Amarga Sampah
Ing sawijine dino
Chipet marani Ayuk menyang griyane. Chipet arep ngajak Ayuk mincing nyang kali.
Chipet :”yukk…Ayukk
ayo mancing”
Ayuk :”iyoo,ayo”
Sawise teka, Chipet lan
Ayuk langsung lenggah nek ngisore wit pelem karo mancing iwak.
Chipet :”yukk…Ayukk,
kok ora enek iwak sing lewat blas yoo?”
Ayuk :”Emboh,
paling iwake padha mlayu nyawang rupane awakmu”
Chipet :”Moso?
Rupaku opo yo elek-elek nemen to yukk kok iwak podho ngaleh kabeh?”
Ayuk :”ora-ora…
rupamu wi ra elek kok pet, nanging rupamu saithik ngedeni wong. Makane ora ono
iwak dino iki”
Chipet :”lak
mu ngelokne lo, yuk”
Ayuk :”hehehe…
yoo sepurane Pet. Yowes mendingan awake dewe balik ae”
Chipet :”iyo
yuk”
Sak mulihe saka
mencing cah 2 kui mau ketemu Satur lan tiyem ning ndalan.
Satur. :”bar
ko mancing to cah?”
Chipet :”iyoo,
nanging ora oleh iwak”
Tiyem :”lha
kok iso?”
Satur :”paling-paling
ana sing ra beres karo kaline”
Ayuk :”maksudmu?
Kaline bek sampah ngono?”
Satur :”iyoo,
lha wong aku karo Tiyem dek ingi lewat ambune wes gak karu-karuan koyo ambune
Chipet, hahaha…”
Tiyem :”iyoo,
ambune sampah.”
Chipet :”kok
yo aku neh yoo. Layak kok ora enek iwak sing lewat blas”
Tiyem :”lha
piye neh? Wong deso iki ae podho kandhel kupinge”
Ayuk :”Terus
ngene iki, awake dewe kudu nglakoni opo?”
Tiyem :”kerja
bakti to moso yo macul”
Chipet :”males
aku! Aku ora melu kerja bakti”
Satur :”ra
oleh ngono kui, awake dewe kudu guyup rukun. Ojo mentingne awake ae!”
Chipet :”yuh
aku di sengak, iyo-iyo aku melu”
Akhire Chipet, Ayuk,
Satur lan Tiyem langsung balik maneh nyang kali sing koyoke bek karo sampah.
Sak tekane kali, Satur kaget nyawang sampah sing ngebeki sumber banyu deso iki.
Satur :”behh,
sampah e kok koyo gunung”
Tiyem :”dadi
wong kudu sabar drana ya tur”
Satur :”nek
ngene iki terus kapan marine?”
Ayuk :”nek
bareng-bareng mesti cepete”
Tiyem :”cieee..
sakiki Ayuk enteng tangane. Sisan omahku Yukk”
Ora mikir dawa bocah 4
kui mau langsung kerja bakti nyingkirne sampah nganti kaline resik tenan.
Kurang luwih 15 menit, kali langsung
resik, banyu-banyu padha mili banter lan Chipet, Ayuk bisa mancing lan oleh
iwak 2 sing gedhi-gedhi.
Satur :”piye?
Iwak wes ora mlayu neh too?”
Chipet :”iyoo tur, matur suwun nggeh”
Chipet :”iyoo tur, matur suwun nggeh”
Satur :”sami-sami”
Ayuk :’kanggo
ngrayakne adus kringet awake dewe dino iki. Piye nek salah siji iwak iki
dibakar bareng?”
Tiyem :”iyoo…
selak luwe aku”
Satur :”amit-amit jabang bayi.. kowe kui mau lak wes mangan to yem? Kok sek luwe ae?”
Ayuk :”Tiyem lak weteng karet! Hahaha..”
Satur :”amit-amit jabang bayi.. kowe kui mau lak wes mangan to yem? Kok sek luwe ae?”
Ayuk :”Tiyem lak weteng karet! Hahaha..”
Tiyem :”yowis
ben!”
Chipet :”wes-wes,
ayo sak iki awak e balek ae. Terus bakar iwak bareng-bareng”
Satur,Tiyem,Ayuk :”AYO!!”
Akhire kali neng deso
iki wes resik maneh. Banyune ae wes ora mambu, bening rupane, lan akeh iwak
sing gawe warga desa seneng. Sak iki Chipet lan Ayuk wes ora bingung golek iwak
neng kali.
Tokoh
1.
Agustina
W : Tiyem
2.
Anisatur
: Satur
3.
Ayu
Diyah : Ayuk
4.
Dhea
Thresa : Chipet
Tidak ada komentar:
Posting Komentar