Naskah Drama Bahasa Jawa
“KEBIASAAN ELEK IKU ISO DI UBAH”
Ana ing
sawijining desa ana kekancan kang wus akrab banget, yaiku Linda lan Nafis.
Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah . Sampek kanca-kancane sing liya ora
gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Linda ngampiri Nafis.
Linda : Fis, ayo engko dolan ! (
Nggaplok pundake Nafis)
Nafis : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong
pinter wisan.
Linda : Halah gayamu, gendukm opo ora
kowe ?
Nafis : Dolan nyandi lho ?
Linda : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul
ngono lho...
Nafis : Emm ayo nek ngono. Tapi wegah
aku nek sampek maghrib eneh.
Linda : Hehehe, ora-ora.
Nafis :Gek nggawa duit opo ora ?
Linda : Halah, kuwi dirembug engko ae
Yo wis aku arep mulih.
( Mlaku ngadohi Nafis )
Nafis : Oke-oke.... Engko kowe neng o
omahku.
Linda :Iyo gampang!
Sawise iku Linda
lan Nafis dolan. Linda lan Nafis ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama
B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Novilia lan Melisa
nunggu bocah loro mau. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Linda
lan Nafis.
Melisa : He, enek sing ngerti Linda karo Nafis
?
Novilia : Lha yo nyandi cah loro
kae, mau opo gak krungu di omongi...
Melisa : Opo jajal diparani neng omahe ?
Novilia : Omahe sopo ?
Melisa : Yo omahe Nafis ae sing enek wong
tuwane
Novilia : Nek ora enek piye ?
Gek iki urung latihan blas lho...
Melisa : Halah kuwi masalah keri, sing
penting anggotane wis enek kabeh.
Novilia : Yo wis kowe rono ae,
aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Melisa : Hmmm, yo nekno. Sing apik lho yo
critane ?
Novilia : Oke .....
Banjur Melisa
mara menyang omahe Nafis. Ing kono Melisa ora nemoni sopo-sopo. Akhire Melisa
mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Novilia. Akhire ditunggu
sampek maghrib Linda lan Nafis ora ana ketok.
Novilia : Piye to bocah iki ?
kok ora enek ketok ?
Melisa : Lha yo piye neh, nek tanah ora
gendukm kelompok yo gondukk liyane ae.
Novilia : Nah, setuju aku. Yo
wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoneki.
Melisa : Oke, dirembug sesuk neng
sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Novilia : Eh iyo, ojo lali sesuk
nggawa gitar gae musikalisasi.
Melisa : Gampang, yo uwis ndang
muliho.
Novilia mulih
amarga wis maghrib. Esuke neng sekolahan Novilia lan Melisa rembugan bab drama
B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Nafis lan Linda bocah loro kuwi ngrembug
musik kang bakal digawe.
Melisa : Ayo sakiki nggawe musik kanggo
dramane. Sing tentang lagu daerah wae.
Novilia : Yo angel lho kuwi, lha
kowe opo iso ?
Melisa : Jajal kene aku (njupuk gitar
saka tangane Novilia)
Novilia : Halah kemiso, jajal
piye....
Melisa : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Novilia : Hahaha, kuwi rak yo
tembang dolanane bocah lho...
Melisa : Sing penting lagu daerah lho...
Novilia : Ojo, diganti liyane
ngono lho.
Melisa : Jajal kowe iso opo ora ?
(ngekekne gitar marang Novilia)
Novilia : (Main gitar)
Melisa : Lha kuwi opo ora yo lagu pop....
hahaha
Novilia : Hahaha, lha aku ora
iso lho..
Melisa : Kene nek ngono aku ae.
Novilia : (Ngekekne gitar) Aku
sing nyanyi yo ?
Melisa : (Nyanyi karo Novilia)
Novilia : Haha, apik kuwi... yo
uwis nggae kuwi ae...
Sing
ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Nafis : Heh, bocah-bocah wes podo
latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe piye ?
Novilia &Melisa : Trus gue harus bilang wow gitu ?
wow
Linda : Heladalah, iki tenanan lho...
Melisa : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Linda : Nyapo aku sing kok takoni....
Melisa : Lha wayahe kan kelompok, kowe
yo wis diomongi...
Linda : Kapan nekmu omong ? ( mulai nesu
)
Melisa : Ow, kowe wis pikun yo ?
Bu Guru Puji : He he, enek opo iki ?
Novilia : Niki, Bu. Linda kalih
Nafis dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Bu Guru Puji : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Nafis : Lha mboten disanjangi lo , Bu.
Bu Guru Puji : Iyo to nduk ? Ora kok omongi ?
Novilia : Sampun, Bu. Tapi
mboten dugi.
Bu Guru Puji : Lha kwi kowe ora teko...
Nafis : Mboten disanjangi, Bu.
Bu Guru Puji : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek
kelompokan
Sawise
ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke
iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Melisa : Apik banget gayamu cah, jan
pantes dadi artis.
Novilia : Lho yo jelas lah, sopo
disek...
Melisa : Lin, Fis, nyapo meneng ae ki....
wis berhasil lho
Linda : Aku njaluk sepuro yo, Mel.
Melisa : Halah, ora opo-opo.... Sing
penting iki wis sukses.
Bu Guru Puji : Lha yo ngono, nek gotong royong
bareng kan iso apik hasile .nduk
Linda : Kula nyuwun
pangapunten, Bu. Nika sampun mboten sopan kalihan panjenengan ,Bu.
Nafis : Kula nggih, Bu.
Bu Guru Puji :
Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne nekmu ndugal ki.
Linda lan
Nafis :Enggih Bu.
Bu Guru Puji : Wis saiki nggawea kelompok
sinau wae kanggo persiapan ujian nasional sok April!
Murid- Murid : Nggih ,Bu!
Pas Istirahat cah 4 kui ngrembugake
tugas soko Bu Puji masalah sinau kelompok kanggo persiapan Ujian Nasional sok
April kui.
Melisa :Piye
cah ngko kelompokane neng ndi?
Novilia :La
piye penake? Neng omahe sopo?
Melisa :Neng nggonku yo gelem, piye cah?
Nafis :Nyapo sinau kelompok ke penak
dolan kok ya ,Lin!
Linda :La yo og wong ujiane sek sok April e kok, tur meneh
kene kan wes
pinter dadi ra perlu
sinau kelompok!
Nafis :Yo ojo digawe mumet to sing
santai e!
Melisa : Ojo ngono to cah, awake dewe kudu sregep sinau amarga
wis dadi kewajibane awake dewe dadi murid .
Novilia : Iyo cah, bener sing diomong Melisa. Ayo ndang dirembug
neng ndi panggone sinau kelompok?
Linda : Yowes yowes aku manut wae nek
ngono.
Nafis : Sinau kelompok e neng restorant wae lo cah engko
pisan mangan-mangan ben ra luwe.
Melisa : Neng restoran? La engko yo awake dewe ra iso sinau
malah mongan mangan e no, lha wong neng
restoran ki rame engko malah ra iso konsentrasi to cah.!
Nafis : Yoben to mel pisan seneng-seneng kok, nek sinau ben
ra terlalu serius ben ra mumet.
Novilia : Nek arep seneng-seneng yo dolano kono, ngono kui
jenenge uduk sinau kelompok . Wes ayo neng omahku wae sinau kelompok e ben ra
eyel-eyelan teros. Tenang wae fis engko ben dimasakne ibukku ben ra luwe
Linda : Ayo-ayo aku setuju nek ngono,
ayo fis ojo nesu-nesu e.
Melisa : Lha mbok yo ngono cah. Sepurane
ya fis nek aku marai eyel-eyelan teros.
Nafis : Iyo mel rapopo kok, aku sing
salah.
Melisa : Iyo fis podo-podo, wes engko nek bel muleh sekolah
ayo ndang budal neng omahe novilia.
Novilia : Engko ngetotno aku ko
mburi cah sing ra ngerti omahku
Melisa : Siap........
Bel mulih
wus muni. Banjur cah 4 kui mau neng parkiran jupuk motor.sak wise jukuk motor
cah 4 kui budhal sinau kelompok menyang omah e Novilia bareng bareng sing
diwiwiti Novilia. Amarga linda karo nafis numpake banter melisa karo novila
ketinggalan.
Novilia :Mel mel mandeko sek pye to cah kae nafis karo linda
ninggal awake masane ngerti omahku?
Melisa :mboh Nov paling wes ngerti,wes
ben ayo dang neng omahmu ae
Novila : Yowes neke ayo
Sakwise teko
omahe Novila cah loro kui nunggu Nafis lan Linda ora teko-teko.
Novilia : Cah kae kok urung teko
omahku,moso ra ngerti dalan?
Melisa :Tapi Linda mau ngomong nek wes
ngerti omahmu
Novilia :Pye to cah kae mesti dolan! garai
aku pegel ae
Sakwise sak jam nunggu Linda karo
Nafis lagi teko karo ngguya ngguyu.
Novilia :Woo tanah yo bocah soblem bar ko ngendie awakmu cah 2
dienteni meh sak jam ra teko- teko,
nyangkut neng ndi? Sek dodolan sego ye?
Linda :Tanah yo aku mau ke sek mampir tuku es buah neng
prapatan kae, gek koe tak celuki ra krungu, yowis leh ku ngombe tak terusne!
Nafis :Yowes ojo ngomonge ayo ndang
sinau!
Melisa :Iyo cah wes to ayo ndang sinau.
Sesuke neng sekolahan Bu Puji ketemu
karo Novilia, Navis, Linda lan Melisa.
Bu Guru Puji :Piye wes sinau kelompok urung?
Melisa :Sampun, Bu!
Bu Guru Puji : La Linda karo Nafis melu pora?
Novilia :Melue tapi wes sore
tekane
Bu Guru Puji :Ora lo Lin, Fis awakmu ke nyapo kok koyo ngono wes kelas 3 kari
rong sasi ngkas wis metu, mbok yo tobat.
Linda :Lawong kula wis pinter lo, Bu!
Bu Guru Puji
:Pinter ngapusi kuwi iyo karo ngusili
kancane!
Linda :Mboten lo, Bu!
Bu Guru Puji :Mula saiki awakmu kudu sregep sinau lan ngrubah pikiranmu sing
kurang apik, amarga wong
pinter kui ana sing luwih pinter, ojo sok rumongso bisa nanging bisa a
rumangsa!
Nafis :Inggih,Bu Puji!
Bu Guru : Ojo mung inggah inggih wae tapi ora kepanggih, elingo
wong tuwa mu ngetokne ragat akeh kanggo
nyekolahne koe, supaya ben dadi wong sing sukses ora malah sakarepmu dewe .
Sakwise
diomongi Bu Guru Puji, Linda lan Nafis mulai ngrubah sikape, sregep sinau lan
ora usil maneh marang sopo wae. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat mau oleh
nilai Ujian kang paling apik dhewe. Kerja
keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kang
muasake.
PARIPURNA
NAMA
ANGGOTA KELOMPOK:
1.
LAISTIN
NAFIS (02)
2.
LINDA SARI (09)
3.
MELISA
PUTRI NORA SHIMA (16)
4.
NOVILIA
AGUSTIN (23)
5.
PUJI
LESTARI (30)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar