“ SINAU GAWE TEKS DRAMA”
KELOMPOK 5
KELOMPOK 5
Ristama Aprilia Sasmita dados Rafi
Sintya Ayu Puspita D dados
Nina
Tanti Nurhasanah dados Budi
Venisa oktaviani dados Mbok Parni
Yussi oktaviana dados Tia
“Ing sawijining dina, Rafi ,Nina ,lan Tia arep gawe tugas
basa jawa bareng ning omahe Tia.”
Rafi, Nina : “Assalamualaikum.”
Tia :
“Waalaikumsalam. Jam semene kok lagi teka.”
Rafi :
“On time fi iki?”
Tia :
“On time apane. Wis telat iki.”
Nina :
“Wis wis rak sah ribut. Mau dalane macet.”
Tia :
“Yowis. Ayo do mlebu.”
...
Tia :
“Mbok…. Mbok Parni… tulung gawekke ngombe kanggo kanca-kancaku yo.”
Mbok Parni : “Beres…Sekawan njih ndoro.”
Tia :
“Yo... cepet yo.”
Nina :
“Walah raksah repot repot.”
Rafi :
“Jajane ojo lali lho…”
Nina :
“Heh kowe ki..”
Tia :
“Haha. Rak apa-apa kok. Mengko ben ditukokke karo Mbok Parni.”
Rafi :
“Lhah ngono. Nek ana jajane kan dadi semangat gawe tugase.”
Nina :
“Kowe ki jajan wae.”
Mbok Parni : (teka seko pawon) “niki unjukane kalian jajanipun ndoro.”
Nina, Rafi : “Matur nuwun mbok.”
Mbok Parni : “Iyo. Iki do gawe opo sih?”
Rafi :
“Gawe tugas sekolah mbok.”
Mbok Parni : “Lhah ngono. Aja dolan terus.”
Nina :
“Iyo mbok.”
Mbok Parni : “Yo wis, aku tak
menyang mburi sek yo.”
Nina :
“Iyo mbok.”
...
Rafi :
“Iki tugase kon piye to?”
Nina :
“Koweki malah rak ngerti. Kuwi lho, kon gawe teks drama basa jawa.”
Rafi :
“Wah gampang kuwi. Golek wae ning google akeh si?”
Tia :
“Tapi tugase kan kon gawe, orak kon golek?”
Rafi :
“Halah rak apa-apa, mengko diganti sitik-sitik. Paling Pak Guru yo rak ngerti
kok. Paling yo Pesbukan gurune. Rak ngerti nek dhewe iku nggolek ning
internet.”
Nina :
“Ojo ngono Fi. (nepuk pundake Rafi) Yo wis. Aku tak golek sek seko hp yo.”
Tia :
“Aku tak golek sisan.”
……
Rafi :
“Piye wis nemu durung?”
Nina :
“Kowe ki orak golek malah ngomong wae.”
Rafi :
“Iyo iyo, aku tak goleki sisan.”
Nina :
“Lhah ngono.”
Rafi :
“Lho Ya, kowe kok malah IG an?”
Tia :
“Hehe, nyambi sitik orak apa-apa to.”
Rafi :
“Yo wis lah. Sing penting entuk mengko.”
Nina :
“Nah wis nemu ki aku. Judule ‘Tresna Agung Kagem Esti’.”
Tia :
“Wah koyoke apik kuwi. Piye Ceritane?”
Nina :
“Dadi Agung karo Esti kuwi kanca sak kelas. Saben dina bocah 2 kuwi digasaki,
diece terus karo kanca-kancane. Banjur akhire cah 2 kuwi jadian.”
Rafi :
“Wah apik kuwi. Mengko digantini meneh. Ben rak ngetoki nek golek ning google.”
Nina :
“Yo wis, sing gantini kowe yo?”
Rafi :
“Siap, tak gawane aku.”
Tia :
“Nah nek wis nemu ngene kan ayem.”
Nina :
“Wah wis sore iki. Ayo mulih ndisik fi.”
Rafi :
“Iyo. Ya aku karo Nina bali sek yo.
Tia :
“Iyo, ati-ati.”
********
Bengine, Budi lagi kebingungan golek
jam tanganne.
Budi :
“Aduh, jam ku ning endi yo. Gawat ki nek ilang, jam larang kuwi.Ya...Tia...Kowe
ngerti jamku porak.”(bengok-bengok ngundang adhine sing isih ning kamar)
Tia :
(teka seko kamare) “Goleki apa tho mas? Kok koyok kebingungan.”
Budi :
“Iki lho dek, jamku ilang.”
Tia :
“Jam sing ndi mas?”
Budi :
“Kae lho, jam impor asli Amerika, sing couple an karo pacarku. Jam sing paling
larang dewe kae lho.”
Tia :
“Koyok sampeyan duwe pacar wae mas... mas...”
Budi :
“Wah kowe ki kok ngece meni to.Tapi pancen orak duwe fi.”
Tia :
“Lha iyo fi.”
Budi :
“Wis wis orak sah dibahas. Sing penting jam kuwi ning ndi?”
Tia :
“Lha mbok delehke ngendi mas? Dieling-eling sek.”
Budi :
“Mau isuk ki ning kene... Apa dijupuk kancamu kae? sing mau awan gawe tugas
ning kene, sapa jenenge?”
Tia :
“Rafi mas. Aja nuduh sembarangan ngono ra. Jajal digoleki sekmeneh.”
.....
Nina, Rafi : “Assalamualaikum.”
Tia, Budi : “Waalaikumsalam.”
Budi :
“Lha kae kancamu teka. Mesti meh mbelekkake jamku kae.”
Tia :
“Aja nuduh sek mas.” ( banjur mbukakke lawang)
Nina :
“Eh Ya, iki teks dramane wis diedit karo Rafi. Garek ngeprint ki, aku rak duwe
printer. Kowe duwe fi?”
Rafi :
“Iyo, printerku yo lagi rusak.”
Tia :
“Siip. Ayo do mlebu, diprint ning njero.”
Budi :
“Nah iki bocahe!!! Eh ngaku kowe njupuk
jam imporku ra?”
Rafi :
“Lhoh, sembarangan nek ngarani. Duwe bukti apa kowe?”
Nina :
“Iyo, nek rak duwe bukti ki aja nuduh.”
Budi :
“Halah kuwi kan jam larang, limited edition meneh, mesti pengen duwe kowe.”
Tia :
“Wis mas Bud!! rak sah nuduh nuduh ngono.”
Rafi :
“Wah rak level njupuk jammu. Nek gelem aku tuku sing luwih larang yo iso, jam
koyok ngono wae kok. Paling piro regane?”
Budi :
“Halah garek ngaku wae gampang fi, rak sah kakean alesan ngono.”
Rafi :
“Nek rak percoyo jajal golekano ning kantongku nek ono.”
Budi :
(goleki ning kantonge Rafi) “Paling wis mok pindah ra, apa mbok titipke ning
tase Nina?”
Nina :
“Nyoh gledhano tasku.”
Budi :
(gledhahi tase Nina) “Lho kok orak ono yo.”
Rafi :
“Kandhani kok. Aku ki rak njupuk jam tanganmu Bud.”
Mbok Parni : “Ana apa si kok ribut-ribut?”
Tia :
“Iki lho mbok, Mas Budi kelangan jam tanganne, banjur nuduh Rafi sing jupuk?”
Mbok Parni : “Walah...Koyok mengkono wae ribut. Sing muk maksud jam iki po?”
(karo nguduhake jam tanganne Budi) “Mau awan jam iki gumletak ning jubin. Terus
tak singkirke ben orak ilang.”
Budi :
“Walah mbok… mbok… kok orak ngomong awit mau si?”
Mbok Parni : “Mau sore ki aku meh kandha, tapi akeh gawean dadine lali. Kowe
orak takon aku si.”
Rafi :
“Kae ra. Dudu aku sing njupuk. Isa tak tuntut ning pengadilan kowe, pencemaran
nama baik ki.”
Nina :
“Mulano aja nuduh sembarangan.”
Budi :
“Hehe, iyo, ngapurane yo fi, nin.”
Tia :
“Lhah ngono mas, njaluk ngapura.”
Rafi :
“Iyo iyo, ngesok meneh ki nek rak duwe bukti aja nuduh sembarangan.”
Tia, Nina, : “Wuuuuuuuuuuu………”
Budi :
“Iyo, iyo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar