Kamis, 16 Februari 2017

Kuwalat

NAMA ANGGOTA KELOMPOK       :
XII APK 1
 1. Andri Arianto W                (07)
 2. Anik Sugiastuti                 (10)
 3. Apriani Siti J                     (15)
 4. Dahlia Silviani                  (23)
5. Dwi Bambang P                (31)


KUWALAT
BABAK 1
Minggu wingi paimen sing jenenge asli iku paimen koret batiri bin paijo dikongkon tuku sandal neng pasar lowak. Paimen iku wong pancen ngeyel tur nyeleneh ora ukur ora patut gek ora umum. Ora eruh oleh fikiran tekan ngendi ora eruh setan endi sing ngleboni fikirane paimin, paimin kefikiran nukokne sandal mbhe neng pasar loak uduk sendal sing anyar sing dipajang neng jero toko ngunu kae banjur luwihan duwiti digae tumbas maem bebek goreng. Amarga niate paimin sing elek mau paimin kuwalat wetenge loro banget amarga kepedesen lan nahan pengen neng kamar mandi.
Paimin                         : iki ngopo mbh tak tumbas ne sandal sing larang-larang wong mandak digae neng swah bae kok .
Paimin                         : mbk niki sendale pinten ?
Mbk e              : niki regine 35.000 mas
Paimin                         : ora oleh kurang to mbk. Wong modele wae ngene kok. 20 yo
Mbk                 :ora iso mas 30 wis
Paimin             : 25 wis
Mbk                 : yowis mas 25 wae
Paimin              : oke mbk suwun yooooo
BABAK 2
Senajan sandale wis oleh gek duwete paimin isih siso 25 , paimin banjur ngingeti warung bebek goreng pinggir dalan kae langsung wae paimin maem neng kono.
Paimin              : Mbk bebek goreng siji es teh e siji
Mbk                 : enggeh mas
Paimin             : mbk niki sambele tambah maleh saget mboten
Mbk                 :saget mas enteni sedilit wae nggeh
Paimin             :enggeh mbk
Mbk                 : niki mas
Paimin             :suwon mbk
BABAK 3
Senajan pesanane uwis dadi paimin langsung maem iku sampek entek . lan pas bar maem iku ujuk-ujuk wetenge paimin loro lan nahan pengen neng mburi. Banjur paimin kesusu muleh lan langsung nyegat angkot . tansah neng jero angkot uwis hawane panas ungkep lan untel-untelan lakok ujuk-ujuk enek sing ngentut . kabeh penumpange langsung nutupi irunge la sing luwih alay paimin nutupi irunge karo sapu tangane.
Pak sopir          : iki knalpot opo iyooo? Kok ambune kayak ngene!
Pak kernet        : kayak e loooo.....? (karo ndelengi penumpang)
Ibu ibu             : ora kayak e meneh pak ya emang bocor knalpot e
Adik adik         : Ya Allah kok kayak ngene ta?
Mbarang kernet e wis narik i duit ning penumpange, spontan kernete ngomong ngene.
Pak kernet        : sing urong bayar gari siji piye iki?
Pak sopir          : sopo noo?
Pak kernet        : Sing ngentut hahahahaahahahaa
Krungu jawabane kernet ora nyongko ujuk ujuk paiman jengkel gek mangkel nganti abang kayak bar mangan lombok sekilo
Paimen             : kepiye ta kula sampun mbayar saksi ne kathah lo
Penumpang      : ooooooooooo.. jebule kowe ta sing ngentut ahahahaha
Adek adek       : howalah mas mas ngambon ngamboni ae ra jowo wong luwer yee
Paimen langsung pucet karo mbatin : (asem jan, dening ngaku ngaku dewe duh ketahuan kipiye)

Saking kejadian iku paimin sadar lan deweke kualat amarga numbasne sandal mbhe sandal neng pasar luwak lan tekan omah paimin langsung jalok pangapura simbahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar