Kamis, 16 Februari 2017

Kandhane SIMBOK

Drama Basa Jawa
XII APK 1
Nama Kelompok :
1. Afifah Nur Safitri     (02)
2. Andri Arianto W      (07)
3. Aula Rohmawati      (18)
4. Devie Listianingtias (26)


Kandhane Simbok

Ing sawijining desa ing tanah Jawa, urip bocah jenenge Mungkidi lan adike Sri Ratu. Mungkidi lan Sri Ratu urip karo simboke ning Magetan.

Sawijining dina, Mungkidi lan Sri Ratu arep dolan menyang omahe wong tuwone sing kerjo adoh saka omahe mbok'e yaiku Surabaya.

Mbok'e : "Le..nduk..jajal reneo"
Mungkidi : " Ana apa mbok?"
Sri Ratu : "Iyo mbok..ana apa mbok, iki lagi arep beres-beres klambi lo mbok"
Mbok'e : "Iyo le..nduk, ngene lo..kowe cah 2 lak arep menyang omahe bapak ibu mu. Iki mbok'e enek sangu gawe kowe mengko neng dalan"
Mungkidi : "Iki wis ana duwit saka tabungan ku mbok"
Sri Ratu : "Iyo mbok..duwite gawe mbok'e wae"
Mbok'e : "Wis di simpen was duwite gawe tabungan sekolah. Iki duwite digawa, pisan mbok'e wis gawe panganan mangko di pangan bareng yo..nek wis teko Jombang"
Sri Ratu : "Matur suwun nggeh mbok..Sri sayang mbok'e"
Mungkidi : "Mbok..mbok..iki wis jam 11, bis budhal jam 12 awan. Aku tak beres-beres sek mbok"
Mbok'e : "Iyo le..ojo lali karo sing digawa ojo sampe keri neng bis, ojo lali diteliti loo?!"
Mungkidi : "Siap mbokk"

Banjur Mungkidi lan Sri Ratu pamitan karo mbok'e

Mungkidi : "Mbok aku pamit dhisik yo mbok"
Sri Ratu : "Simbok ati-ati neng omah"
Mbok'e : "Iyo le..nduk.. Mbok'e mung iso kirim dongo supaya budhal mulih slamet"
Mungkidu lan Sri Ratu : "Aminnn"

Sak wise pamitan, Simbok, Mungkidi, lan Sri Ratu budhal menyang terminal. Mungkidi lan Sri Ratu numpak bis jurusan Madiun-Surabaya.

Kernet bis : "Surabaya...Surabaya"
Mbok'e : "Pak tulung nggeh mangke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandhani"
Kernet : " Nggeh, Bu..Tariiikkkkkk"

************************************************

Ing perjalanan suwe, ing terminal Ringinanom Nganjuk Mungkidi takon kernet bis.

Mungkidi : "Wis cedak Jombang durung Lik?"
Kernet : "Durung le..jek suwe"

Ora let suwi teko terminal arah Jombang, Mungkidi takon maneh.

Mungkidi : "Wis tekan Jombang Lik??"
Kernet : "Durung le..jek uuuadohhhh"

Mungkidi lan Sri Ratu suwe-suwe bosen nunggu lan akhire keturon. Bis terus mlaku arah Surabaya. Ora kroso bis wis nglewati Jombang. Kernet lali pesene mbok'e, bareng kelingan kernet langsung omong supir bis.

Kernet : "Duhh kang..aku doso marang bocah-bocah iki (karo nudingi bocah 2 iku) mau aku dipeseni mbok'e yen tekan Jombang bocahe kandhanono!"
Sopir : "Wahh lha piye kowe kuwi..Jombang wis klewat adoh (sopire bingung)

Tujukno sopire apikan gelem mbalik menyang Jombang. Sak wise jalok persetujuan penumpang liyo, mergo mesakake Mungkidi lan Sri.

Sak wise teko Jombang Mungkidi di gugah.

Kernet : "Le..nduk tangi wis teko Jombanh iki!! (karo nggoyang-goyang awake Mungkidi lan Sri)
Mungkidi : "Wis tekan Jombang Lik?? (Karo grusa-grusu mbukak kantong ngetokake sangune, sego sambel lawuhe iwak asin)"
Kernet : "Arep mudhun kene le???"
Sri Ratu : "Ora Lik, wong aku arep menyang Surabaya delengen tikete!"
Mungkidi : "Mau simbok ku pesen, sangune mengko di pangan nek wis tekan Jombang wae (Mungkidi karo muluk sego)"
Kernet lan sopire : "Woo....Weedhussss Jaran tenan bocah iki...!!! Tiwas mbalikkk!!!!!"

Akhire Mungkidi lan Sri diterke maneh menyang Surabaya neng tujuane.

*TAMAT*


Tidak ada komentar:

Posting Komentar