Selasa, 07 Februari 2017

ANGKERING WIT SEKOLAHAN

KELOMPOK : 7
Anggota : LINA AMARWATI           (07)
                   MEI KRISNIAWATI (14)
                   NILA AYU NINGSIH         (21)
                   OKTA PIANA                      (28)
                   RIDA YULIANTI                (35)


ANGKERING WIT WRINGIN SEKOLAH

BABAK 1:
Diceritakaken, ing salah siji desa jenenge desa Suka Maju , ana siji sekolah kang nduwe jeneng SMK Maju Mundur. Sekolah kasebut iku sisji-sijine SMK kang ana ing daerah kasebut.
Ing salah sawijining isuk, nalika bel pertanda mlebu muni ing SMK Maju Mundur, ana 2 murid ingkang paling telat mlebu. 2 murid kasebut yaiku Mei lan Nila.
(suara pintu kabukak), (Mei lan Nila langsung mlebu kelas tanpa ngucapke salam)
Pak Ari             : “Nduk..Nduk.. Mlebu kelas kok gak salam to, Nduk?”
Mei &Nila       : “Nopo, pak?”
Mei                  : “Kula nopo Cenil, pak?”
Pak Ari             : “Sopo sing omong kowe mangan Cenil to, Nduk?”
Mei                  : “Mboten cenil menika, pak. Nanging Cenil rencang kula, alias Nila, pak.”
(nudingi Nila ing sebelahe)
Pak Ari             : “MasyaAllah.. ealah, Nil..Cenil. Jeneng Nila kok yo diceluk Cenil to bocah iki?!”
Nila                  : (mringis) “Hehehe.. Inggih, pak.”
Pak Ari             :“Wiswis.. Kowebocah 2 lungguho kono! Mbesok teka telat meneh, nggih?”
Mei & Nila      : “Inggih, Pak. Benjing badhe kula ulangi malih” (ngesem sumringah)
 Pak Ari            : “Yowislah,sekarepmu, Nduk.. Nduk.” ( ngusap rai frustasi)
 (Mei lan Nila bali datheng bangku piyambake sedaya)
            Sak rampunge Mei lan Nila lunggah ing bangkune dewe-dewe ing pojok mburi kelas, kegiyatan sinau diwiwiti. Nanging, 2 murid kuwi malih ribut dhewe ing bangku. Pak Ari kang dadi guru sing mulang lan wali kelas dekne kabeh, mung ngehela ambekan. 2 murid mbelinge kuwi tanah rekasa diatur. Pak Ari akhire negur bocah 2 iku.

 Pak Ari            : “Nduk.. Nduk.. Kok ora nggatekake piwulang, to? Kowe ngomongna apa nganti
   rame dhewe ingmburi ngono?”
Nila                  : “Hehehe.. wados to, Pak!”
Pak Ari             : (geleng-geleng sirah) “Kok malah wani karo guru. Ckckck..”
Mei                  : “Inggih, mboten napa-napa nggih, pak? Iiih.. Bapak kok dados kepo?”
Pak Ari             : “Mboh. Karepanmu, Nduk. Sing jelas kowe kuwi ngupadi ngowahi aten-aten
alamu kuwi. Aku wanti-wanti meneh, ya. Dudu mung kanggo Mei lan Nila sing             tanah saka kanane wis bandel. Kowe-kowe kuwi saiki wis kelas 12. Pirang-pirang wulan meneh kowe arep ngadhepi UNAS. Luwih becik kowe nggunakne wektumu kanggo sinau. Ben luwih afdol, sisan kowe dunga marang Gusti Allah. Dadi mengko pas kowe ngerjakne ujian, kowe bisa lancar ngerjakne. Uga jero ngerjakne soal ujian, kerjakne karo teliti. lakokno karo jujur lan aja kangge hal sing aneh-aneh.

Teng...Teng...Teng...Teng....
Mei & Nila      : “Pak.. Istirahaaatt!!”
Pak Ari             : “Iyo.. iyo, nduk. Aku wis krungu. Wis, ndang istirahat kono!”
(Cah-cah mlayu metu soko kelas)

BABAK 2:
Para murid ngentekake wektu ngaso kanggo njajan ing kantin. Ora kajaba karo Mei lan Nila. 2 bocah iku lagi lungguh ing panggon tongkrongane bareng sapirang-pirang murid. Gerombolan sing nongkrong ing mriku lagi mangan karo ngrumpi. Nganti Ambar lan Rida nggabung bareng gerombolan iku.
Ambar             : “Heh, cah. Kowe ngerti gak wit ringin ing mburi sekolahane awak dewe?”
Mei                  : “Oh, iyo. Ngerti aku. Emange ana apa to?”
Ambar                         : “Jare kuwi angker lho. Enek penunggune!”
Nila                  : “Jare sopo kowe ke? Ojo kemeroh!”
Ambar                         : “Iyo.. yo. Jare Pak Bon ke ben bengi jam 11-12 an ke ana suara-suara ghaib!”
Rida                 : “Oiyo. Aku ngerti, aku yowis nate krungu tentang iku. Jarene ke lho ya, lek
     awak dewe rono terus njaluk opo wae mesti iso terkabul.”(senyum gaje)
Ambar             : “Iyo. Bener sing diomongke Rida.”(ngempet ngguyu)
Rida                 : “Nanging lek arep njalukmrono, kudhu nggowo sesajen.”
Nila                  : “Dienggo opo, no?”
Rida                  : “Mboh. Dienggo persembahan ketoke.”
Ora let suwi sakbare obrolan tentang misteri wit ringin iku, bel pelajaran muni. Gerombolan iku padha bubar balik menyang kelase dewe-dewe.

BABAK 3 :
Ing kelas nalika guru XII APK 3 maringaken pelajaran, Mei lan Nila orang rungokne pelajaran. 2 murid iku malah ribet ngomongke rumor wit Angker sing disebut dening Ambar lan Rida
Nila                  : “Eh, Me. Jarene si Ambar karo Rida tenanan opo ora ya?”
Mei                  : “Mboh. Gak ngerti aku. Soale aku dewe yo durung nate njajal.”
Nila                  : “Lek tanah pener no, penak ya?”
Mei                  : “Penak piye?”
Nila                  : “Kowe ke takoke. Wis diomongi barang kok!”
Mei                  : ”Diomongi opo? Karo sopo?”
Nila                  : “Jabang bayii! (mbengok) Dek mang lho pas ing kantin!”
Mei                  : “Woiyo! Eling-eling. Lha awake dewe arep njajal piye?”
Nila                  : “Tapike, dosa lho!”
Mei                  : “Wes to. Gak popo. Dosa ke dipikir keri.”
Nila                  : “Tapi ke, awak dewe arep njaluk opo?”
Mei                  : “Yo njaluk ben iso lulus lan entuk danem dhuwur to! Kan kowe males sinau to?!”
Nila                  : “Oiyo.. Hehehe(garuksirah) Koyok kowe sregep wae?”
Mei                  : “Sekarep. Dadiora?”
Nila                  : “Lek akuke manute. Njajale kapan? Engko bengi piye?”
Mei                  : “Yowis. Ngono’e..”

BABAK 4 :
Ora let suwi jam dinding nunjukake angka 2. Bel mulih muni. Murid-murid SMK Maju Mundur padha rame arep mulih. Uga Mei lan Nila sing lagi metu saka kelas. Bedane, bocah iku ora langsung mulih. Nanging isik nyiapake pepakan kanggo rencana mengko bengi. Saiki wong 2 kuwi ana ing peken.
Nila                  : “Arep tuku opo iki, Me?”
Mei                  : “Tuku sajen lah. Mosok tuku mpon-mpon?!”
Nila                  : “Lha iyo. Sajene ke opo?”
Mei                  : “Yo omong bakule to! Kan luwih ngerti.”
Nila                  : “Lha tukune sajen kuwi sing sebelah endi?”
Mei                  : “Wis to.. Menengo. Aku ngerti panggonane. Cilikan ku dhisik gawene aku melu
    mbahku tuku sajen.”
Nila                  : “Yowis nek no. Ayo ndang merono!”
Mei nunjukake dalan menyang bakul sesajen langganane mbahe dhisik. Kios kasebut uwis ana mbah-mbah kang nunggoni dodolan. Mei lan Nila  marani mbah-mbahiku.
Mei                  : “Mbah, kula kersa tumbas sajen.”
Mbah Ginem   : “Yo. Sajen opo?”
Mei                  : “Enteni pun sajen menapa?”
Mbah Ginem   : “Ono akeh wernane. Sajen Bucalan, Sajen Tarub, Sajen Siraman, Sajen Ngerik, lan
    sakliyane. Njalukmu sing endi?”
Nila                  : (bisik-bisik) Heh, Me. Sajene sing endi wi? Jenise kok akeh men?”
Mei                  : “Eh, emboh ya. Aku yo ora ngerti sajen sing endi!”
Nila                  : “Lhaa.. Terus sajen sing endi, Me?! Aku kan ora nate tuku.”
Mei                  : “Lha awakku ke mungeruh panggonane tok.”
Nila                  : “Lhaa.. Meeeeee. Terus iki piyee?”
Mei                  : “Yowis. Sekarep leh milihe. Penting nggawa sajen.”
Nila                  : “Nggih sampun, mbah. Kula tumbas Sajen Uncalan kemawon.”
Mbah Ginem   : “Sajen Bucalan, nduk. Sajen kok dienggo uncalan?! Yowis,tuku piro?”
Nila                  : “setunggal mawon.”
Mbah Ginem   : “Yo. Entenono sik. Arep tak jupukne.” (mlebu kios njupuk sajen sing dipesen mau)
  “Nyo, nduk.”
Mei                  : “Pinten, mbah?”
Mbah Ginem   : “satus ewue lah.”
Mei                  : “Menapa awis banget, mbah?”
Mbah Ginem   : “Yowis. Khusus kowe tak diskon malih slawe ewu.”
Mei                  : “Nggih. Niki, mbah.”
Sakwise entuk sajen, bocah 2 kuwi metu soko pasar arep mulih menyang omahe dewe-dewe. Ing perjalanan, Mei lan Nila ngrencanakake kanggo engko bengi.
Nila                  : “Engko bengi kumpule ing endi?”
Mei                  : “Ngarep sekolah wae. Jam piro?”
Nila                  : “Jam 11 bengi?”
Mei                  : “Yowis. Deal ya?” (ngulurke tangan)
Nila                  : “Oke. Deal!” (njabat tangane Mei)

BABAK 5 :
Wektu bengine, Mei lan Nila ngumpul ing ngarep SMK Maju Mundur jam 11. Sakbare nyiapake sesajen lan kaperluan liyane, bocah 2 iku moro menyang mburi sekolah. Tepate ing ngisore wit ringin sing jarene angker.
Mei                  : “Nil, endi sajene ?”
Nila                  : “Iki lho.” (nyerahake sajen nyang Mei. Mei langsung ngekekne sajen kuwi ing ngisore
   wit angker iku)
Sawise ndekek sajen kuwi, dumadakan krungu swara ngguyu kang banter banget.
Penunggu        : “Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Mei & Nila      : “Swara opo iku?!” (gemeteran)
Penunggu        : “Ono opo kowe bocah-bocah marani aku? Wa.. Ha.. Ha.. Ha..”
Mei                  : “Aa.. a.. anu, mbah. kula badhe....”
Penunggu        : “Arep nyapo kowe?”
Nila                  : “Badhe.. manthuk, mbahhh.” (arep mblayu, nanging dicegat karo Mei)
Mei                  : “Anu mbah. Ku..kula gadhah pan.. panjalukan.”
Penunggu        :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha.. Arep njaluk panjalukan opo kowe, cah cilik?!”
Mei                  :“Ni.. niku, mbah. Kula badhe nyuwun lulus UNAS kangge danem kang dhuwur.”
Penunggu        :“Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha... Menak iku! Nanging..”
Nila                  :“Na.. nanging menap.. pa, mbah?”
Penunggu        :“Ono syaratee. Wa.. Ha.. Ha.. Ha.. Ha..”
Mei & Nila      :“Syarate menapa, mbah?”
Penunggu        :“Kowe kudu nuruti kongkonanku!”
Nila                  :“Kengkenan menapa, mbah?”
Penunggu        :“Aku njaluk parcel buah!”
Nila                  : “Sakmeniki, mbah?”
Penunggu        : “Ora, sok Jum’at Kliwon bengi! Yo saiki lah!”
Mei                  : “Yah, samanten meniki toko sampun tutup sedaya, mbah.”
Penunggu        : “Woiyo. Nekno kowe sit up 2x, lan back up 2x!”
Mei & Nila      : “Nggih, mbah.”
Nila                  : “Sakmeniki?”
Penunggu        : “Iyo, nduk.”
Mei lan Nila nglakokake perintahe Mbah-Mbah Penunggu Pohon iku. Sawise nglakokne kuwi.
Nila                  : “Sampun durung, mbah?”
Penunggu        : “Sek kurang! Kok menan men ngono tok?!”
Mei                  : “Lha terus karepanmu napa, mbah?”
Penunggu        : “Loh.. Kok ngece?! Eneh nduk.. Isik akeh nduk syarate!”
Mei                  : “Ampun, mbaaahh.. Uwiiiisss..”
Nila                  : “Iyo, mbah. Sakmeniki waae.. Pleeaaasseee...”
Penunggu        : “Lhaaahh.. kok malah sok-sokan Basa Inggris kowe?! Ngenyek ye?!”
Mei lan Nila    :“Ngapunten, mbah.”
Penunggu        : “Yowis. Lekngono, aku arep njaluk..”
Mei                  : “Nyuwun ngapunten mbah saderengipun. Niki sampun badhe enjing.”
Penunggu        : “Yowislah. Dadi, kowe mau arep njaluk apa, bocah? Hahahha”
Mei                  : “Niku, mbah. Sekedhap malih kula lan Nila badhe sowani UNAS. Amargi punika, Kula
badhe nyuwun supados ngangsal danem ingkang sae uga sangguh mlebet Universitas favorit.”
Penunggu        : “Gara-gara kuwi kowe nekani aku? Wahahaha..Iku menak.”
Mei lan Nila    : “Kepriye, mbah?”
Penunggu        : “Kowe saben jam 7-9 bengi sinau mata pelajaran saka sekolah. Aja lali dunga sek.
    Terus, ing kelas kowe bocah 2 aja rame dewe. Garapen PR sing wis diwenehi gurumu. Lan aja lali sholat 5 wektu.”
Nila                  : “Lha, mbah. Menawi punika kula ugi sampun mangertos. Kajawi punika ingkang
     langkung gampil menapa, mbah?”
Penunggu         : “Tanah kuwi sing paling gampang. Paling manjurpisan.”
Mei                  : “Nikikaken naminipun konsultasi, mbah. Punapa nyukani saran?”
Penunggu        : “Lha karepan mupiye, hah? Kowe nantang aku?!”
Mei lan Nila    : “Mbo..mboten, mbah.”
Penunggu        : “Lek kowe orang lakokne apa sing takomongne mau, kowe bocah 2 bakal tak santet!”
Nila                  : “Ampun, mbah. Inggih-inggih. Kula mangke numindak ake dhawuhani pun.”
Penunggu        : “Yowis. Lek ngono ndang mulih kana! Wahaha..”
Tibakno, pakoleh saka nekani wit keramat kasebut GATOT alias Gagal Total. Mei lan Nila malah diwenehi wejangan sing apik-apik saka mbah panunggu. Amarga kekaronen ancaman mbah kuwi, Mei lan Nila nglakokake kongkonan mbah panunggu
Wektu ngedepi UNAS Mei lan Nila bisa nggarap soal kang gampang. Hasile, bocah 2 iku lulus kangge danem sing apik. Ora eman-eman perjuangan bocah 2 kuwi nglakokake dhawuhan mbah panunggu. Akhire, Mei lan Nila dadi bocah sing sregep lan pinter.
WEKTU LULUSAN
Ambar                         : “Slamet ya, Me, Nil. Kowe bocah 2 bisa lulus kanggo danem sing dhuwur.”
Mei                  : “Hehehe..Iya. Suwun, Mbar.”
Nila                  : “Iyo, Mbar. Matur suwun, ya.”
Rida                 : “Ora eman, ya?”
Nila                  : “Eman apa?”
Mei                  : “Yo sinaune Nil.”
Ambar             : “Heh. Duduk kuwi. Ora eman leh aku karo Rida nggawe rencana.”
Nila                  : “Rencana apa?”
Ambar                         : “Hehehe..sakjane, cerita sing tak ceritakne menyang kowe cah 2 iku ora tenanan.”
Nila                  : “Lho? Lha kok iso? Kae lho ana mbah-mbah panunggune tenan!”
Mei                  : “Iyo..Lha aku’e dadi sregep sinau yo gara-gara kongkonane mbah panunggu wit iku.
     Aku wedhi lek disantet.”
Rida                 : “Hehe..orayo. Gak mungkin kowe disantet.”
Nila                  : “Jare sapa? Kowe lho ra ngerti.”
Okta                : “Piye leh ora ngerti? Lha wong sing ngongkon kowe lho aku.”
Mei lan Nila    : “Ha? Maksude?”
Ambar                         : “Dadi asline mbah-mbah panunggu wit keramat mburi sekolah kuwi jane Rida”
Nila                  : “Iyo,no?”
Rida                 : “Hehe.. Iyo. Aku karo Ambar sing ngrencanakne iku.”
Mei                  : “Lha nyapo kowe ngrencanakne njebak aku karo Nila?”
Ambar                         : “Duduk njebak yo. Aku karo Resa mek pengen nyadarke kowe cah 2.”
Nila                  : “Nyadarke piye? Koweke malah ngeden-ngedeni lho.”
Okta                : “Yo, sorry to. Kan kanggo keapikan. Salahmu dewe kok dadi murid mbeling eram.”
Mei lan Nila    : “Hehe..sepurane, cah.”
Mei                  : “Berarti iki kabeh meng akal-akalane kowe cah 2?”
Ambar                         : “Jane yo ora mung aku karo Rida tok. Idene iki saka Siti. Siti sing nyritakake tentang
    mitos wit keramat mburi sekolah kuwi.”
Okta                 : “Berarti kuwi mek mitos tok, ya?”
Ambar                         : “Iyo, ketoke.”
Nila                  : “woalah, cah. Tak kira tenanan. Tapi, matur suwunya. Lek kowe gak ngrencanakne iki,  
     paling aku karo mei ora bias dadi bocah sing sregep. Yo gak, Me?”
Mei                  : “Yoi, bro.”
Okta                : “Sip..sip. Padha-padha kanca kudhu saling tetulung.”
Ambar             : “Ayo, ndang diduduhne hasil ulangane iki menyang wong tuwane awak dewe. Ben
    padha seneng!”
kabeh              : “Yuk.. Maree..”

Sak wise iku, bocah 5 kuwi dadi kanca kang rukun. Padha sregep kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar