Minggu, 12 Februari 2017

XII APK 4 BAHASA JAWA

ANGGOTA KELOMPOK :
1.      RINDI FIOLASARI                              (03)
2.      SEPTIANTRI WULANDARI              (10)
3.      SUSANTI DWI KURIAWATI             (17)
4.      UMI LAILATUL HANIFAH               (24)
5.      YULIA PUJI LESTARI                        (31)

KERJA KELOMPOK

            Ana ing sawijining desa ana bocah kang wus akrab banget, yaiku Yulia lan Umi. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Yulia ngampiri Umi.

Yulia               : Mi, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Umi)
Umi                 : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Yulia               : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Umi                 : Dolan nyandi lho ?
Yulia               : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Umi                 : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Yulia               : Hehehe, ora-ora.
Umi                 : Gek nggawa duit opo ora ?
Yulia               : Halah, kuwi dirembug engko ae.... Yo wis aku arep mulih.
Umi                 : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.

Sawise iku Yulia lan Umi dolan. Yulia lan Umi ora kelingan yen iki mau wayahe kerja kelompok drama Bahasa Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Rindi lan Susanti  nunggu bocah loro iku. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Yulia lan Umi.

Susanti            : He, enek sing ngerti Yulia karo Umi?
Rindi               : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi.
Susanti            : Opo jajal diparani neng omahe ?
Rindi               : Omahe sopo ?
Susanti            : Yo omahe Umi ae sing enek wong tuwane
Rindi               : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Susanti            : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Rindi               : Yo wis kowe rono ae, aku nang kene karo nggawe naskah dramane, piye ?
Susanti            : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Rindi               : Oke bos.....

Banjur Susanti mara menyang omahe Umi. Ing kono Susanti ora nemoni sopo-sopo. Akhire Susanti mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Rindi. Akhire ditunggu sampek maghrib Yulia lan Umi ora ana ketok.

Rindi               : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok
Susanti            : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Rindi               : Nah, setuju aku. Cah loro iku pancen gak iso dijak rembugan
Susanti            : Iyo lo, mesthi cah iku lak dolan to
Rindi           : Sing mesthi ke iyo. Gawean e lak dolan ae to, makane dijak kelompokan                            malah gak teko
Susanti            : wes lah gak usah dipikir cah kui. Mending awak e mikir drama ne awake iki
Rindi               : Iyo bener kui.
Susanti          : Piye nek di rembug sesok wae nang sekolahan. Soale iki wes sore mengko                          aku di goleki wong tuwaku.
Rindi               : Yo uwes ngno wae. Terus bocah loro iku di takoni pisan nyapo gak kelompokan
Susanti            : Oke, sipp
Rindi               : Yo wis aku pamit yo
Susanti            : Oke, ati ati yo..!
Rindi               : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Susanti            : Oke oke

Rindi mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Rindi lan Susanti rembugan bab drama Bahasa Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Yulia lan Umi dadi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.

Susanti            : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Rindi               : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Susanti            : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Rindi)
Rindi               : Halah kemiso, jajal piye....
Susanti            : Gundul-gundul pacul cul, gembelengan
                          Nyunggi-nyunggi wakul kul, gembelengan
                          Wakul grempyang segone dadi sak ratan
                          Wakul grempyang segone dadi sak ratan
Rindi               : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Susanti            : Sing penting lagu daerah lho...
Rindi               : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Susanti            : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Rindi)
Rindi               : (Main gitar)
                          Oh Tuhan.. Ku cinta dia
                          Ku sayang dia
                          Rindu dia
                          Inginkan dia
                          Utuhkanlah rasa cinta di hatikuuu…
                          Hanya padanya
                          Untuk dia..
Susanti            : Lagumu marai baper, hahaha
Rindi               : Ojo baperan sus, hahaha
Susanti            : hahaha, sitik wae kok
Rindi               : Lah alah,, hahaha
Susanti            : Wes wes ojo guyon wae ayo lanjut gawe musik e.
Rindi               : Lha iya to
Susanti            : Ehh, Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Rindi               : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Susanti            : Kene lek ngono aku ae.
Rindi               : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Susanti            : (Nyanyi karo Rindi)
Rindi               : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.

Umi                 : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Susanti            : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Yulia               : Heladalah, iki tenanan lho...
Susanti            : Lha kowe dhek wingi nyandi ae ?
Yulia               : Nyapo aku sing kok takoni....
Susanti            : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Yulia               : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Susanti            : Ow, kowe wis pikun yo ?
Umi                 : Koe lo gak ngmong nang aku ambi Yulia
Yulia               : Iyo lo, aku yo gak ngroso koe ngajak kelompokan.
Umi                 : Lha iyo. Terus awake dhewe dolan to.
Rindi               : Ya ampun bocah iki kok gak paham-paham. Wingi wes di kandani arep                              kelompokan kok malah dolan
Susanti            : Iyo kok. Di tunggu suwe kok gak rumangsa.
Bu Septiantri   : He he, enek opo iki ?
Rindi               : Niki, Bu. Yulia kalih Umi dhek wingi mboten purun kelompok drama.
Bu Septiantri   : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Umi                 : Lha ancen ora diomongi to, Bu.
Bu Septiantri   : Iyo to nduk ? Ora kok omongi ?
Rindi               : Sampun, Bu. Tapi mboten dugi.
Bu Septiantri   : Lha kwi kowe ora teko...
Umi                 : Ora diomongi, Bu.
Bu Septiantri   : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok

Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.

Susanti            : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Rindi               : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Susanti            : Yul, Mi, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Yulia               : Aku njaluk sepuro yo, San.
Susanti            : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Bu Septiantri   : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Yulia               : Kula nyuwun pangapunten, Bu. Nika sampun mboten sopan kalihan Ibu.
Umi                 : Kula nggih, Bu.
Bu Septiantri   : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Umi                 : Nggih bu, kula insyaf
Yulia               : Janji, bu mboten nakal maleh. Bakal dadi bocah sing apik
Bu Septiantri   : Ya ngno, iku iso dinggo pelajaran kanggo kabeh ae. Wiwit saiki aja dadi                             bocah kesed, eleng yo iki wes arep ujian. Aja nakal terus, dadi bocah sing                 sregep.
Yulia               : Nggih, bu

Yulia lan Umi mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar