TRIO BAB
Babagan
I
Isuk
isuk bar TRYOUT andri lan bambang tumbas pentol ing kantin. Ing kono ketemu
Princes sing ayu dewe sak sekolahan.
Andri :
mbang deloken Princes kae mbang!
Bambang :
ndi ndri endi?
Andri :
kae lo mbang gincune abang koyo tante
Bambang :
Oiyoo ndri, uayuune kapan aku ndue pacar ngono kuwi
Andri :
sadar diri mbang weke elek. Haha
Bambang :
aku ke sadar yo ndri aku bagus yoo
Andri :
uhuk.. Uhuk.. (watuk ngece) wong koyo ngono kok bagus. Bagus yo koyo aku iki lo
Bambang
: kowe kuwi bagus, masyallah tangi disek ndri
Andri :
aku tak sing ngalah trimo mundur timbang loro ati (karo nyanyi)
Bambang :
baper baperr
Andri :
opo mbang? Lemper? Kui enak lo
Babagan
II
Pas
lagi guyonan bayu teko ngajak bambang lan Andri mancing sak wise muleh sekolah
Bayu :
oit kanca kancaku
Bambang Andri :
eh kancaku
Bayu : ayo ngko muleh sekolah mancing
Bambang :
mancing terus e senenganmu
Bayu : mancing kuwi enek hikmah e yo, oleh iwak iso di gawe lawuh
Andri : iyoo kuwi nek mancing iwak, jajal nek mancing Princes oleh e
nek loro ati
Bambang :
wes weke sing mbok pikirne Princes e
Andri : koyo sing omong ora e
Bayu :
bar bar barr...... Pokok e ngko mlumpuk
neng omahku titik gak gawe koma
Babagan
III
Kring
kring kringg.... Bel sekolah muni wayahe
muleh. Bambang lan Andri langsung neng omahe bayu bar kuwi mancing ning kali
gandong
Bambang :
ayo cah ndang budal selak iwak e turu
Andri : ayo ayo...bayu mulek e koyo putri solo
Bayu :
sabar bro.. Ayo cuss
Babagan
IV
Sakwise teko, Trio BAB langsung lungguh
ning isor jembatan mancing iwak karo guyonan.
Bambang
: Yu bayuu, kok ora ono iwak yo
Bayu :
emboh mbang, paling iwak e podo mlayu roh awakmu
Bambang :
aku elek ye yu?
Andri :
lha kowe opo lagi sadar ye mbang?
Bayu : Kowe ki ora elek kok mbang,
tapi kowe saitik medeni wong. Makane iwake podo ilang
Bambang
: kurang jeru.. !!
Andri :
hahaha.. Aku kok mambu ra enak yaa
Bambang :
iyoo ki mambu. We rung adus ye bay?
Bayu :
adus len (ngambu kelek e) wangi ki
Andri :
yowes ayo balik e podo adus
Babagan
V
Sak
mulihe saka mancing, ing tengah dalan bambang, Bayu lan Andri ketemu princes
sing lagi mulih tekan pasar.
Princes :
eh, trio BAB, bar mancing piye?
Bambang :
iyo ces, tapi ora oleh iwak
Princes :
la kok iso loh? Biasane oleh akeh nu
Andri :
iwak e wedi eroh bambang yo
Bambang :
bambang maneh, iwak e semaput ngambu bayu yo
Bayu :
bayu wangi len, awakmu nu mbang?
Andri :
hop!!!!!! Mumet ngrungokne we podo padu
Princes :
bayu kesel?
Bayu : iyo nces, ki arep langsung
mantuk!
Bambang : bambang yo kesel nces
Andri : ra takok !
Princes : (princes ngguyu) yo wis ya aku tak
mantuk, wis sore seneni ibuk. Ati – ati ya bay nek mantuk
Bayu : iyo nces awakmu yo ati – ati,
salam kangge ibumu
Babagan
VI
Akhire
princes ninggalne trio BAB, ning kono bayu ngingeti princes terus lan bambang
pegel eruh sifate bayu
Andri : ciee….
Bayu : princes ayu yaa…
Bambang : ojo omong koe seneng princes?
Bayu : iyoo e mbang (bayu ora sadar)
eh ora mbang !!
Bambang : aku arep balik (langsung ngaleh
ninggalke bayu lan andri)
Bayu : bambang ke nyapo?
Andri : kebelet paling
Bayu : iyo paling, yoweslah ayo balek
Babagan
VII
Isuk-
isuk bayu lan andri budal sekolah, tekan sekolahan bambang wis teko menenge
amergo pegel karo bayu
Bayu : mbang?
Bambang : heem
Bayu : koe sehat mbang?
Bambang : heem
Andri : loro untu ye mbang?
Bambang : heem
Andri : di takoni kancane kok ham hem
ham hem
Bambang : ben
Bayu : mbang, aku oleh njaluk tulung
ra?
Bambang : (etok-etok ra krungu)
Bayu : woyy, mbang!!! Njaluk tulung
oleh ra? Garapno PR ku!
Bambang : opo? Garapne? Dudu babumu!
Bayu : awakmu bar mangan opo mbang?
Kok ndengaren sewot karo aku?
Bambang : arep opo, mangan opo, ngombe opo dudu
urusanmu!!
Andri
: hop….hop !!! bendino
tukaran ra kesel piye? Nek eneng masalah ki mbok yo diomongne apik-apik
Bambang : aku ra seneng karo bayu, wonge ngrebut
princes kan aku (langsung ngaleh)
Bayu : aku ngrebut princes? Haha (
korban iklan sampo pantene)
Andri : woy, bambang nesu tenan.
Bayu : maksude bambang ke opo?
Andri
: ketok e bambang nesu goro-goro
awakmu wingi ngomong seneng karo princes bay, bambang kan yo seneng princes.
Bayu : Aku seneng princes? Haha
(korban iklan sampo pantene maneh)
Andri : koncomu nesu, sek sempet ngguyu?
Bayu
: haha aku ke wingi guyon
yo, lagian princes kui adek ku ponakan, mosok to aku seneng princes?
Andri : mosok iyo bay? Adekmu?
Bayu : emange wajahku ketok ngapusi?
Andri : la terus bambang piye?
Bayu : wes, ngkoe tak jelasne neng
wonge
(bayu marani
bambang neng njobo kelas, neng bambang tetepe ora digape)
Bayu : mbang?
Bambang : (etok-etok ora eruh)
Bayu : mbang tak omongi
Bambang : (bambang ngaleh tapi tangane di
gondeli bayu)
Bayu : tak jelasne (so sweet wkwk)
Bambang : (bambang ngeculke tangane bayu terus
langsung ngaleh)
Babagan VIII
Andri
lan princes teko marani bayu, sak durunge kui andri wis cerito neng princes nek
bambang lan bayu enek masalah
Princes : piye bambang, bay? Goro goro aku
awakmu dadi nesuan yaa?
Bayu : halah ogak nces, gur salah
tompo paleng nek eruh asline yo ora nesu
Princes : sabar ya bay
Andri : ngko muleh sekolah tak aku karo
princes wae sing njelasne
Bayu : paling yo ora di gape maneh
Andri : wes to enek aku kanggo koe
Bayu : modelmu (karo ngguyu)
Babagan IX
Kring
kringg.. bel sekolah muni, andri lan princes langsung marani bambang sing ket
mau menenge ora gelem omong. Andri lan princes jelasne kabeh sing sak benere.
Princes : mbang
Bambang : (ora krungu)
Andri : bambang (bengok)
Bambang : aku ora budek
Andri : ngono di celuk ket mau menenge
Princes
: mbang awakmu nesu piye neng
bayu? Tak jelasne mbang ojo salah tompo, aku karo bayu kui ra enek opo-opo. Kae
masku ponakan yo
Bambang : masmu? (bambang kaget)
Andri : iyo mbang, ket mau bayu arep
jelasne tapi awakmu ra nggape
Bambang :
mosok iyo to nces? Kok bedo adoh ya? ( karo ngguyu)
Bayu : (bayu teko) iyo
mbang princes ki adek ku ponakan.
Bambang : oalah bay, ngomongo to
dadi aku ra nesu, haha
Bayu : opo? Awakmu ra
nggape aku nuh
Bambang
: iyo sepurane bay,
aku salah, kudune aku nggatekne awakmu ket winggi, jajal nek aku gatekne awakmu
ora bakal ngene iki
Bayu : iyo mbang gapopo
anggep wae kreto lewat
Princes lan Andri
: wiuwit… jess… jess…. (dolanan sepur sepuran)
Andri :ki loh princes kanggo
koe
Bambang
: haha ora ndri, opo
to kui ke? Lagian awakedewe sek cilik ora oleh pacaran, mending koncoan wae kui luwih apik
gek yo luwih seru, ngerti artine bebarengan. Urip dewe kui ora penak!!
Andri : ngono jane yo sadar
Bayu lan princes
: wes, ayoo ayoon. . . . wiuwit .. jess… jess .. wiuwi… jess… jess…
Sakwise
kedadean kkui bocah 4 kui nyang ndi ndi bareng lan ngerti yen kekancan kui
luwih penting timbang mikirne masalah percintaan amergo masalah cinta iso
bubrahne kekancan.
MATURSUWUN
J
Anggota
kelompok XII APK 1 :
1.
Ani safitri (08)
2.
Aprilia Putri N (16)
3.
Deny Ardella (24)
4.
Dwi Nur Anisa (32)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar