Rabu, 08 Februari 2017

MURID ANYAR (XIIMM2)



MURID ANYAR

Isuk iku ing sekolah elite ing daerah bekasi sing terkenal lan biasane sinebut MTsN 1 Bekasi. Ing njobo pager sekolah iku wes ketok kemewahan sekolahane. Sekolah iki uga bedo saka liyane amarga bangunane kang apik lan fasilitas sing memadai gawe bayarane rodok larang kanggo saben wulane. Dadi rata rata murid sing sekolah mrene cukup mampu ing bidang ekonomi keluargane.

Mayang : “eh eh ing kelas ana murid anyar iki”.
Lala : “pindahan saka endi kui may?
Mawar : ‘’kui lanang opo wedok”.
Mayang : ‘’wedok lah pindahan saka Jakarta”.
Mawar : “bu Guru rawuh”.

(murid murid podo lungguh lan berdoa )

Bu guru : “sugeng enjing”.
Murid : “sugeng enjing bu..
Bu guru : “murid murid iki ana murid anyar pindahan saka jakarta. Mrene nak”. 

(nyeluk murid anyar melbu kelas )

Bunga : “assalamualaikum”
Murid : “walalikumsalam”
Bunga : “Tepangaken namikula Bunga Puspita. Kula pindahan saking SMK 1 Jakarta. Salam kenal nggeh”?
Bu guru : “yawis, kana lungguh o karo mayang yo”

(bunga lungguh menyang bangkune  mayang)

Mayang : “haii.. aku mayang”
Bunga : “haii juga aku bunga”
Lala : “koe sing oleh beasiswa kui to?
Bunga : “alhamdulilah iya”.
Mawar : (tepuk tangan) wahh pinter tibake. Ayo sinau bareng
Bunga : “ayo ae”.
Mawar : “omahmu endi?, “Aku jalan salak”
Bunga : “cedak saka kene. “Mengko ae mampir neng omahku gapopo”
Lala : “wah asik”.
Bu guru : “uwis uwis ngobrol e dilanjut mengko maneh yo .saiki di bukak buku bahasa jawi kaca 11”
Murid : “nggeh bu”
Bu guru : “iki babagan drama lan iku tuladhane .sapa sing gelem maca nang ngarep tak wehi nilai A”.
Lala : “bunga bu bunga..

(bunga maju nang ngarep kelas maca tuladha drama .kabeh murid lan bu guru podo seneng tepuk tangan amarga bunga faseh bahasa jawine )

Bu guru : “kilo cah.. contonen bunga macane faseh banget padahal saka jakarta lhoo”.
Murid : “hehehe.......
Bu guru : “yawis bunga, dang lungguh maneh” 

(bunga mlaku ing mejane)

Bu guru : “amarga ana rapat, tak tinggal dhisik yo cah tak wehi tugas kaca halam 21 nganti      24 mengko nek uwes dikumpulne nang mejane  bu guru”.
Mawar : “kok kathah banget tha bu”?
Lala : “lha nggeh bu”.
Bu guru : “yawis dikurangi tugase kaca 21 nganti 28 yo” (karo mesem)
Murid : “astagfirullah buuu” ( murid bengak bengok)
Bunga : “wis cah aja ngeluh”.
Bu guru : “kui lo rungakna koncomu,dang digarap sakbisane . tak tinggal sek.cukup semanten pelajaran dino iki assalamualaikum wr wb...
Murid : “walaikumsalam wr.wb....

Teett.... teeett... (bel ngaso muni, murid m urid pada metu kelas menyang kantin)

Lala : “ayo cah,  luwe aku ayo neng kantin”
Bunga mawar mayang : “ayooo......

(Ing kantin bocah - bocah podo pesen panganan lan ngombe.bunga ketok sumringah amarga nduweni kanca kanca sing ramah kaya Mayang,Mawar lan Lala.)

Bunga : “suwun ya wes apikan mbi aku”
Lala : “koe durung weruh sifat asline mayang sih”
Mayang : “heh meneng”
Mawar : “wkwkwk..... Ngno kui lo bung, cah 2 kui menawa petok kudu gelut terus”
Lala : “celukane aja bung to mar, bunga udu bung karno lho” 

(kabeh ngguyu bareng )

Mawar : “iyowes nakne emm.. saiki nyeluk bunga  bun ae ya”?
Bunga : “eh aja ta ajaa” (rodok nesu )
Lala : “uwis uwis apik bung ae lo ben segagah lan sekuat bung karno”.
Mayang : “setujuu....!”
Teeet.... teett... ( bel masuk muni,kabeh murid podo melbu kelas nglanjutne pelajaran maneh )
RAMPUNG

Anggota Kelompok :
1.    Novita Arumsari dadi Mawar
2.    Triyuni Wulandari dadi Mayang
3.    Ulfiatun Azizah dadi Bu guru
4.    Zizi Nurul Huda dadi Bunga

1 komentar: