha yo nyandi cah loro ki, mau opo ogak krungu di omongi...
Parman
: Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni
: Omahe sopo ?
Parman
: Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
Deni
: Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Parman
: Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni
: Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman
: Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Banjur Parman mara menyang omahe
Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan
nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan
Jono ora ana ketok.
Deni
: Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman
: Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni
: Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman
:Dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni
: Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman
: Gampang, yo uwis ndang muliho.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke
neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu
ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman
: Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah .
Deni
: Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman
: Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni
: Halah kemiso, jajal piye....
Parman
: (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni
: Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman
: Sing penting lagu daerah lho...
Deni
: Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman
: Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni
: (Main gitar)
Parman
: Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni
: Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman
: Kene lek ngono aku ae.
Deni
: (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?(Nyanyi karo deni
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko
karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono
: Heh,
bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Deni lan Parman
: Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi
: Heladalah, iki tenanan lho...
Parman
: Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi
: Nyapo aku sing kok takoni....
Parman
: Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi
: Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman
: Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak
Guru
: He he, enek opo iki ?
Deni
: Niki, Pak.
Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak
Guru
: Weh weh, lha nyapo kok
ora kelompok ki ?
Jono
: Lha ancen
ora diomongi to, Pak.
Pak
Guru
: Iyo to le ? Ora
kok omongi ?
Deni
: Sampun,
Pak. Tapi mboten dugi.
Pak
Guru
: Lha kwi kowe ora
teko...
Jono
: Ora
diomongi, Pak.
Pak
Guru
: Halah wis ora usah
ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok
nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang
apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman
: Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni
: Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman
: Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Sardi
: Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman
: Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak
Guru : Lha yo ngono, lek gotong
royong bareng kan iso apik hasile
Sardi
: Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono
: Kula nggih, Pak.
Pak
Guru : Yo wis ora opo-opo.
Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape.
Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik
dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi
gampang lan oleh hasil kan muasne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar