Jumat, 03 Februari 2017

KELANGAN JAM

Kelangan Jam
Adegan 1
Ing sawijining dino ana bocah 3 kekancan yaiku Nina,Tia, lan Rafi. Dheweke oleh tugas gawe teks drama basa Jawa, Rafi lan Nina rencana arep gawe tugas neng omahe Tia mengko awan.
Awan iku Nina lan Rafi wis teko omahe Tia. Kahanan omahe Tia ketok sepi amung ana Tia, Budi mas e Tia, lan Mbok Parni pembantune Tia, amarga wong tuane Tia kerja ning luar negeri.
(Rafi lan Nina langsung uluk salam)

Rafi, Nina       : “Assalamualaikum.”
Tia                   : “Waalaikumsalam. Jam semene kok lagi teka.”
Rafi                 : “On time lo  iki?”
Tia                   : “On time apane. Wis telat iki.”
Nina                : “Wis wis rausah ribut. Mau dalane macet.”
Tia                   : “Yowis. Ayo podo mlebu.”
Tia                   : “Mbok…. Mbok Parni… tulung gawekke ngombe kanggo kanca-kancaku yo.”
Mbok Parni     : “Beres…Sekawan njih ndoro.
Tia                   : “Yo... cepet yo.”
Nina                : “Walah rausah repot repot.”
Rafi                 : “Jajane ojo lali lho…”
Nina                : “Heh kowe ki..”
Tia                   : “Haha. ora apa-apa kok. Mengko ben ditukokke karo Mbok Parni.”
Rafi                 : “Lah ngono. Nek ana jajane kan dadi semangat gawe tugase.”
Nina                : “Kowe ki jajan wae.”
Mbok Parni     : (teka seko pawon) “niki unjukane kalian jajanipun ndoro.”
Nina, Rafi       : “Matur nuwun mbok.”
Mbok Parni     : “Iyo. Iki meh podo gawe opo sih?”
Rafi                 : “Meh gawe tugas sekolah mbok.”
Mbok Parni     : “Lah ngono. Aja dolan terus.”
Nina                : “Iyo mbok.”
Mbok Parni     : “Yo wis, aku tak isah isah sek yo.”
Nina                : “Iyo mbok.”
Rafi                 : “Iki tugase kon piye to?”
Nina                : “Koweki malah rak ngerti. Kuwi lho, kon gawe teks drama basa jawa.”
Rafi                 : “Wah gampang kuwi. Golek wae ning google akeh ?”
Tia                   : “Tapi tugase kan kon gawe, ora kon golek?”
Rafi                 : “Halah ora apa-apa, mengko diganti sitik-sitik. Paling Bu Guru yo ra ngerti kok. Paling yo Pesbukan gurune. Ra ngerti nek dhewe iku nggolek ning internet.
Nina                : “Ojo ngono Fi. (nepuk pundake Rafi) Yo wis. Aku tak golek sek seko hpyo.”
Tia                   : “Aku tak golek sisan.”
Rafi                 : “Piye wis nemu durung?”
Nina                : “Kowe ki orak golek malah ngomong wae.”
Rafi                 : “Iyo iyo, aku tak goleki sisan.”
Nina                : “Lhah ngono.”
Rafi                 : “Lho Ya, kowe kok malah twitteran?”
Tia                   : “Hehe, nyambi sitik orak apa-apa to.”
Rafi                 : “Yo wis lah. Sing penting entuk mengko.”
Nina                : “Nah wis nemu ki aku. Judule Tresna Agung Kagem Esti.”
Tia                   : “Wah koyoke apik kuwi. Piye Ceritane?”
Nina                : “Dadi Agung karo Esti kuwi kanca sak kelas. Saben dina bocah 2 kuwi    digasaki, diece terus karo kanca-kancane. Banjur akhire cah 2 kuwi jadian.”
Rafi                 : “Wah apik kuwi. Mengko digantini meneh. Ben rak ngetoki nek golek ning google.”
Nina                : “Yo wis, sing gantini kowe yo?”
Rafi                 : “Siap, tak gawane aku.”
Tia                   : “Nah nek wis nemu ngene kan ayem.”
Nina                : “Wah wis sore iki. Ayo mulih ndisik fi.”
Rafi                 : “Iyo. Ya aku karo Nina bali sek yo.
Tia                   : “Iyo, ati-ati.”

********
Adegan 2

                  Sorene , Budi lagi kebingungan golek jam tanganne sing jare paling larang lah tuku ning Amerika. Dheweke mlebu metu kamar koyo wong stres.

Budi                : “Aduh, jam ku ning endi yo. Gawat ki nek ilang, jam larang kuwi.Ya...Tia...Kowe ngerti jamku pora.”(bengok-bengok ngundang adhine sing isih ning kamar)
Ti                     : (teka seko kamare) “Goleki apa tho mas? Kok koyok kebingungan.”
Budi                : “Iki lho dek, jamku ilang.”
Tia                   : “Jam sing ndi mas?”
Budi                : “Kae lho, jam impor asli Amerika, sing couple an karo pacarku. Jam sing paling larang dewe kae lho.
Tia                   : “Koyok sampeyan duwe pacar wae mas... mas...”
Budi                : “Wah kowe ki kok ngece men to.Tapi pancen ora nduwe si.”
Tia                   : “Lha iyo sih.”
Budi                : “Wis wis ora sah dibahas. Sing penting jam kuwi ning ndi?”
Tia                   : “Lha mbok delehke ngendi mas? Dieling-eling sek.”
Budi                : “Mau isuk ki ning kene... Apa dijupuk kancamu kae? sing mau awan gawe tugas ning kene, sapa jenenge?”
Tia                   : “Rafi mas. Aja nuduh sembarangan ngono ra. Jajal digoleki sekmeneh.”

                  Bengine , Nina lan Rafi teko ning omahe Tia meneh tanpo ngabari Tia disek. Amarga Nina lan Rafi sing mau ko omahe Tia, Budi nuduh Nina lan Rafi sing jupuk jam tangane. Budi wis yakin nek sing jupuk jam tangane kui Nina utawa Rafi padahal Budi ora nduwe bukti sing genah. Tibake jam tangane Budi di singgahne Mbok Parni amarga pas nyapu omah weruh jam tangane Budi gumletak ning ngisor meja. Banjur Budi jalok sepura ning Nina lan Rafi amarga wis nuduh dheweke.

Nina, Rafi       : “Assalamualaikum.”
Tia, Budi         : “Waalaikumsalam.”
Budi                : “Lha kae kancamu teka. Mesti arep mbalekkake jamku kae.”
Tia                   : “Aja nuduh sek mas.” ( banjur mbukakke lawang)
Nina                : “Eh Ya, iki teks dramane wis diedit karo Rafi. Garek ngeprint ki, aku rak duwe printer. Kowe duwe to?”
Rafi                 : “Iyo, printerku yo lagi rusak.”

Tia                   : “Siip. Ayo do mlebu, diprint ning njero.”
Budi                : “Nah iki bocahe!!!  Eh ngaku kowe njupuk jam imporku ra?
Rafi                 : “Lhoh, sembarangan nek ngarani. Duwe bukti apa kowe?”
Nina                : “Iyo, nek rak duwe bukti ki aja nuduh.”
Budi                : “Halah kuwi kan jam larang, limited edition meneh, mesti pengen duwe kowe.”
Tia                   : “Wis mas Bud!! rasah nuduh nuduh ngono.”
Rafi                 : “Wah rak level njupuk jammu. Nek gelem aku tuku sing luwih larang yo iso, jam koyok ngono wae kok. Paling piro regane?
Budi                : “Halah garek ngaku wae gampang, rasah kakean alesan ngono.”
Rafi                 : “Nek rak percoyo jajal golekano ning kantongku nek ono.”
Budi                : (goleki ning kantonge Rafi) “Paling wis mok pindah ra, apa mbok titipke ning tase Nina?”
Nina                : “Nyoh gledhano tasku.”
Budi                : (gledhahi tase Nina) “Lho kok ora ono yo.”
Rafi                 : “Kandhani kok. Aku ki ora njupuk jam tanganmu Bud.”
Mbok Parni     : “Ana apa si kok ribut-ribut?”
Tia                   : “Iki lho mbok, Mas Budi kelangan jam tanganne, banjur nuduh Rafi sing jupuk?”
Mbok Parni     : “Walah...Koyok mengkono wae ribut. Sing kok maksud jam iki po?” (karo nguduhake jam tanganne Budi) “Mau awan jam iki gumletak ning ngisor meja. Terus tak singkirke ben ora ilang.”
Budi                : “Walah mbok… mbok… kok orak ngomong awit mau ?”
Mbok Parni     : “Mau sore ki aku meh kandha, tapi akeh gawean dadine lali. Kowe ora takon aku ?.”
Rafi                 : “Kae lo. Dudu aku sing njupuk. Iso tak tuntut ning pengadilan kowe, pencemaran nama baik ki.”
Nina                : “Mulane aja nuduh sembarangan.”
Budi                : “Hehe, iyo, ngapurane yo fi, nin.”
Tia                   : “Lhah ngono mas, njaluk ngapura.”
Rafi                 : “Iyo iyo, ngesok meneh ki nek rak duwe bukti aja nuduh sembarangan.”
Tia, Nina,        : “Wuuuuuuuuuuu………”
Budi                : “Iyo, iyo.

TAMAT
                XII AKUNTANSI 1
1.       ANIS EKA.P                 (04)       
2.       ARIE NOVA                 (11)
3.       BINTARI PUJI A         (18)
4.       DEWI RAHMAWATI (25)

5.       DWI PUJI L                  (32)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar