UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
v Anisa
Ayu Wardani (05)
v Arinda
Reni Eka .R. (12)
v Dani
Nurmalasari (19)
v Diah
Suci Khoiriyah (26)
v Eka
Nira Susanti (33)
Tema : Pendidikan
Judul : UN sek, Kerja, Kuliah apa Rabi ?
Ing sawijining dina,wayah jam kosong
siswi-siswi SMKN 1 Magetan kelas XIIAK1 podo grumbul amarga tugas sing diwenehi
pak guru wes rampung digarap.
Arinda R : “Cah ujian nasionale sido kanggo
penentu kelulusan ye ?”
Kabeh : “Mosok?”
Diah Suci : “Awakmu krungu kabar soko ngendi?”
Arinda R : “Ya Allahh neng grup kilo deloken”
Ana : “Edan yeee”
Devi IW : “Tenan ye? Gek ujian ne kapan?”
Arinda R : “Iki loo jadwale,SMK ujiane tanggal 3
– 6 April 2017”
Gianti : “Hla soale piye? Sido uraian opo
tetep pilihan ganda?”
Arinda R : “Embuh nek iku,aku urung oleh info
kok”
Anisa : “Sekolah kok digawe mumet
,ndang rabi e yo”
Dani : “Rabi..rabi ,rumangsamu rabi
ora gawe ragat ???”
Nisa : “Nyuwun mbokku to”
Diah Suci : “Yuhh
kowe kui lo,sekolah wis diragati larang rabi kok sek nyuwun diragati.Kerjo sek
kono loo”
Arinda R : “Hla
anakmu mbesok kok pakan opo???? Watu????”
Anisa :
“Yawis nek e dipikir keri”
Dimas :
“Wes..wes.. rabine dipikir keri ,UN mang piye sidone?”
Dani :”
Ben jelas telpon pak menteri wae lo,sopo sing duwe nomere mumpung bar utang
pulsa”
Ayu Diah : “Layoo..kene
ndang di saur utange”
Dani :
“Sek to yuu..yuu...”
Ayu Diah : “Sek
nyapo?”
Dani :
“Urung duwe duit iki looo”
Alifi :
“Wes to cah malah mbahas utang, Ujian Nasional e arep model koyo opo wae sing
penting awake dewe sinau”
Nira :
“Cah kabeh bar lulusan ko SMK arep podho neng ndi, kerjo opo kuliah?”
Alifi :
“Nek aku arep kuliah Nir”
Diah Suci : “Aku
yo pengen kuliah”
Arinda R : “Aku
yo pengen kuliah yo pengen kerjo”
Dani :
“Sigaren to awakmu”
Anisa :
“Nek aku pengen kerjo”
Nira :
“Hla nek sing arep kuliah arep njupuk jurusan opo?”
Diah Suci : “Aku
pengen neng STAN, tapi nek PTN e aku pengen neng UB jurusan akuntansi”
Arinda R : “Nek
aku nggolek e cedhak e”
Dani :
“Neng omahku ae cedhak Ren”
Arinda R : “Ngawure..”
Nira :
“Hla sing kerjo arep podho kerjo neng ndi?”
Dani :
“Nek aku arep neng Mojokerto”
Nisa :
“Aku..aku..aku arep neng Malaysia”
Diah Suci : “Hla
Nira arep neng ngendi?”
Nira :
“Aku arep njajal neng Batam sek,nek menowo keberuntunganku eng kono,Aminn”
(Ttteeettt...ttteeettt...ttteettt...Bel wayahe muleh wes
muni)
Ana :
“Hehh cah wes wayahe muleh,tugase ndang di kumpulne kabeh yaa...”
Kabeh :
“Iyo an..”
(Kabeh podo muleh sak wise numpuk tugas)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar