Nama
Anggota Kelompok :
1. Lilis Wahyuni (06)
2.
Maya Erlinawati (13)
3.
Nanik Wulandari (20)
4.
Nur Afni Komsiatin (27)
5. Resa Maya Stesya (34)
XII APK 3
“SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN”
Lilis
,Maya, lan Afni uwis suwe dadi konco. Cah telu kuwi dasare anake wong sugih.
Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing , kabeh dadi
maleh pas bapake Lilis bangkrut. Neng ruwang kelas pas agek piket.
Lilis : Ya, aku entuk njaluk tulung ra?
Maya
: (etok-etok ra krungu)
Lilis
: Wee..!! Ya! Njuk tulung entuk ra?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Maya : Appa.
.! mbalekke? ra sudi.. !
Lilis
: Asem iki, kowe i bar mangan opo to Ya? Ko ndengaren jutek men karo aku. .
Maya : Arep ngopo? Mangan opo yo uduk urusanmu!!
Wis minggiro kono!
Nanik :
Wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko ‘ padu wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Lilis : Ora enek masalah Nik.
Nanik
: Lha ngopo to Ya , kok kowe koyo nesu karo Lilis ngono.
Lilis
: (nyelehke sapune) ora’ !sopo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to Ya.
Maya
: Ora! Aku saiki ra seneng karo kowe,
kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Nanik
: (gedeg-gedeg) Yo wis. . . sante wae. . pancen Maya wonge ngono. .
Ra sah mbok pikir. .
Lilis
: Haaah. . . .laiyo to Nik. Aku yo ra ngiro Maya ngono. Jebolno wonge
sombong banget.
Nanik
: Ssst ojo banter2 wonge ndak krungu. (krungu suoro bel) Ho. .! wis
bel. Gek balekno sek sapune.
Wis
pirang-pirang ndino Lilis karo Maya ora
dolan bareng. Maya milih dolan karo Resa lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak
wijine esok
Resa :
Sa, kowe ngerti ra?
Maya :
Opo !
Resa
: Aku nduwe Hp anyar . lho iki isoh di pencet – pencet layare lho, kowe ra
nduwe to.
Maya
: Eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Resa :
Iki Hp Samsung regane murah, mung Rp.
6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Maya
: Halah. Mung semono to regane?
Murah no. Ibukku kan bos.
Resa
: Yo wis sesok tukuo yo, seng luwih apek soko iki.
Maya :
(Karo Pdne Maya ngomong. ) iyo gampang bisa diatur.
Resa
: Halah . .!
Wektu
muleh sekolah. Maya wis tekan omah. Terus langsung omong
Maya
: Buk, buk e tukok ne Hp !
Buk Afni
: Heh! Oppo! Nyedako rene !
Maya
: Buk. Anu . .tukok no Hp Buk. .
Buk
Afni : Opo ? Tuku Hp
meneh? Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo opo?
Maya
: Iki. kurang apek usume saiki Hp seng iso di pijet layare. .
Buk Afni : Ndok, ngene lho tak
kandani yo. Neng ojo kaget !
Maya
: Enek opo to Buk?
Buk Afni : Piye yo ? ( Njupok napas dowo ).
Ibukmu iki agek eneng masalah eneng kantor,
eneng klienne Ibuk seng wis marai rugi perusahaan.
Maya
: Maksude?
Buk Afni :
Yo, kowe ra iso tuku Hp. Ibuk mu kapusan
mulo awakmu kudu hemat, ora sah tuku seng ra penting. Omah iki, sesok kudu
ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sederhana . terus omah iki.
Di dol.
Maya
: Opo ? Ora mungkin ! Pokoke kudu tuku Hp Titik !
Buk Afni
: ( Brakkkk!!) We, ra sah
ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lho !
Maya
: Neng…Neng aku.
Buk Afni
: Ora enek neng-neng an, pokoke
kowe kudu hemat !
Maya
: Asem! (lungo neng kamare)
Buk Afni
: We, ngomong opo kowe ? Kurang ajar banget cah kuwi . .!
Let
20 menit Maya melbu neng kamar di timbale Ibuk e
Buk Afni :
Ya Maya, rene o sek nduk. ayo tak jak.
Maya : Yo ( moro) arep sido
ditukok ne Hp to Buk.?
Buk Afni :
Yo embuh, ? pokoke melu o ibuk sek.
Maya
karo Ibuk e numpak mobil neng ngendi ngono. Terus , Maya mikir. Lho kok aneh,
ambune ngapusi iki.
Maya :
(Medun soko mobil). Lho kok rene ngopo rene ora arep teku Hp to.?
Buk Afni
: Cobo deloken uwong-uwong kuwi. Saben dino kerja keras gor dinggo madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip
kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong – uwong iki ora saben dino
iso mangan, sok-sok mangan mung nganggo sego aking. Tak kandani yo nduk. urip
ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek
awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti.
Maya
: Ngertos Buk.
Buk Afni
: Ngerti tenan ora? Dadi sido tuku Hp
ra’?
Maya
: Mboten mawon buk. Kulo nyuwun
pangapunten nggeh Buk. Kulo pun
sadar.
Buk Afni
: Lha ngono yo tak ngapuro, ra po po,
neng ndengaren kowe nganggo boso kromo karo Ibuk Nduk ?
Maya
mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo
Lilis lan konco-konco liyane ben gelem dadi koncone meneh. Maya lan Ibuk e
mulih neng omah.
Maya :
Buk, aku arep omong.
Buk Afni : Omong opo to Nduk ? Rene o nyedak o Ibuk.
Maya
nemoni Ibuk e neng kursi ngarep omah karo gowo roti lan sak gelas teh kanggo
Ibuk e.
Maya :
Buk, aku ngrasa ndue salah ambi koncoku.
Buk Afni : Lha goro-goro ne opo to Nduk ?
Maya :
Sing kapisan aku emoh konconan karo Lilis mergo wonge wes mlarat, dadi ne aku wegah ndue konco koyo wonge. Seng kapindo
aku wes kadong pamer neng konco ku nek arep tuku Hp gek marai ora sido.
Buk Afni : Lha pie nduk ? Kok awakmu iso ngono, sifat mu kui gak apik
lho.
Maya :
Lha wes kadong Buk, mbiyen aku gak ngerti nek keadaane awake bakal koyo ngene.Mbiyen aku yo gung sadar nek aku isek
nggedekne ego ku dewe.
Buk Afni : Nek e sesok awakmu njaluk o ngapuro ambi Lilis lan
konco-konco mu lan ubah en sifat mu sing elek kui.
Maya :
Nggeh Buk .Mbenjeng tak nyuwun ngapuro marang konco-konco ku.
Buk Afni : Iyo Nduk.
Maya :
Nggeh buk,matur suwun nggo saran e, gek ayo di unjuk the e rumiyen.
Buk Afni : Iyo Nduk, ayo.
Maya :
Sak
tekane Maya neng sekolahan nemoni Resa lan Nanik
Maya :
Sa resa mandek o.
Resa :
Enek opo Ya Maya ?
Maya :
Sepurane nggo wingi yo Sa aku wes nyombong ne awakku nek arep tuku Hp sing luwih larang ko awakmu.
Resa :
Iyo Ya gak po po. Wes tak maaf ne, aku yo njalok ngapuro nek wingi wes pamer Hp neng awakmu.
Maya :
Aku yo njaluk sepuro neng awakmu Nik.
Nanik : Iyo Ya,wes tak maaf ne penteng ojo mbok baleni
neh,awake kabeh ki konco ojo sampe musuhan.
Maya :
Suwon yo Sa, Nik wes gelem maafne aku.
Lha iki Lilis neng ndi kok gak bareng awakmu
Nik ?
Nanik : Ketok e wonge wes neng kelas Ya.
Maya :
Ayo batur ono aku nemoni Lilis, aku ndue salah akeh neng wong Nik, Sa.
Nanik : Iyo Ya ayo tak baturi.
Resa :
Ayo Ya .
Maya,
Nanik lan Resa nemoni Lilis neng ngarep kelase.
Maya
: Lilis, !
Lilis
: Ngopo ? Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Maya
: Sopo seng omong ?
Lilis
: Yo wis arep ngomong opo?!
Maya :
Ngene, anu. . a aku . .njaluk ngapuro yo . .(karo ngejak salaman)
Lilis :
Ora ! Ra nduwe ngapuro!
Maya :
Haa? ( Maya langsung kaget )
Lilis :
Ora-ora, mung gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Maya)
Nanik :
Lha mbok ngono, mung konco kat mbiyen kok arep musuhan. Ho oh ra Sa.?
Resa :
Yo . . ho oh! Ojo sampek adewe ke musuhan cah, adewe wes kekancan kat sui. Tanah kadang metu masalah seng adewe gak
ngerti asale, nanging adewe bakal iso ngadepi lek adewe bareng-bareng.
Hla terus awakmu sido tumbas Hp gak Ya..?
Maya :
Iyo kok Sa, awakmu bener. Sepurane yo mbiyen aku rung sadar isek ngedekne egoku dewe gak aku ke salah opo bener. Nek
masalah Hp ora sido tumbas kok Sa. Eeem. . Ibuk ku kapusan. Saiki keluarga
ku lagi krisis.
Resa
: Owalah iyo Ya, gakpopo seng sabar yo tanah urip ke kadang adewe neng nduwur kadang yo neng isor. Ibarat roda
seng muter.
Lilis :
Ho oh to Ya, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek jalan keluare pokoke gawe kepenak ae
Maya :
Bener kondomu Lis .
Sak
bare Maya lan kanca-kancane omong-omongan bel muni tondone masuk. Cah iku kabeh
podo masuk kelas.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar